SOLOPOS.COM - Ilustrasi (FOTO: http://ondineescape.com)

Ilustrasi (FOTO: http://ondineescape.com)

Pasa dadi salah sijine budaya Jawa sing wus mlaku kawit mbiyen. Malah wong Jawa wus padha pasa sakdurunge Islam mlebu ing tlatah Jawa. Tumrap wong Jawa, tata carane pasa beda karo pasa cara Islam. Pasa kuwi bisa dadi salah sijine laku semedhine wong kang kepengin cedhak marang Gusti Maha Kuwasa.

Promosi Yos Sudarso Gugur di Laut Aru, Misi Gagal yang Memicu Ketegangan AU dan AL

“Pasa kuwi sesirik, tegesi nyiriki utawa ngadohi babagan sing bisa ngowahi semedhi utawa niyat ing ngarep,” ujare dhosen ing Fakultas Sastra lan Seni Rupa (FSSR) UNS, Wakit Abdullah, nalika ditemoni ing daleme ing Jaten, Karanganyar, Rebo (1/8) awan. Ana maneka jinis bab sing didohi lan uga ana maneka jinis pasa ing masarakat Jawa. Kaya pasa mutih, pasa ngeblas, pasa ngebleng, pasa mendhem, pasa nyepi, pasa ngrowot, pasa ngidhang lan sapanunggalane.

Pasa mutih yakuwi pasa mangan sega putih lan banyu putih, ora kena diwenehi uyah lan gula. Ing ngendi wae, pasa kuwi kudu dilakoni. Pasa ngeblas yakuwi pasa sing ora mangan, ora ngombe, ora lelungan, mung meneng dhewe ing kamar singidan utawa senthong. Pasa nyepi yakuwi pasa ing papan panggonan tartamtu, kaya ing gisiking samudra, utawa ing njero guwa lan ing ngisor wit- wit gedhe.

Pasa wudha yakuwi pasa sing ora nyandhang, contone sing wus dilakoni Ratu Kalinyamat. Pasa ngrowot yakuwi pasa mung mangan pala kependhem, ora mangan iwak utawa endhog. Pasa ngidhang yakuwi nenepi ing alas lan mangane kaya kidhang, yaiku jinise godhong-godhongan. “Pasa-pasa kasebut pancen wus ana sakdurunge Islam mlebu ing tanah Jawa sing diwulangake dening para wali. Mula pancen beda karo ajaran syariat Islam,” kandhane Wakit Abdullah.

Pasa sing abot yakuwi pasa mendhem, yaiku tata cara pasa sing angel. Wong dipendhem ing njero lemah banjur ditutup suwene bisa nganti 40 dina. Masarakat Jawa sing nglakoni pasa- pasa kasebut ora meruhi sing duwe pangkat dhuwur utawa rakyat cilik, nanging wong sing gelem nglakoni lang sing kuwat nandhangi. “Sebabe pasa-pasa kuwi ora gampang, pacobane angel banget lan pagodhane akeh banget, mula jiwa lan raga kudu kuwat.”

Miturut Wakit, tujuwan pasa kuwi gur siji, yaiku cedhak marang Gusti lan dadi tandha tunduk utawa bukti pasrah lan lila marang pepesthen Gusti. “Nalika wus pasrah, bakal diwenehi kakuwatan dening Gusti Kang Maha Kuwasa, yaiku ngelmu kanuragan utawa aji-aji jaya kawijayan. Yen pasa lan pasrah marang Gusti, sing menehi ngelmu ya Gusti. Yen pasa lan pasrah kuwi mau marang jim utawa dhemit sing ana ing wit-witan utawa ing alas, kuwi tandhane dadi kancane jim lan dhemit,” kandhane.

Tunggal empu utawa tunggal pasane saben wong beda-beda niyate, ana sing kanggo tumindak ala, uga ana sing kanggo kabecikan. “Pasa sing niyate kanggo golek ilmu lan dienggo tumindak ala, kuwi jenenge ilmu ireng, saka jim lan dhemit. Suwalike, pasa sing mung kanggo Gusti, nalika diwenehi ilmu utawa aji- aji, kuwi asale ya mung saka Gusti Kang Maha Kuwasa.”

“Gusti kuwi welas asih lan kuwasa, contone Nabi Ibrahim sing diobong dening Ratu Namrud ora kobong sebabe kersane Gusti. Mula awake dhewe pracaya marang kuwasa lan welas asihe Gusti.” Kabeh kuwi gumantung ing atine wong sing gelem nglakoni pasa-pasa kasebut. Niyat apik utawa ala, ora ana manungsa sing ngerti kajaba Gusti sing Maha Ngerti. “Ilmu putih kuwi wibawa lan tingkatane luwih dhuwur tinimbang ilmu ireng. Kuwi wis pepesthen.”

Nalika Islam mlebu ing Jawa lan menehi piwulang ajaran Islam kayata salah sijine pasa, wong Jawa wus duwe konsep pasa, sanadyan beda karo konsep pasa ing Islam. Mula, para wali lan sudagar Islam ora banjur nyirik pasa kuwi, nanging tata cara lan niyate sing dipenerake. Pasa sing luwih saka sedina, wektune cukup wiwit fajar tekan surup, uga ana pasa Senen-Kemis, lan pasa Daud, yakuwi sedina pasa sedina ora. “Ora duwe niyat takabur, wong ndhisik sing wus nglakoni pasa ngrowot, ngebleng utawa ngeblas, nglakoni pasa sing pas karo syariat kuwi ora angel, mula bisa gampang,” kandhane.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya