SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Kanggone Lik Sukar, pasar minangka sumbering wulu pametu kanggo nyukupi kabutuhan urip, kayata kanggo kabutuhan mangan saben dinane, nyekolahke anak, rukun tangga lan liya-liyane. Najan dodolane wujud wedang, sega kucing (sega buntelan lawuh gereh/bandeng lan sambel) uga goreng-gorengan. Lik Sukar, sing umure wis ngancik pitung puluh tahun kuwi, saben dina ider wedang cangkir kanggo para bakul pasar saka jam setengah lima esuk nganti setengah lima sore. Nanging wong tuwa kuwi kanthi seneng nindakke pegaweyan mau wiwit pasar madeg.

Sawijining dina Lik Sukar krungu kabar, jare pasar arep dibangun. Wis dadi omongan, padatan yen bakule angel diatur pasar bakal diobong. Nanging tenane ora ngerti, babagan pasar diobong utawa pancen kobong. Lik Sukar ora gagas bab kuwi, kanggone dheweke, kepiye supaya anggone dodolan wedang tetep laris. Malah jare pasar arep digawe sundha. Kabar bola-bali rapat antarane pengurus pasar, para bakul pasar lan pamarentah. Ditemtokake, menawa pasar arep dibangun sundha loro.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Pasar sida dibubrah. Kocape arep digawe sundha loro. Wis rong minggu durung ana tandha anggone mbangun pasar. Para bakul saperangan ora gelem mapan ana pasar darurat, nanging padha dodolan ana pinggir dalan pasar lawas. Alesane sing panas, sing ciyut, gek ora payu. Malah ana bakul oprokan kandha, yen ora gelem manggon ana pasar darurat besuk yen pasare dadi ora oleh dodolan oprokan.

“Ra entuk ya wis. Yen arep dicorek ya kon nyorek. Bakune aku saiki bisa dodolan payu!” omonge Tirah banter, kareben krungu kanca-kanca bakul oprokan.

“Lik Sukar, aku prei sik ya. Durung kepayon, lagi nggo lebon bang plecit ki, mau,” omonge Tirah marang Lik Sukar.

“O ya Lik. Jare pasare jenenge diganti ya? Dudu Pasar Sukorejo maneh, ning diganti pasar Lik Sukar. Sukar kuwi tegese rak angel ta, Lik? Mula, golek dhuwit nganti sekesuk lagi entuk rolikur ewu, padatan yah mene ki wis entuk seket punjul hlh,” omonge Tirah gembrambyang kaya blek diseret.

Krungu omongane Tirah, Lik Sukar mung mesem, apa maneh disemayani anggone mbayar dhuwit wedang. Sing dadi pikire, kenapa jeneng pasar arep diganti Lik Sukar. Ing mangka Lik Sukar kuwi jenenge. Dadi bener apa sing dikandhakke tirah, Sukar kuwi tegese angel. Lik Sukar mung mesem, mbenerke omongane Tirah yen omongan kadhang ora nganggo waton. Miturut pangrugune Lik Sukar, jeneng pasar jare diganti, saka jeneng Pasar Sukorejo diganti pasar Lik Sukar. Kanggone Lik Sukar, jeneng ora penting, sing penting anggone dodolan laris kaya biyen.

“Kene kuwi pasar sing mapan ana Sukorejo. Pasar cikal bakal. Yen aku pilih tetep jeneng Pasar Sukorejo.”

“Kuwi kowe. Kowe apa duwe panguwasa ngganti jeneng?”

“Apa bedane aku karo bupati? Aku wong, dheweke ya uwong, Lik?”

“Bener, Rah. Ning kowe mung bakul jangan ora ngerti pa bengkong, ora ngerti tulis. Ning pak bupati rak pejabat. Ya ra?”

“Ya ora!” wangsulane tetep ngeyel semu sengak karo lambene nyeprok.

“Babagan jeneng, arep diganti pasar kethek ogleng ora masalah, Rah. Kaya awake dhewe iki sing baku dodolane laris. Sukur mengkone pasar temata luwih becik saya murabaki sapa wae. Ngapa nggagas jeneng pasar. Kuwi wis ana sing mikir,” omonge Lik Sukar karo lungguh nyedhaki Tirah sing lagi nata dagangane wujut gori, jipang, gedhang kepok, pohung sing isih kleleran.

Tirah pancen ora gelem pindhah, luwih becik dodolan pinggir dalan cedhak pasar lawas. Angger ditertibke Satpol PP ya ngalih sedhela, mengko yen petugas lunga banjur bali maneh.

“Kari betah ndi, rak ngono ta Lik?” omonge Tirah marang Lik Sukar. Tirah malah nyritakke polahe tukang parkir cedhak pasar sing padha kelangan langganan. Malah kepara udur karo kancane dhewe rebutan nggon parkir, uga ana sing nganti jotosan. Kedadeyan kaya mengkono mau amarga ana sebabe. Sing padatan nyambut gawe dadi tukang parkir sedina oleh wolung puluh ewu punjul, sak ploke pasar pindhah mung oleh selawe ewu wae rekasa. Gek mangka duwe tanggungan lebon kredit bank, isih duwe lebonan bang plecit barang. Durung maneh critane tukang servis jam padha oyok-oyokan panggonan, golek nggon adhakan. Malah kepara padha udur golek bener.

“Kosik, Lik. Jare pasare wingi diruwat. Bener pa? Dadi sing manggon sumur kae ra gelem dipindhah tenan ra? Kok nganti diruwat kanthi nanggap wayang.”

“Sing ngruwat kuwi sapa?”

“Jare wingi. Wingi aku ora dodol marga adhiku mbayi. Mosok awan ngenthang-enthang wayangan tengah pasar.”

“Tembunge jare aja digugu nemen-nemen.”

“Ning dhemit sing manggon sumur lawas kae moh dikon lunga tenan ra? Jare tukang ngembrukke sing nganggo montor gantholan mati, Lik?” omonge Tirah tambah ngayawara. Lik Sukar mung mesem krungu omongane Tirah.

Lik Sukar jlentrehake crita satemene. Menawa babagan anane wong ndhalang ana tengah pasar kuwi ada-adane seniman dhalang wayang lincak, demo tunggal mrotes anane presiden sing paring grasi marang bandhar narkoba saka Australia. Marga dhalang mau ora sarujuk menawa presiden aweh grasi bandhar narkoba. Apa maneh bandhar mau kelas kakap. Ngenani sopir montor ganthol sing kanggo ngembrukke pasar, sing jare mati amarga arep ngrembukke sumur lawas, kuwi ora bener. Sing bener kuwi mesine montor ganthol sing mati. Dudu sopire montor ganthol sing mati.

“Dudu mesine motor ganthol kok, jare sopire,” sahute Tirah isih durung pracaya.

“Mesine montor ganthol ya, Rah!”

“Dudu, Lik. Sopire sing mati. Kwalat, ora jaluk palilah dhanyang pasar!” Tirah tetep ngeyel.



“Kandhani sing mati kuwi mesine, dudu sopire. Nalika montor ganthol arep ngebrukke papan sing jare wingit kuwi, mesine mati. Paham ra?” Lik Sukar nyethakke critane.

“Heeee, ngono ya Lik?” wangsulan Tirah sajak tetep maido. “Ora Lik. Kowe setuju ra, jenenge pasar kuwi diganti?” Tirah mbaleni takon bab jeneng pasar sing arep diganti.

“Rah, mau aku kandha. Kaya awake dhewe ora usah nggagas jenenge pasar diganti apa ora. Ya ta?. Sing penting awake dhewe dodolan, laris. Ya, ra?” omonge Lik Sukar semu njaluk panyarujuk marang Tirah. Tirah mesem karo manthuk-manthuk, mbenerke omongane Lik Sukar. Lik Sukar malah nyritakke polahe para wong sing magepokan nyambut gawe ana pasar, marga pasar dibubrah arep digawe sundha. Ana sing pegawe pasar dipindhah, ana tukang parkir dadakan, ana bakul ami ayam mulih desa amarga kelangan langganan. Semono uga sambate tukang becak sing padatan laris entuk rata-rata patang puluh ewu, sedina kemput mung kaya pitung ewu.

Lik Sukar unjal ambegan. Kaya ana sing dipikirake. Mbok menawa nasibe kanca-kanca amarga pasar. Pancene mono sing jenenge rehab pasar, ana sing diuntungke lan dirugekke.

“Lik, apa apike jenengmu diganti wae, Lik? Jenengmu diganti Lik Mayar? Dadi kowe ora rekasa bakul wedang. Sapa ngerti bisa dadi anggota DPR utawa pejabat. Dadi DPR utawa pejabat golek dhuwit rak mayar,” omongane Tirah bener-bener ora nganggo waton. Mosok umur meh 70 tahun arep nyalon dadi DPR utawa pejabat. Gek Lik Sukar mung bakul wedang pasar. Apa marga Tirah ngerti utawa krungu ana nggon berita tivi, menawa dadi DPR utawa pejabat kuwi gampang golek dhuwit? Bisa uga, wong nyatane Tirah kuwi biyen ora tau sekolah. Krungu omongane Tirah sing sajak ora kepenak mau, Lik Sukar terus malik takon.

“Mbok kowe dhewe, jenengmu diganti Mayar, utawa kowe dhewe nyalon DPR utawa pejabat kana!” wangsulane Lik Sukar wegah kalah karo ninggalke Tirah.

“Heeee, mbales, mbales!” sahute Tirah karo ngguyu nyekakak.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya