Jagad-jawa
Selasa, 1 Februari 2022 - 20:54 WIB

Paundrakarna utawa Bhre Cakrahutomo kang Mimpin Praja Mangkunegaran?

Ika Yuniati  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Anggota Himpunan Kawula Muda Mangkunegaran (HKMN), Rebo (3/11/2021), njurung supaya GPH Paundrakarna Jiwa Suryanegara lan GPH Bhre Cakrahutomo Wirasudjiwo bisa mimpin Pura Mangkunegaran kanthi bebarengan. (Solopos/Nicolous Irawan)

Solopos.com, SOLO — Pengetan satus dina Mangkunegara IX (MN IX) wus kelewat pirang-pirang dina kepungkur. Masarakat pada kepingin ngerti sapa sing bakal nerusake takhta adipati, utawa Mangkunegara X. Ana sing kandha manawa takhta MN IX bakal digenteni dening G.P.H Paundrakarna utawa G.P.H Bhre Cakrahutomo.

Paundrakarna yaiku putra pambarep KGPAA Mangkunegara IX kaliyan Sukmawati Soekarnoputri. Dene, Bhre Cakrahutomo yaiku putra ragil KGPAA Mangkunegara IX kaliyan prameswari Prisca Marina Yogi Supardi.

Advertisement

Pengageng Wedhana Satriya Pura Mangkunegaran, K.R.M.T. Lilik Priarso Tirtodiningrat, ngandharake calon MN X ngarah marang Bhre Cakrahutomo. Alesane yaiku amarga Pura Mangkunegaran isih nut paugeran adat istiadat ing Mataram. Miturut adate Kraton Mataram, sarat panerus iku kudu jaler, lan keturunan MN IX. Urutane sing paling utama yaiku anak lanang saka putra prameswari.

Panemu iku banjur ditegesake ing Serat Paliatma sing diripta dening KGPAA Mangkunegara IV. Ing serat kasebut ana wasiyat babagan adipati paneruse.

Advertisement

Panemu iku banjur ditegesake ing Serat Paliatma sing diripta dening KGPAA Mangkunegara IV. Ing serat kasebut ana wasiyat babagan adipati paneruse.

Isine yaiku; marang anak-anakku, nalika aku isih prejurit aja ana sing nganti nduweni kepinginan dadi penerus MN V. Amarga panerus Mangkunagara mengko yaiku anakku nalika aku wus jumeneng. “Ana uga Serat Paliatma sing negesake. Mula ya tradhisi iki kudu dijejegake maneh,” kandhane Lilik.

Nanging, Lilik ngandharake kabeh kuwi tetep manut asil urun rembuge kulawarga. Dheweke minangka pengageng wedhatama nduweni kuwajiban njejegake sujarah. Nanging, piye putusane mengko kari manut prameswari lan kulawarga baku.

Advertisement

Jaman mbiyen pancen ana sujarahe Pura Mangkunegaran dipimpin saliyane putra pambarep. Kedadeyan iku nalika Pura Mangkunegaran dipimpin dening Mangkunegara II lan III. Mangkunegara II lan III iku putu, dudu anak pambarep. Dene Mangkunegara IV iku kalebu anak mantu.

Miturut Lilik, iku kedadeyan sing ora umum, langka lan kasuistik. Tegese yaiku nalika kuwi ana kahanan kang pancen ora lumrah. Nanging, saiki kahanane wus umum lan normal. Prameswari nduweni putra jaler sing bisa nerusake jumeneng nata. Mula sujarah Pura Mangkunegaran kudu dijejegake.

Sanadyan durung diputusi, para abdi dalem wus miwiti gladhen beksan lan liya-liyane yen sewayah-wayah ana jumenengan. Beksan sing digladhi yaiku Bedhaya Anglir Mendung. Bedhaya Anglir Mendung kalebu beksan ageng sing ora bisa dibabar sembarang wong. Mula kudu dipilih paraga tari sing paling trep lan cocog.

Advertisement

Ora Akur

Sawise Lilik ngandharake babagan calon MN X iku, salah sawijining putra MN IX, Gusti Paundra, lan ibune yaiku Sukmawati, nulis panyaruwe marang Lilik, Bhre, lan ibune Bhre. Panyaruwe iku ditulis ing Instagram @Soloposdotcom. Kedadeyan itu nggawe masarakat padha mikir manawa kulawarga Pura Mangkunegaran ora akur.

Nyawang kedadeyan iku, Sejarawan Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Susanto, nduweni pangajab suksesi Pura Mangkunegaran bisa kaleksanan kanthi lancar, akur, lan tanpa prakara. Dheweke ngandharake Pura Mangkunegaran mligi banget minangka pusat kabudayan. Mula yen nyawang pigunane iku, suksesi Praja Mangkunegaran kudu kaleksanan ayem tentrem tanpa ana prakara rebutan utawa liyane.

Pura Mangkunegaran dadi punjering naskah mligi babagan kolonial. Iku kesimpen ing Perpustakaan Reksa Pustaka, Pura Mangkunegaran. Yen nganti ilang, masarakat bakal kelangan sujarahe Solo, lan Nuswantara.

Advertisement

Dene babagan paneruse MN IX, Susanto mratelakake iku wus dadi hak kulawarga. Mula, sapa wae sing kapilih mengko ya aja nganti padha nyaruwe utawa rebutan. “Yen kulawarga wus nggawe putusan, kabeh kudu legawa.

Asil musawarah iku dadi putusan sing paling dhuwur. Antarane sing dipimpin lan pemimpine kudu hanebu sauyun. Kayata sing diajarke dening Mangkunegara I,” kandhane.

Pamerti budaya UNS Solo, Tunjung W. Sutirta, Selasa, ngandharake panerus MN IX pancen kudu ndang diputusi. Posisi raja utawa adipati ing praja kejawen, miturut Tunjung, dadi punjering kulawarga lan kerabat.

“Aja suwe-suwe iki ana sesambungane marang kagiyatan ritual sing kudu dilakoni dening Adipati. Aja nganti kesuwen anggone ora keisi. Pangajabku ya aja nganti ana pecah utawa polarisasi. Sapa wae paneruse mengko ya kudu nerusake piwulang Tridharma Mangkunegara I yaiku rumangsa melu handarbeni, wajib melu hangrungkebi, mulat sarira hangrasa wani,” kandhane Tunjung nalika diwawancara sawetara wektu kepungkur.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif