SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (20/9/2018) menika kapacak bab Silat.

Solopos.com, SOLO — Masarakat Solo sing seneng nonton bioskop mesti ngerti pilem Wiro Sableng (2018). Pilem sing digawe adhedhasar buku silat anggitane Bastian Tito kasebut paraga utamane diparagani dening anak lanange Bastian Tito yaiku Vino G Bastian.

Vino nalika ketemu para juru warta ing The Park Solo Baru Sukoharjo, sawetara wektu kepungkur ngandharake menawa pilem Wiro Sableng disengkuyung dening atusan pendekar silat saka puluhan peguron ing saindenge Indonesia. Uga ana jurus-jurus silat padhepokan-padhepokan ing Jawa sing digunakake dening para paragane.

Vino ngandharake dheweke lan keluwarga gelem nggawe pilem kasebut karana nduweni ancas lan tujuwan sing wigati yaiku nguri-uri pencak silat minangka warisan kabudayan ing Nuswantara. Supaya samsaya misuwur ing saindhenge donya. Pilem kasebut uga diputer ing Malaysia lan Singapura.

“Minangka artis ya iki caraku nuduhake kaendahan seni gerak ing pencak silat marang wong-wong ing saindhenge donya. Aja nganti, lagi mbingungi yen ana sing ndhaku silat,” kandhane Vino.

Awit saka iku Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan ngusulake pencak silat dadi salah sawijining warisan kabudayan Nuswantara sing diakoni dening pepanthan kabudayan internasional yaiku UNESCO. Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Indonesia wis ndhaptarake Pencak Silat minangka The Intangible Cultural Heritage of Humanity marang UNESCO ing wulan Maret 2018.

Carane pamarentah nylametke pencak silat minangka warisan kabudayan asli Indonesia pancen wis bener. Buktine, silat pancen saya sumrambah nganti tekan ngendi-ngendi.

Ketua Lembaga Pelatih PB Ikatan Pencak Silat Indonesia (IPSI) Johansyah Lubis ing bukune babagan silat kanti irah-irahan Perkembangan Pencak Silat, ngandharake kira-kira ing abad kaping-17 pencak silat digawa dening pelaut saka Makassar lan suku liyane ing Indonesia.

Ing jaman modheren saiki cacahe perguruan silat samsaya ngrembaka. Ing antarane bisa kasebut Perisai Diri, Sera, Merpati Putih, Elang Putih, Setia Hati, lan liya-liyane. Pencak silat uga ngrembaka ing Afrika Selatan lan nagara Asia liyane.

Saking akehe pepanthan silat ing nagara manca, ing taun 1980-an, Indonesia bareng Singapura, Malaysia, lan Brunei Darussalam ngedegake Persekutuan Pencak Silat Antarabangsa (Persilat), banjur uga ana pepanthan Pencak Silat Asia Pasifik wiwit Oktober 1999.

Pelatih silat Asian Games 2018, Rony Syaifullah, Selasa (18/9/2018), ngandharake saiki akeh pendekar silat sing dikirim menyang nagara manca kanggo nglatih silat. Malahan jurus-jurus mligi sing mbiyen dadi simpenane padhepokan, diwulangake marang wong-wong ing nagara manca.

Silat wis dadi salah sawijing seni olahraga sing kawentar. Disinau wong-wong ing nagara manca. Saben nagara uga kerep gawe adicara patembayan silat.

Promosi Iwan Fals, Cuaca Panas dan Konsistensi Menanam Sejuta Pohon

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya