SOLOPOS.COM - Imam Sutardjo Dhalang lan Dhosen Sastra Jawa Fakultas Sastra lan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret. (FOTO/Istimewa)

Imam Sutardjo
Dhalang lan Dhosen Sastra Jawa
Fakultas Sastra lan Seni Rupa
Universitas Sebelas Maret. (FOTO/Istimewa)

Ki Ageng Suryomentaram menika tedhak turunipun Sri Sultan Hamengku Buwono VII kalihan BRA Retnomandoyo (Suwardi, 2003).

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Sanajan panjenenganipun taksih trahing kusuma dharahing nata, ananging rikala sugengipun prasaja sanget saha dhemen nindakaken tirakat mistik kejawen, miwah tansah angudi kasampurnaning dumadi inggih sampurnaning agesang.

Panjenenganipun kagungan kapitadosan saha gegebengan bilih gesang wonten ngalam donya menika sampun ngantos nguja dhumateng gebyaring kadonyan.

Gesang boten namung suka- sukaning manah jalaran watak ingkang remen sesukan menika saged nyuda (ngirangi) prayitnaning batos.

Menawi gesang namung nguja suka-sukaning manah  wusananipun gesangipun kirang ing pangatos-atos, asring manggih sengsara, ngangsa-angsa nelangsa.

Drajat, pangkat lan semat menika menggahipun Suryomentaram dados panggodhanipun tiyang gesang. Limrahipun tiyang gesang ingkang tansah kagubel lan mburu sugihipun kadonyan menika gesangipun ngaya, ngangsa, nggege mangsa boten wonten raos panarima; manahipun boten saged sumeleh namung tansah goreh.

Pramila kangge ngendhaleni nepsu kadonyan menika, panjenenganipun remen martapa, ngirangi dhahar, ngunjuk lan sare; ing pamrih penggalihipun tansah saged emut lan celak kalihan Pangeran, saha gesangipun saged sampurna.

Salebetipun dhemen tirakat, ngibadah, menika Ki Ageng Suryomentaram saged nampi wisiking Gusti ingkang kawastanan ”ngelmu utawi kawruh begja”.

Tiyang menika saged manggihaken kabagyan menawi tiyang menika saged manggihaken kapribadenipun (jati dhirinipun) piyambak; inggih menika tansah angasah lan memasuh batos utawi raosipun.

Salebetipun batos, patrap saha pangucap tansah mbudidaya sageda memayu hayuning raga, sesama saha bawana. Sedaya patrap, tindak-tandukipun dipunudi supados gesangipun saged njumbuhaken kabetahanipun jiwa lan raga, dene srananipun nindakaken ”sabutuhe, saprelune, sacukupe, sakepenake lan sabenere”.

Pramila wohipun tiyang menika anggenipun gesang wonten ngalam donya saged prasaja, boten ngaya, boten nggege mangsa, lan tansah sumarah dhumateng kodratipun Gusti Kang Mahamirah; sesampunipun mbudidaya kumrembyah nyuwun barokahipun Allah.

Piwulang kasampurnaning agesang miturut Suryomentaram inggih menika: gesang kedah tansah kersa reresik dhiri (batos) saking panggodhanipun kramadangsa (ego, jiwa) kanthi sarana mawas dhiri, tirakat, tansah ngibadah utawi  semedi.

Manungsa menawi sampun saged ngendhaleni kramadangsa (ego, aku) lan nepsu-nepsu ingkang wonten dhirinipun piyambak, badhe manggihaken kabegjan utawi “ngelmu/ kawruh begja”.

Manungsa ingkang manggihaken kawruh kabegjan inggih menika manungsa ingkang saged murba wasesa nepsu-nepsunipun ingkang awon lan angkara murka, lan penggalihipun sampun saged mulur mungkret, mawas dhiri, narima ing pandum, saha tansah tabah lan sumarah wonten ngarsanipun Pangeran.

Tiyang gesang wonten ing alam padhang menika kedah “bisa rumangsa hangrumangsani” , bilih manungsa menika wonten ingkang nitahaken lan mranata gesangipun. Pramila sedaya lelampahan ingkang kasandhang saged katampi kanthi rila legawa, kanthi jembaring manah.

Penggalih dipunandhap inggilaken lan dipuntimbang-timbang kanthi wening. Tiyang gesang bebasan mung mampir ngombe, cakra manggilingan lan wong urip kaya rodha.

Menawi pinuju wonten nginggil, pinuju mulya lan kuwasa, boten kumingsun lan kumawasa. Sedaya katampi samadya, kanthi tansah eling lan waspada saha prasaja, tundhonipun penggalih tansah bagya mulya.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya