SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Solopos.com, SOLO -- Nuruti hawa napsu pancen ora ana enteke. Yen ngrembug kuwasa lan kalungguhan, manungsa bisa nglakoni apa wae. Bisa ngapusi nganti paten-patenan. Sri Wintala Achmad ing buku asesirah Kronik Perang Saudara dalam Sejarah Kerajaan di Jawa mbabar perang ing krajan Tanah Jawa wiwit jaman Singasari nganti jaman Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat ing jaman Sunan Paku Buwono III.

Buku kuwi ngandharake perang ing krajan Tanah Jawa ana gandheng cenenge karo rebutan kuwasa. Ana Perang Bubat, Perang Paregreg, Perang Sudarma-Wisuta, lan Perang Suksesi Jawa I-III sing ditutup kanthi Prjanjen Salatiga. Wintala ngandharake Jayakatwang mbrontak ing Singasari engga pecah pecah amarga Adipati Sumenep Aria Wiraraja pengin nguwasani Singasari.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Nalika perang, Raja Singasari Kertanagara seda. Krajan Singasari runtuh amarga dipindhah dening Jayakatwang menyang Dhaha, Kediri. Sawise dadi raja, Jayakatwang genti dijegal dening anak mantune Kertanagara sing ora trima bapake dipateni. Anak mantu Kertanagara kuwi jenenge Dyah Wijaya utawa Raden Wijaya.

Raden Wijaya banjur ngedegake kraton anyar, yaiku Majapahit. Perang dumadi nalika jaman Majapahit disambung nganti krajan generasi sabanjure. Sri Wintala ngandharake sujarah bab krajan Jawa iku minangka bukti politik praktis wis dumadi wiwit jaman biyen.

Wong sing nuruti hawa napsu bakal nggunakake cara apa wae supaya pepenginane keturutan, mangkono uga hawa napsu mburu kuwasa. Carane yen ora bisa nganggo akal, ya nganggo okol. Ing jaman saiki, politik dadi gaman mateni mungsuh. Kamangka kudune politik kuwi dadi cara kanggo nylametake kamanungsan.

Bukti sujarah perang lan paten-patenan ing antarane sedulur dhewe  kuwi direkam ing maneka rupa naskah, serat, candhi-candhi, prasasti, lan liya-liyane. Dhek 1975, sastrawan lan dramawan kondhang klairan Solo, W.S Rendra, nliti bab kuwasa lan raja-raja ing Tanah Jawa.

Panaliten kuwi kanggo nganggit naskah teater. Kawitane nalika Rendra maca geguritan ing Sasana Mulya Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Asistene Rendra nalika kuwi kang sabanjure dari bojone, Ken Zuraida, sing nampa jejibahan ngawiti riset lan panaliten.

”Nalika kuwi Rendra kandha kudu nulis naskah [teater] sing adhedhasar sujarah kuwasa ing Tanah Jawa. Aku dikongkon nglumpukake bahan-bahan saka naskah-naskah, layang-layang prajanjen jaman krajan, nganti pawarta ing koran-koran,” kandhane ing Teater Besar Institut Seni Indonesia (ISI) Solo sawetara wektu kapungkur.

Rendra uga rembugan karo para winasis lan sarjana saka kampus-kampus sing kawentar, kayata Universitas Gadjah Mada (UGM), Universitas Indonesia (UI), Universitas Airlangga (Unair), lan para profesor emeritus.

Wong-wong urun rembub baba sujarah krajan Jawa sing kababar ing candhi-candhi iang Jawa lan Sumatra. Jan-jane akeh bab sing bisa dibabar saka sujarah kwuasa jaman krajan Jawa kuwi. Rendra milih bab politik lan kuwasa. Bisa wae nalika kuwi Rendra  pengin nyaruwe kuwasane Presiden Soeharto ing jaman Orde Baru kuwi.

Ing jaman Orde Baru perang lan paten-patenane pancen ora katon kaya nalika jaman krajan, nanging yen didhudhah kanthi cara liya asline ya padha wae sing dumadi, yaiku rebut kuwasa lan rebut krenah nglanggengke kuwasa.

Naskah anggitane Rendra kuwi kanthi irah-irahane Panembahan Reso. Naskah sing isine drama tetembungan kuwi yen dibabar ing panggung bisa luwih saka nenem jam. Nalika kuwi Rendra lan kanca-kancane ing Bengkel Teater butuh wektu rong taun kanggo ngurus idi palilah pentas. Bengkel Teater kasil mbabar Panembahan Reso dhek 26 lan 27 Agustus 1986. Yang mung pisan kuwi. Panembahan Reso durung tau dibabar maneh.

 

Ngrusak Kamanungsan

Ing 2019, kanggo mengeti 10 tahun Rendra bali ing ngayunaning Pangeran,  para seniman Solo, Jogja, lan Jakarta nglumpuk lan duwe sedya tunggal, mbabar maaneh lakon teater Panembahan Reso karyane Rendra.

Sutradharane seniman teater ing Kutha Solo, Hanindawan. Gladhen pentas Panembahan Reso kawiwitan sawetara wulan kapungkur mapan ing Wisma Seni Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT). Bubar kuwi, pentas teater Panembahan Reso bakal mapan ing Ciputra Artpreneur, Ciputra World, Jakarta Selatan.

Nalika mbabar gladhen ing Teater Besar ISI Solo, para juruwarta antuk kalodhangan mirunggan ndeleng gladhen pungkasan Panembahan Reso kuwi.

Pentase pancen apik tenan. Kabeh sing nonton anteng kamangka pentase udakara telung jam. Ing adegan pungkasan, kabeh sing nonton keplok ambata rubuh. Beda karo pentas dhek 1986, Panembahan Reso dhek Minggu wengi kuwi luwih ringkes. Ana kolaborasi teater, tari, lan musik sing ndadekake penonton ora jeleh.

Kandhutan crita Panembahan Reso pancen mligi temen-temen. Lakon teater Panembahan Reso kuwi nggambarke adu krenah muwih bisa nglenggahi dhampar keprabon, jumeneng nata. Kabeh dikorbanke, paten-patenan ing antarane sedulur, nganti selingkuh karo juragane murih bisa mujudake pepenginan ngrengkuh kuwasa.

Panji Rekso diparagni dening seniman teater saka Jogja, Whani Darmawan. Ratu Dara diparagni artis saka Jakarta, Sha Ine Febriyanti. Pasangan aktor lan aktris iki ing lakon Panembahan Reso pancen klop tenan.

Panembahan Reso kuwi panji ing sawijining krajan ing Tanah Jawa. Panji Reso iku pinter banget, wasis, lan wicaksana, nanging amarga hawa napsu mring kuwasa kang makantar-kantar, dheweke dadi wong sing srakah.

Reso sing mung panji kuwi pengin banget dadi raja gung binathara. Pengin nglintir kuwasana Raja Tuwa. Dheweke banjur ngracik krenah, kiyanat marang kanca rakete Panji Tunggal, mateni bojone dhewe, adon-adon nganti dumadi perang, lan banjur ngrimuk atine juragane, yaiku Ratu Dara.

Ing pungkasaning lakon, Reso pancen bisa jumeneng nata, nanging nyatane Reso ora marem. Reso dadi kaya wong linglung. Dheweke eling marang kabeh tumindak dur angkara sing dilakoni. Dheweke eling bojone sing dipateni amarga ora nyengkuyung niyat ngrengkuh kuwasa raja.

Reso sing wasis iku pancen dadi raja, nanging amarga hawa napsu sing makantar-kantar dheweke lali menawa sing dibutuhke ing urip iku ora mung bandha donya. Wong urip luwih butuh cara urip mulya tanpa nglarani liyan.



”Aku kaya-kaya tansah weruh bojoku nangis. Aku pancen dadi raja, nanging raja ing tlaga getih,” kandhane Reso kanthi lungguh ing dhampar keprabon lan nangis kaya wong linglung.

Ing pungkasaning lakon, selire Reso, Ratu Kenari, merjaya Reso nganti nemahi pati. Ratu Kenari kuwi bojo selir sing kerep ngerih-rih raja supaya ora nyumet perang wae lan ngejak urip kanthi ayem lan tentrem.

Adgen Ratu Kenari mateni Prabu Reso kuwi dadi pralambang utawa simbol sejatining urip kuwi dudu mburu kuwasa, nanging urip ing kahanan ayem lan tentrem. Urip rahayu kanthi meper hawa napsu. Dudu urip kanthi ngumbar hawa napsu. Politik kudune kanggo mujudake urip kang ayem tentrem kuwi, ora malah ngrusak pabrayan agung lan kamanungsan.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya