SOLOPOS.COM - Ichwan Prasetyo Juruwarta SOLOPOS. (FOTO/Istimewa)

Ichwan Prasetyo
Juruwarta SOLOPOS. (FOTO/Istimewa)

Owah-owahan jaman kang kawengku ing majune teknologi informasi lan komunikasi wusana ngrembakakake budaya audio-visual (ngrungokake lan mindeng) kang mrasuk ing madyaning bebrayan tanpa ana sing cewet, kalebu donyane bocah-bocah.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Ing jaman saiki, maneka rupa dolanan, dongeng, lan panglipur sing katumrapake bocah-bocah sing wujude kawengku dening teknologi informasi lan komunikasi, mligine jagad televisi lan Internet, sejatine memper kalawan dolanan lan dongeng asumber kabudayan lokal, ya kabudayan Jawa.

Sing mbedakake mung kepriye kabeh kuwi mau ditampa dening bebrayan agung—mligine bocah-bocah—jaman saiki. Dolanan lan dongeng tradhisional cetha sansaya kasingkur. Saiki dongeng-dongeng tradhisional sing kababar kanthi cara ”ndongeng” (lisan) mung bisa ditemoni ing adicara mligi.

Sansaya sithik wongtuwa jaman saiki kang bisa ndongeng kanggo putra-putrine. Dongeng jaman saiki ora liye ya film animasi utawa film kartun sing digiyarake ing televisi utawa kasimpen ing VCD lan game sing kapacak ing Internet.

Game Angry Bird luwih narik kawigaten tinimbang dolanan soyang-soyang utawa cublak-cublak suweng. Film animasi Shaun The Sheep luwih narik kawigaten tinimbang dongeng kancil nulungi kebo sing dipake baya. Film Alvin and The Chipmunk luwih narik kawigaten tinimbang dongeng Timun Mas.

Yagene bisa mangkono? Jalaran dongeng-dongeng utawa game saka mancanegara kuwi karacik kanthi sarana teknologi informasi lan komunikasi. Dene dongeng-dongeng tradhisional nganti titi wanci iki racake isih wates wujud dongeng lisan lan saperangan tinulis ing buku. Emane, budaya maca lan nulis ing bebrayan agung Jawa—lan bangsa Indonesia—jaman saiki kapetung mrihatinake.

Kamangka, miturut para nimpuna psikologi bocah, dongeng (ndongeng) apik banget kanggo nyengkuyung ngrembakake jiwa lan kapribaden bocah. Emane, ing tiwi wanci pungkasan iki ”ndongeng” racake mung dadi adicara mligi, kepara malah mung dadi “upacara” ing pengetan Hari Anak Nasional.

Miturut nimpuna psikologo bocah, ndongeng kathi cara lisan kuwi apik banget kanggo ngraketake sesambungan batin antarane wongtuwa lan putra-putrine, ndongeng uga mbiyanti ngrembakakake psikologi lan emosine bocah, ndongeng uga ngrembakake daya imajinasi, dongeng uga mbiyantu bocah dari trampil nggunakake basa (dongeng abasa Jawa ateges mbiyantu bocah trampil micara abasa Jawa).

Saliyane kuwi, dongeng uga nuwuhake krenteg maca, dongeng bisa kanggo ndhedher budaya maca. Budaya maca iki bisa dipancing kanthi dongeng lisan sing ringkes kang wusana nuwuhake krentege bocah kanggo mangerteni dongeng kuwi kanthi cara maca. 

Lumantar dongeng, bocah-bocah umur 3-7 taun uga digegulang mangerteni kahanan sosial ing sakiwa tengen. Kanthi dongeng, bocah-bocah ajar ngolah rasa kang wusana ngrembakakake sipat welas asih, ngregani liyan, mong kinemong lan rasa-rumangsa menawa wong urip kuwi tansah mbutuhake wong liya.

Sing dadi perkara ing jaman saiki yaiku ndayakake kaskaya dongeng tradhisional kang ngandhut maneka piwulang becik kuwi murih jumbuh lan nut jaman kelakone.  Ndayakake dongeng ing jagad animasi bisa dadi sarana kanggo nyalarasake dongeng tradhisional kalawan kahanan jaman.

Sing baku, wongtuwa kudu tansah ing cedhake putra-putrine nalika padha mindeng dongeng sing wujdu film animasi kuwi. Dongeng ing film animasi—kang bisa luwih narik kawigatene bocah—aja nganti ngilangi perangan baku ”ndongeng”, yaiku ngraketake sesambungan batin antarane wongtuwa lan putra-putrine.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya