SOLOPOS.COM - Pejabat Fungsional Teknik Tata Bangunan dan Perumahan Ahli Muda pada DPU PR Karanganyar, Farid Achmadi,

Farid Achmadi, Sutresna budaya Jawa, pegawe Pamarentah Kabupaten Karanganyar

Tumrapipun tiyang Islam, tumekaning wulan Ramadan minangka sarana kagem nyuceni lair lan batin supados langkung nyelak dhumateng Gusti Ingkang Maha Kawasa. Kajawi punika, wulan siyam ugi nggadhahi pangertosan mujudaken manungsa ingkang takwa.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Menawi estu-estu dipun tindakaken, siyam ing wulan Ramadan kathah sanget munpangat ingkang saged dipun raosaken. Ing antawisipun, sasi Ramadan punika kebak rahmat lan berkah, dipun pangapunten sedaya dosa lan kalepatan manungsa, dipun tikelaken ganjaran dhumateng sok sintena ingkang ngibadah ing sasi punika, lan minangka wulan mandhapipun Kitab Suci Alquran ingkang sepisanan. Wondene ing pungkasaning wulan Ramadan, dipun pitadosi tumurunipun malem lailatulkadar, inggih punika malem kamulyan ingkang langkung mulya (sae) tinimbang ngibadah sewu wulan.

Menawi dipun tingali saking sujarah, ngrembakaning Islam ing Tanah Jawi temtu mboten saged nilar jejeripun para Walisanga ingkang sampun paring piwucal lan seserapan kados pundi kabudayan Hindu Jawi nalika semanten saged dipun akulturasi kaliyan ajaran Islam. Para Wali ngginakaken cara-cara ingkang gampil dipun tampi kaliyan masarakat jaman semanten. Selajengipun, kaliyan Sultan Agung Prabu Hanyakrakusuma ingkang jumeneng nata ing Kraton Mataram (1613-1645), cara-cara kalawau langkung dipun lestantunaken kagem nggiyaraken agami Islam. Salah setunggalipun inggih punika wontenipun hajaddalem Malem Selikuran.

Tradhisi Malem Selikuran dipun wontenaken kanthi tujuan ngemutaken dhumateng tiyang Islam bilih wonten ing pungkasaning wulan Pasa punika sejatosipun ngandhut kesaenan ingkang langkung ageng lan utami. Salah setunggalipun inggih punika tumurunipun malem lailatul kadar, ingkang dipun pitadosi  mandhap wonten ing malem-malem ganjil pungkasan wulan Ramadan. Pramila awit saking punika, para ulama ngemutkaken supados wonten ing wekdal-wekdal punika dipun ginakaken kagem ngathaken ngibadah dhumateng Gusti Allah. Sampun ngatos kosok wangsulipun, samsaya loyo utawi lemes, punapa malih dipun ginakaken kagem perkawis-perkawis ingkang muspra.

Upacara tradhisi Malem Selikuran, mligi ing Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat, dipun wontenaken kanthi kirab ing wayah dalu saking Kraton dumugi Taman Sriwedari. Taman Sriwedari nalika jaman Sri Susuhunan Paku Buwono X minangka setunggaling papan kagem enggar-enggar penggalih warga Kitha Solo lan sakiwa tengenipun. Salebeting kirab, para ulama dalem ngasta lampu-lampu ting minangka lambang cahyaning gesang, saha maos salawat lan hangaturaken donga puja-puji dhumateng Gusti Allah SWT.

Sedaya kalawau namung caos pralambang utawi simbol, supados manungsa sampun ngantos nglirwakaken wulan Ramadan ingkang sampun meh telas punika. Manungsa sejatosipun mboten mangertos wekdal tumurinipun malem lailatulkadar, amargi perkawis punika minangka rahasianipun Gusti Allah. Sedaya temtu ngajeng-ngajeng pikantuk malem kamulyan, nanging bab punika kedah temen-temen dipun budidaya lan mboten saged dipun cegat sakarepipun piyambak.

Pramila, paripurnaning wulan Ramadan punika sumangga dipun regengaken kagem ngathahaken ngibadah, ngaos Kitab Suci, punapa dene nindakaken amal kesaenan sanesipun. Nadyan awrat lan kathah godhanipun, nanging menawi dipun landhesi niat ingkang ikhlas, sedaya punika saged dipun gayuh.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya