SOLOPOS.COM - UMBUL DONGA -- Salah sijine jejer Umbul Donga kang dibabar ing Pendhapa ISI Solo Setu (4/1/2012) wengi. JIBI/SOLOPOS/Agoes Rudianto

UMBUL DONGA -- Salah sijine jejer Umbul Donga kang dibabar ing Pendhapa ISI Solo Setu (4/1/2012) wengi. JIBI/SOLOPOS/Agoes Rudianto

Sawetara wektu kapungkur, jagad kasenian ing Kutha Solo, mligine jagad beksan kelangan sawijining tokoh beksane, yaiku Sunarno Purwolelono kang uga dhosen Institut Seni Indonesia (ISI) Solo.
Ora krasa, Setu (4/2/2012) kapungkur, wus ganep 40 dina sedane empu beksa tradhisi iki. Kanggo mengeti sakabehe kiprahe, para seniman ISI, wiwit dhosen nganti mahasiswa, bebarengan nyuguhake karya seni kang mumpuni.
Siji mbaka siji suguhan beksa karyane Sunarno Purwolelono coba dibabar ing Pendhapa ISI kanthi asesirah Madhah Doa dan Harapan. sawetara karyane iku, beksa Srimpi Jayaningsih, Jemparingan lan Ranggalawe Gugur. Saliyane iku, uga dibabar sawijining karya gabungan kanthi irah-irahan Umbul Donga. Karya iki minangka gabungan beksa, mantra, lan tembang, sarwa  maca geguritan. Dene pambeksa kang digandheng jroning adicara mirunggan iki gunggunge nganti satusan pambeksa.
Pangarsa Jurusan Tari ISI, Nanuk Rahayu, mratelakake adicara kaya ngene iki sajane wus dadi adicara ajeg ing pawitan taun. Nanging taun iki rasane rada beda amarga mbarengi 40 dina sedane Sunarno Purwolelono.
“Saliyane kanggo ndongakke almarhum, suguhan wengi iki dadi sawijining laku kanggo mbacutake semangate almarhum kang kepengin ngejokake jagad beksa,” piterange.
Ora amung nyuguhake karya beksane Sunarno Purwolelono, wengi kuwi saperangan mahasiswa uga mbabar karya beksane kayata beksa modheren. Suguhan beksa iki uga nggunakake sawetara piranti kang ora lumrah, kayata payung, andha, teken dhawa lan liya-liyane. Kabeh iku minangka gambaran rasa rilane para mahasiswa kang wus ditilar dening almarhum.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Ekspedisi Mudik 2024

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya