SOLOPOS.COM - MAHENDRA ANDHARAN (FOTO/Dok)

Ranggawarsita kuwi pujangga sing wani nulis karya sastra kang ngamot

MAHENDRA ANDHARAN (FOTO/Dok)

Promosi Keturunan atau Lokal, Mereka Pembela Garuda di Dada

panyaruwe tumrap panguwasa. Pujangga iki uga wani nulis prakara-prakara kang dianggep sinengker. Ranggawarsita lumantar karya sastrane kasil mbukak mripate wong cilik lamun ing samburine kelir ada bab kang wingit. Apa kang ditindakake Ranggawarsita lumantar karya-karya sastrane kadidene kasil minterake bebrayan agung.

Mangkono panemune Nindya Noegraha, nimpuna kabudayan, basa lan sastra Jawa saka Perpustakaan Nasional Republik Indonesia (PNRI) nalika ngudhar gagasan ngrembug kridhane Ranggawarsita lan perbawa karyane tumrap bangsa Indonesia ing Loji Gandrung, Solo, Kemis (1/3).

Ekspedisi Mudik 2024

”Karya sastrane Ranggawarsita ora kalis saka panyaruwe. Kepara ora sethithik sing nganggep lamun karyane pujangga Jawa iki ora ana pangajine. Ana sing nganggep lamun karya sastrane kuwi ora asli. Miturutku panganggep mangkene iki genah kleru, kuwi mung wong sing golek-golek, pengin kondhang,” pratelane Nindya.

Gegayutan krenteg saka saperangan warga bebrayan agung Jawa, lan uga bebrayan agung bangsa Indonesia, sing adreng pengin ngleluri karyane Ranggawarsita, miturut Nindya, aja mung kandheg ing upaya ngleluri buku-bukune. Sing luwih wigati yakuwi ndhudhah piwulang kang kakandhut ing kabeh karyane Ranggawarsita.

Kupiya iki wigati murih piwulang warisan Ranggawarsita bisa dimangerteni dening generasi mudha Jawa, lan generasi mudha bangsa Indonesia. Upaya ngleluri iki ora kudu ing basa Jawa lan aksara Jawa, nanging kepara kudu enggal didhudhah lan dibiwarakake marang bebrayan agung bangsa iki lumantar basa sing gampang dimangerteni.

”Jumbuh majuning jaman, upaya ngleluri piwulang warisan Ranggawarsita bisa ing wujud drama adhedhasar karya sastrane pujangga iki, film sing nyritakake riwayate pujangga iki, lan wujud liyane sing anjoge murih awake dhewe aja nganti kelangan lacak bab sapa kuwi Ranggawarsita. Awake dhewe bakal kisinan lamun yang tembe mburi Ranggawarsita didhaku duweke bangsa liya,” Nindya nandhesake panemune.

Nimpuna sejarah saka Jurusan Sejarah Fakultas Sastra dan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret (FSSR UNS), Soedarmono, ing kalodhangan kang padha, nelakake lamun ing titi wanci iki sansaya akeh generasi mudha, budayawan lan sejarawan sing adreng ndhudhah sujarah, jati dhiri lan karya-karyane Ranggawarsita.

Soedarmono mesthekake ing dina tembe mburi bakal akeh wong sing nggatekake karya sastrane Ranggawarsita. Sakorane ana 23 karya sastra Jawa kang kawentar ing jamane lan atusan karya intelektual-e Ranggawarsita sing disumbangake marang CF Winter. Emane, nganti titi wanci iki durung ana panaliten kang kasil miyak sesambungan raket antarane Ranggawarsita lan Winter.

Karya sastra Jawa riptane Ronggawarsita sing kawentar ing jamane lan nganti titi wanci iki isih ditepungi, miturut Soedarmono, yakuwi Bambang Dwihastha, Bausastra Kawi, Sejarah Pandhawa lan Kurawa, Serat Darma, Serat Aji Pamasa, Serat Candrarini, Serat  Cemporet, Serat Jaka Lodhang, Serat Jayengbaya, Serat Kalatidha, Serat Panitisastra, Serat Panji Jayeng Tilam, Serat Paramasastra lan Serat Paramayoga.

Saliyane kuwi, Serat Pawarsakan, Serat Pustaka Raja, Serat Suluk Saloka Jiwa, Serat Wedaraga, Serat Witaradya, Serat Sri Kresna Barata, Serat Wirid Hidayat Jati, Serat Wirid Ma’lumat Jati lan Serat Sabda Jati.

Samubarang prakara kang dumadi jalaran ramalane Ranggawarsita, miturut Soedarmono, nuwuhake pradondi ing titi wanci iki, kayadene para panulis sing padha padu rebut bener ing ariwarti utawa kalawarti jalaran nyaruwe Ranggawarsita kang anjoge ora liya mung golek-golek, ya golek jeneng lan pengin kawentar. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya