SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (8/11/2018) menika kapacak bab Pantun Melayu.

Solopos.com, SOLO — Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya, Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud), ngusulake supaya pantun Melayu ditetepake dadi warisan kabudayan dening pepanthan internasional The United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO).

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Miturut katrangan sing diserat dening Kemendikbud ing website resmi, www.Kemdikbud.go.id, parikan diusulake dadi warisan kabudayan sing mligi karana sawetara sabab. Salah sijine yaiku pantun Melayu wis dadi seni tradisi wigati sing diugemi dening masarakat Melayu wiwit jaman biyen nganti tekan saiki.

Malahan ana sing kandha parikan iku nyawiji karo masarakat Melayu. Bisa dideleng saben ana adicara mligi ing Melayu mesti ana pantun. Malahan ana sik jenenge wales-walesan pantun. Pantun bisa ngraketake paseduluran.

“Pantun iku living culture. Pantun kang ing jawa disebut parikan sumebar lan nyawiji karo masarakat Melayu,” kandhane Suarman, wakil ketua panitia sing sing nggarap usulan naskah pantun Melayu menyang UNESCO.

Pantun Melayu diusulake marang UNESCO ing taun 2017. Nalika iku Indonesia ngusulake bareng Malaysia sing uga nduweni warisan bahasa pantun. Usulan iku diwiwiti saka karepe Komunitas Pantun ing Provinsi Riau lan Kepulauan Riau mawa pepanthan adat Melayu lan Asosiasi Tradisi Lisan lan Fakultas Ilmu Budaya Universitas Indonesia.

Pimpinan Asosiasi Tradisi Lisan, Pudentia, ngandharake menawa pantun iku mbiyantu psikologi masarakat supaya dadi luwih becik, lan santun. Tradisi wales-walesan pantun aweh piwulang prinsip egaliter, ora ana kasta ing masarakat. Uga ngajari supaya ngadohi regejegan lan peperangan. Nalika ana kang ora sarujuk marang pantun kang diucapake wong liyo, banjur diwales kanthi basa sing santun.

Bukti nyata menawa pantun bisa ngraketake paseduluran yaiku tembayatan antarane Malaysia lan Indonesia ing taun 2016. Malaysia lan Indonesia padha padha sarujuk ngrembakaake pantun minangka warisan kabudayan Melayu.

“Ana rasa nduweni sing sabanjure bisa ngraketake Indonesia lan Malaysia. Ana kabudayan sing sarumpun sing bisa kanggo ngraketake. Uga padha-padha ngusulake pantun minangka warisan kabudayan marang UNESCO. Muga-muga kang kaya ngene iki bisa diterusake. Indonesia lan Malaysia iku nagara sarumpun kudune bisa padha-padha nyengkuyung lan ngrembakakake pantun,” tuture Dirjen Kebudayaan, Hilmar Farid, ing website Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan irah-irahan Pantun Tradisi Lisan Melayu. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya