SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (3/1/2019) menika kapacak bab Seni Budaya.

Solopos.com, SOLO — Kelurahan Mojosongo, Kecamatan Jebres, Solo, melu nyengkuyung adicara mapag taun anyar 2019 ing Balai Kota Solo, Senen (31/12/2018) wengi. Pepanthan seni kasebut ngepyakake karawitan.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Ketua Kelompok Sadar Wisata (Pokdarwis) Mojosongo, Dodik Sudarsono, nalika diwawancara , Rebo (2/1/2019), ngandharake menawa tembang sing digelar yaiku tembang-tembang sing maknane pangajab uga program Kutha Solo kayata 3WMP lan Solo Berseri.

Sakdurunge pentas, Dodik lan kanca-kanca mbakar menyan kang pranyata narik kawigatene para warga ing Car Free Night (CFN). Menyan kandhane Dodik mung simbol dedonga murih Kutha Solo ing taun anyar luwih apik.

Sakliyane iku kelurahan liya uga nggelar seni tradhisi sing dadi tengere dhewe-dhewe kayata tari Lembu Sura ing Jagalan, tari Lara Blonyo Kepatihan, lan hadrah saka Kampung Sewu.

Dodik ngandharake iki sing kepindho dheweke dijak nyengkuyung adicara mapag taun ing CFN. Dheweke ngaku ndhukung adicara kasebut, ketimbang nyumet kembang api. “Yen ana pentas budaya ngene iki malah apik kanggo mudha mudhi. Minangka ngenalake seni tradhisi. Apa meneh awake dhewe ning kutha Solo sing karan kutha budaya,” kandhane.

Seniman Kethoprak Ngampung Dwi Mustanto duwe pangajab seni tradhisi ing Solo saya ngrembaka. Dheweke ngandharake regenerasi ketoprak janjane ora ana masalah, akeh nom-noman sing seneng sinau kethopak. Saben taun mesti ana wae cah nom sing dadi anggota anyar Kethoprak Ngampung. “Nanging biyasane ya ana sing mandeg ing tengah dalan. Alasane rena-rena biasane ya urusan gaweyan,” kandhane.

Suwalike, babagan penonton, Dwi, ngandharake masarakat kampung isih akeh sing seneng seni tradhisi. Buktine saben ngadani pentas blusukan ing kampung-kampung mesti akeh sing ndeleng.

Dheweke nate ngadani pentas bareng pepanthan seni saka Prancis ing Banjarsari. Nalika kuwi sik ndeleng akeh banget nganti suk-sukan. Nanging, yen pentas ing Taman Balekambang pancen sithik kang nonton. “Mula iku bisa dadi cekelan yen seniman uga kudu gelem blusukan utawa istilahe jemput bola. Supaya kesenian tradhisi uga nyawiji karo masarakate,” kandhane nalika ditakoni cara nguri-uri seni tradhisi.

Budayawan Solo ST Wiyono, sawetara wektu kepungkur ngandharake seniman uga kudu inovatif. Apa sing digawe kudu nut jaman kelakone supaya bisa diugemi kabeh wong, mligine nom-noman. Yen ora ngono, seni tradhisi ya bakale mati jalaran ora ana sing nyinau. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya