SOLOPOS.COM - Wikipedia (FOTO/Dok)

FOTO/Dok

Cara apik dhewe kanggo ngluhurake pujangga yakuwi kanthi cara ngeling-eling kabeh piwulang warisane pujangga kuwi. Karya Sinema Nusantara (KSN), bebadan sing dipandhegani dening Paundrakarna Jiwa Suryonagoro, sedya ngluhurake Pujangga Ranggawarsita kanthi cara gawe film kang nyritakake riwayat pujangga Jawa pungkasan kuwi.

Promosi Sejarah KA: Dibangun Belanda, Dibongkar Jepang, Nyaman di Era Ignasius Jonan

Mangkono pratelane Paundra ing acara Seminar Nasional Pengaruh Karya Sastra RNg Ronggawarsita Terhadap Ipoleksosbud, Kemis (1/3), mapan ing Loji Gandrung, Solo. Seminar kuwi diadani dening Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) Universitas Sebelas Maret tembayatan karo KSN lan Pemerintah Kota (Pemkot) Solo.

Miturut Paundra, Ranggawarsita ninggalake piwulang luhur kang pantes diarani ngluwihi jaman. Apa yang diandharake ing karya-karya sastrane ngamot sakehing piwulang gegayutan tatanan urip, panyaruwe tumrap tatanan urip, panjangka utawa ramalan lan babagan spiritual utawa kajiwan.

”Ngluhurake pujangga kuwi ora liya ngeling-eling kabeh piwulang yang katulis dening pujangga kuwi. Film dadi sarana kang wigati banget kanggo nepungake generasi mudha Jawa jaman saiki marang pujangga kawentar Ranggawarsita,” piterange Paundra.

Miturut Pangarsa Jurusan Sastra Daerah FSSR UNS, Supardjo, akeh piwulang tinggalane Ranggawarsita jumbuh kanggo merdeni dan ngawekani samubarang ing urip lang panguripan ing titi wanci iki. Titi wanci kang dening saperangan warga bangsa Indonesia katelah jaman edan.

Ranggawarsita minangka jejering pujangga, marisake karya kang pangaji banget tumrap bangsa Indonesia, mligine tumrap bebrayan agung Jawa. Minangka pujangga, Ranggawarsita ngripta 60 buku kang wujud dongeng, crita, lakon wayang, babad, sarasilah, sastra wulang, basa, kasusilan, adat, kebatinan, ngelmu kasampurnan, filsafat, tasawuf, primbon lan panjangka utawa ramalan.

”Wus sakmesthine Ranggawarsita sinebut pujangga,” pratelane Supardjo. Pujangga kuwi bisa katitik saka kawasisan ngripta karya sastra, turunan pujangga, nimpuna basa Kawi, nimpuna tetembangan lan kasil ngripta Mardawalagu, awig ing babagan nulis, nguwasani kawruh lair lan batin lan kasil nggayuh drajat waskitha, kabeh pocapane bener lan ora rangu-rangu.

Wikipedia (FOTO/Dok)

Ngluhurake Ranggawarsita ing jaman edan iki, kanthi cara ngeling-eling, ndhudhah lan ndayakake piwulange, miturut Supardjo bisa dari sarana kanggo ndandani bangsa Indonesia sing rusak jalaran korupsi kang sansaya ngrembyah.

Miturut Anung Tedjowirawan, dwijawara ing Jurusan Sastra Nusantara Fakultas Ilmu Budaya Universitas Gadjah Mada, nalika medhar andharan ing seminar kuwi, nalika ngresmekake reca RNg Ranggawarsita, 11 November 1953, ing Kutha Solo, Presiden Soekarno nelakake lamun Ranggawarsita nglenggahi papan yang luhur ing madyaning bebrayan agung bangsa Indonesia, mligine suku Jawa.

Laku ngrebut kamardikan Indonesia kaperbawan piwulang warisan Ranggawarsita. Nalika kuwi, miturut Bung Karno, bangsa Indonesia tansah kaperbawan pitutur lan piwulange Ranggawarsita saengga duwe daya kang prasasat ora ana watese nglawan penjajah Walanda. Ing jaman saiki, sing kaprah sinebut jaman edan, miturut Anung, piwulang warisan Ranggawarsita kudu didhudhah, dirembug, dibiwarakake lan dionceki murih bisa dadi gegebengan kanggo ngawekani reridhu kang ndadekake bangsa Indonesia sansaya rusak.

Direktur Pascasarjana Sekolah Tinggi Ilmu Pariwisata (Stiepari) Semarang kang uga dwijawara ing Universitas Kristen Satya Wacana Salatiga, Soetomo WE, ing kalodhangan kuwi nelakake lamun kahanan jaman edan iki ndadekake warga bangsa Indonesia ngadhepi pilihan: arep ngedan utawa ora.

Kahanan ing titi wanci iki memper kahanan ing jaman Ranggawarsita isih sugeng. Warga bangsa iki rumangsa kuciwa nanging ora bisa tumindak apa-apa. Kabeh kang rumangsa gela ndulu kahanan bangsa iki ora bisa tumindak jalaran ora wenang, ora kuwasa.

Iki memper apa kang dirasakake Ranggawarsita saengga pujangga iki milih ngalih, lunga, jalaran ora wenang, nanging Ranggawarsita kukuh ngugemi sikep ora sarujuk marang apa kang ditindakake panguwasa sing ngrugekake rakyat. Kanthi ngluhurake Ranggawarsita muga-muga generasi mudha bangsa iki antuk cekelan lan gegebengan kanggo ndandani bangsa Indonesia.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya