SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Film dokumenter Payung Hitam diputer ing Balai Soedjatmoko, Solo, Setu (9/6) bengi. Film kang disutradarai Chairun Nissa kuwi nggambarake perjuwangane masarakat kurban kisruh ing taun 1998. Para kurban kang digambarke ing film iki pengin nuduhake kedadeyan iku kudu ana sing tanggung jawab, yaiku para panguwasa utawa pamarentah Indonesia. Kedadeyan kuwi wus 14 taun kepungkur, nanging nganti saiki durung dirampungi kanthi adil.

Ing film iki kacarita ana rong tokoh, yaiku Neneng, warga Bogor kang lemahe direbut dening nagara kanggo proyek nagara. Wiwit iku, dheweke nuntut tanggungjawabe pamarentah lan merjuwangake hak-hake. Dene tokoh sijine yaiku Sumiarsih saka Jakarta kang kelangan putrane, Wawan, nalika ana ontran-ontran reformasi taun 1998. Crita loro kuwi pancen beda, nanging duwe tujuwan kang padha jinise, yaiku golek jejeging adil.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Ing papan iku, kajaba nonton film Payung Hitam, para pasarta uga dijak mbedhah buku Penyair Kebenaran di Republik Kekerasan kang ditulis dening Mutiara Andalas. Ing buku kuwi isine babagan Sumarsih lan kanca-kanca kang duwe nasib padha. Kabeh padha demonstrasi ing ngarep Istana Negara nganggo payung ireng. Payung ireng ngemu teges nagara wus ora preduli marang rakyate lan wus ora njamin rasa adil marang rakyat Indonesia. “Tokoh loro kuwi bisa nggambarake kasus HAM ing Indonesia, yaiku Neneng lan Sumiarsih,” ujare.

Ekspedisi Mudik 2024

Sumiarsih ing papan kuwi nuduhake nalika Presiden Susilo Bambang Yudhoyono makili nagara njaluk ngapura karo para kulawarga korban. “Aku dadi wong kang duwe agama, bisa menehi ngapura. Nanging sing wis-wis kuwi, banjur kasus-e ora dibacutake. Aku kepingin prakara iku dibacutake lan sapa sing salah kudu diukum,” ujare deweke. “Yen ora ngerti sapa sing salah, piye olehe menehi ngapura?” kandhane.

Sumiarsih wus 14 taun ora tau kemput anggone golek rasa adil saka pamarentah. Dheweke wus njaluk ing anggota DPR lan wus pirang-pirang presiden, wiwit Habibie, Gus Dur, Megawati lan SBY dhurung ada kasile. “Aku ora bakal jeleh. Sebabe apa? Aku isih tresna marang anakku, Wawan. aku bakal tetep ngoyak tanggungjawab kuwi karo sapa wae kang duwe kuwasa,” ujare deweke.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya