SOLOPOS.COM - Ilustrasi bulan Ramadan (JIBI/Solopos/Dok)

Pasa sinambi ibadah (FOTO: Burhan Aris Nugraha/JIBI/SOLOPOS)

Pasa utawa tirakatan wus dadi salah sijine sarana wajib tumrap wong sing ngugemi kejawen ing laku batine. Tirakatan utawa pasa ora mung mindhah wektu mangan lan ngombe, sing padatan mangan esuk lan awan banjur diganti mangan bengi. Pasa uga ora mung pengin entuk ganjaran saka Gusti Kang MahaKuwasa, nanging pasa dadi salah sijine proses ngresiki jiwa lan raga.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

“Tirakatan kuwi ana sing asale saka Jawa asli, kaya mutih, ngebleng, nyepi. Nabi Muhammad uga nenepi ing Guwa Hira nalika entuk wahyu kaping siji. Sunan Kalijaga uga nenepi ing kali njaga tekene Sunan Bonang,” ujare dwija ing ASGA Solo, Mas Demang Edy Sulistiono, Rebo (1/8).

Pasa utawa tirakatan, pancen asale saka Jawa, nanging uga ora bisa dipisahake karo Islam ing Jawa. Sebabe nalika Islam mlebu ing Jawa, para wali nggunakake tatacara Jawa, saengga bisa ditampa kanthi becik.

“Agama kuwi tumurun marang manungsa ora saklek. Nalika digiyarake ing njaba Arab, Islam diwulangake kanthi nerapake tatacara ing tlatah kasebut, uga ndeleng sosiologi masarakat ing kahanan kasebut. Mula, sakdurunge lan sakwise pasa ana budaya padusan lan halal bihalal, kuwi pancen dudu ibadah, nanging klebu budaya lan tradhisi. Saengga ora prelu dadi masalah ing masarakat.”

Sakbubare pasa ana grebeg Sawalan ing karaton. Rakyat pada kumpul ing alun- alun, ratu menehi gunungan, kuwi tandha welas asih panguwasa marang rakyate. Ora beda ing jaman saiki, nalika masarakat padha teka ing omah dhinese panguwasa kaya bupati, walikota utawa presiden sakprelu halal bihalal utawa salam-salaman.

“Tirakatan utawa sesirik, uga dilakoni para satriya, para wali, para ulama,” kandhane Edy. Ngresiki jiwa yakuwi bisa wujud meper hawa nepsu, dene ngresiki raga yaiku ngleremake metabolisme ing awak supaya organorgan padha ngaso. Setaun organ lambung, usus gedhe usus cilik terus nyambut gawe esuk, awan, wengi tanpa leren. Saka mlebu ing cangkem, banjur liwat ing gulu, banjur mlebu lan diolah ing lambung. Nalika pasa, organ kuwi mau pada leren, saengga pasa uga bisa dadi salah sijine metode kang trep kanggo njaga kasarasan.

Pasa uga wus sak patute ora mung pasa mangan, ngombe lan salulut karo garwane. Cangkem ora mung pasa mangan lan ngombe, nanging uga pasa ngomong saka barang ala, dhemen nuduh lan pitenah, utawa mikir ala marang wong liya utawa ghibah. Kuwi bisa njalari gorehe atine wong liya, sebabe ilat kuwi luwih landhep tinimbang pedhang. Pedhang bisa njalari gorehe tangan, tangane bisa diblebet perban. Nanging ati sing digoreh ilat bakal angel marine.

Pasa uga ngleremake ati. Sing padatan atine kebak sipat ala, contone cethil uthil, sipat dengki, gampang nesu, bisa lerem amarga pasa. Nalika pasa, weteng luwe, lambe garing, wus mesthi gampang nesu lan kepancing dadi ngomong ala. Sapa sing nglakoni kuwi, pasane gur ing raga, jiwane isih dikendhaleni nepsu. Suwalike, manawa tansah bisa ngendhaleni sipat nesu lan ngomong ala, tingkatane ngendhaleni nepsu wus dhuwur.

Apa sebabe? Pasa wae bisa sabar lan atine lerem, mula nalika wus ora pasa, samsaya gampang ngelakoni tumindak sing becik. Ora malah suwalike, nalika pasa nepsune dikunjara, nanging yen wus ora pasa, diumbar kaya manuk ucul saka kandhang, mabur sak dhuwur-dhuwure. Pasa kuwi bebasan kaya cithakan bata. Nalika cithakan bata pesagi, batane uga melu pesagi. Nalika pasane apik lan sukses, sakbanjure pasa tumindake ora beda nalika isih pasa. Mula, pasa utawa gawe cithakan kuwi kudu temenan, kuwat lan iklas, supaya cithakan ora gampang ambyar utawa rusak nalika digunakake.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya