SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Sapi dhugul-sapi dhugul anak-anak satus selikur,
Sapi gumarang-sapi gumarang, anak-anak ngebaki kandhang
Surako surak…horeeee

Wektu sakiki, unen-unen kaya ing nduwur kang biasane dikumadhangane bocah-bocah ana ing tradhisi Gumbregan wus arang keprungu. Ananging ing tlatah karang pradesan, Unen-unen lan tetembangan kang ngemu surasa pengarep-arep supaya sapi, pitik lan kewan ingon-ongon liyane bakal nak kemranak akeh iku isih asring keprungu
   
Kanggone masyarakat Jawa Tengah lan Ngayogyakarta, wuku Gumbreng kang nembe wae diliwati dianggep salah sawijining wuku ing penanggalan Jawa kang dianggep becik, bakune kanggo para kadang tani. Wuku Gumbreng dianggep dadi wuku kang becik kanggo memuji marang Gusti Allah, supaya tetandhuran lan kewan kang diingu, tansah bisa menehi asil kang apik.
   
Wuku Gumbreng uga kaanggep dadi wuku kang becik kanggo ngurmati Dewi Sri, lan memetri alat tetanen kang ing saben dinane dienggo nyambut gawe para kadang tani kayadene garu, luku, gathul, pacul, lan alat tetanen liyane. 
 
Miturut kaprecayan masyarakat Jawa, tradhisi Gumbregan biasane diadani ing dina Selasa, lan pasarane gumathung karo petungan kang dipercaya.  Ing kapercayan Jawa, wuku Gumbreg jinangkung dening Sang Hyang Batara Candra.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Kanggone kadang tani, tradisi Gumbregan ora mung dianggep tradisi biasa, ananging nduweni paedah kang gede tumpraping  tata tenanen kang tansah dilakoni.  Ubarampe kang kudu ana ing tradisi Gumbregan yaiku sawernaning hasil tetanen kayadene ketan, kupat, sawernaning pala kapendem, kayadene tela uwi, mbili, garut, ganyong, suwek, talas, lan liya-liyane. Ana uga ubarampe tambahan kayadene tumpeng lan gudangan wulu wetuning kebonan.

Tradisi gumbregan mono biasane ditindakake dening bocah-bocah putra-putrining kadang tani. Sakwise bakdo Magrib, bocah-bocah iki banjur pada nggawa cething, mubeng desa, nekani sedulur kadang tani kang ngleksanani tradhisi iki. Sinambi mlaku tumuju omah kang nganakake gumbregan, bocah-bocah iku banjur padha saut-sautan, ngumandhangake unen-unen kaya ing nduwur.    

Unen-unen iku uga ngemu surasa kanggone kadhang tani kang bakal kedhayohan bocah-bocah iku supaya enggal nyawisake ubarampe tradhisi Gumbregan. Saksiwe didongani dening kang kagungan dalem, ubarampe banjur diendum rata marang bocah-bocah kang melu gumbregan.

Dene dongane sakliyane donga miturut agama, ana donga utawa mantra kang isih nganggo kapercayan Jawa kuno. Dene pethikaning donga yaiku, ’Ing wuku Gumbreg iki, ayo pada ndedonga supaya gusti tansah maringi rejeki saenggo hasil tetanen tansah apik, lan uga ndedonga marang Dewi Sri. Ing wuku gumbreg iki ayo pada ndedonga supaya alat-alat tetanen ora gampang rusak, kewan raja kaya kang kanggo mbantu tetanen uga tansah sehat, kalis ing penyakit’.

Giyanto, salah sawijining kadang tani warga Selang, Wonosari, Gunungkidul, nalika ditemoni Harian Jogja ngendhika, ing karang pradesan kayadene ing Gunungkidul, tradhisi Gumbregan isih lestari. Sakliyane nguri uri kabudayan tinggalane para leluwur, tradhisi iki mono uga ngemu piwulang luhur, yaiku ndonga lan muji sukur mring Gusti Allah, kang wus menehi rejeki awujud rajakaya kang tansah anak-anak akeh, lan hasil panenan kang uga apik. ”Mula tradhisi iki kudu tansah dilestarekake,” ngono ujare Giyanto nalika ditemoni Harian Jogja, wektu kepungkur.
 
Kaprecayan Jawa bakune ing tradisi Gumbregan mono uga ngemu ngelmu lan ajaran kang adiluhung. Kanggone para kadhang tani, tetanen mono ora iso dipestekake lan mung gumantung kalawan kahananing alam kang tansah owah. Apamaneh, tekan sakiki, durung ana ngelmu kang iso ngendhalekake owahing alam, lan nyegah anane ama tanduran. Mula, para kadhang tani ing Jawa uga tansah ndedonga marang Gusti, supaya hasil tetanen tansah apik, lan kalis saka ama. Mula saka iku, tradisi Gumbregan kang ngemu piwulang luhur kudhu tansah dipepetri.(Juru Warta Harian Jogja/Yudhi Kusdiyanto)

HARJO CETAK

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya