Jagad-jawa
Kamis, 10 Mei 2012 - 08:59 WIB

Piwulang Basa Jawa Kanthi modheren

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Rohkhayati (Espos/Ahmad Hartanto)

Rohkhayati (Espos/Ahmad Hartanto)

Generasi mudha ora bakal kangelan maneh anggone sinau Basa Jawa. Saiki uwis metu buku saku sing irah-irahane Kamus Bergambar 3 Bahasa: Indonesia-Inggris- Jawa. Buku ini kang diterbitake saka Lembaga Penelitian dan pengabdian kepada Masyarakat (LPPM) Universitas Veteran (Univet) Bangun Nusantara Sukoharjo.
Ing buku iki, para bocah TK lan SD bakal diajari saka angka, dina, kewan lan liya-liyane kanthi telu basa. Miturut salah sijine penyusun, Rohkhayati, buku kuwi miguna tumrap para bocah sinau basa jawa. “Kaunggulane buku iki yaiku ana gambar-gambare, tegese para bocah bakal seneng ndeleng lan gampang olehe sinau,” ujare Rohkhayati.
Ing warung buku, buku ini murah banget mung diregani Rp10.000, bocah bisa sinau telu basa. “Dasare bocah luwih seneng ndeleng buku-buku sing ana gambare, pramila buku iki pas karo kabutuhane bocah,” ujare. Kajaba deweke uga ana penyusun liyane, yaiku Arif Santoso, Khoirul Bariyyah Nurrohmah lan Bisri Nuryadi.
Rohkhayati saiki isih dadi mahasiswi ing jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah (PBSD) FKIP Univet mancik semester enem. Mahasiswi saka Pacitan iki duwe angen-angen bisa mulang basa Jawa kanthi modheren. Deweke rumangsa prihatin karo kahanan lan generasi mudha sing uwis ora pada nganggo basa Jawa ing padinan.
“Basa Jawa apa uwis dadi basa sing kuno, kok, pada ora gelem nganggo. Para wongtuwa uga duwe salah, yaiku ora ngajarake ing anak-anake,” kandhane. Deweke duwe angen-angene yaiku duwe tata cara sinau basa Jawa kanthi gampang lan nyenengake. Salah sijine saka buku kuwi mau. “Aku geregeten, jamanku isih SMP, tata cara mulang basa Jawa isih monoton, ora nyenengake. Aku kepingin gawe supaya dadi gampang lan para murid dadi seneng.
Ing Pacitan lan lingkungan kulawargane deweke uga pada ngganggo basa Jawa. Ananging kulawarga liyane uwis pada ngganggo basa Indonesia. “Uwis ora ana ibu, nanging diganti mama, bunda,” ujare deweke menehi conto. “Aku yo ora kaya ing kraton, nanging uga bisa krama alus karo kulawarga.” Deweke duwe angen-angen sapa sing nggunakake basa Jawa ing padinane dadi gedhe atine lan mantep.

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif