SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Ngabekti dadi abdi dalem mujudake kanugrahan. Abdi dalem ngabekti marang Ratu lan Keraton. Ratu lan Keraton iku punjere kabudayan lan kagungane warga masyarakat. Dadi abdi dalem iku sakliyane wujud pangabekten marang Ratu, uga mujudake wujud pangabekten marang warga masyarakat lan uga wujud nguri-uri budaya.   

Dina Selasa Wage, 14 Sawal taun B 1944 utawa dina Selasa (13/9), Bangsal Kasatriyan Keraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat katon regeng. Atusan abdi dalem, kang cacahe udakara 260, pepak andher sedya melu pisowanan kang diadani. 
   
Dina Selasa wingi, atusan abdi dalem kang sowan, kawinisuda dadi abdi dalem lan kaparingan serat kekancingan saka Ingkang Sinuwun Sri Sultan Hamengku Buwana (HB) Ingkang Kaping X.
   
Ing pisowanan kang diadani, Kanjeng Sultan ingkang disulih selirani dening Pengageng Kawedanan Hageng Panitrapura kang uga rayi dalem, Gusti Bendara Pangeran Harya (GBPH) Joyokusumo, minisuda lan maringake serat kekancingan marang 26 abdi dalem kang sowan.
   
Miturut GBPH Joyokusumo utawa Gusti Joyo, wisuda abdi dalem kang diadani mujudake wujud panampane Keraton mayang panyuwunanen warga lan para pangembat praja kang sedya ngabdi lan kepingin dadi abdi dalem Keraton. Gusti Joyo ngendhika, tata cara panampa lan pamilihan abdi dalem ing Keraton mono ora gampang lan butuh wektu kang suwe, udakara nganti telung sasi.
   
“Ora kabeh kang maju bakal ditampa, kabeh ana tata cara lan syarate. Kanggo menehi asma anyar uga ora gampang amarga kudu dipaske kalawan kalungguhane. Kanggone para punakawan uga dijumbuhake kalawan pangkat nalika magang dadi abdi dalem ing Keraton,”ngono ngendikane Gusti Joyo nalika ditemoni juruwarta sakbubare wisuda.
   
Gusti Joyo nambahi, anane para pangembat praja, kayadene Bupati Sleman, Sri Purnomo, Walikota Jogja Herry Zudianto, Bupati Bantul, Sri Suryawidani, tilas Jaksa Agung Hendarman Supanji, lan para pangembat praja liyane kang sedya ngabdi dadi abdi dalem ing Keraton Ngayogyakarta, mujudake bukti menawa para pangembat praja tansah nduweni greget lan nduweni karep ngabdi marang warga masyarakat. Gusti Joyo memuji supaya para abdi dalem kang winisuda bisa dadi tuladha kanggone warga, bakune ing babagan makarya. “Muga-muga kabeh kang kawinisuda bener-bener bisa dadi tuladha, supaya warga masyarakat ing Ngayogyakarta tansah adhem ayem,” ngono ngendhikane Gusti Joyo.
   
Keraton Ngayogyakarta dhewe tansah ngadani upacara wisuda abdi dalem setaun kaping loro, yaiku ing sasi Sawal dan Bakda Mulud.
   
Walikota Jogja, Herry Zudianto kang kawinisuda dadi abdi dalem bupati sepuh kanthi asma Kanjeng Raden Tumenggung (KRT) Wasesadipraja nalika ditemoni juruwarta ngedika, pepenginane ngabdi dadi abdi dalem ing Keraton Ngayogyakarta sejatine wus tuwuh wiwit telung taun kepungkur, nalika melu Sowan Ngabekten ing Bangsal Kepatihan. Herry ngendika, sakwuse makarya dadi walikota udakara 10 taun, piyambake lagi ngrasa bisa dadi abdi dalem.    
   
“Kanggoku, abdi dalem iku ngabdi ing keraton. Keraton iku kagungane rakyat, dadi aku tansah kepingin ngabdi marang rakyat. Aku lagi ngrasa pantes ngabdi ing Keraton sakwuse sinau, ngabdi rakyat dadi walikota saksuwene sepuluh taun,” ngono ngendhikane Herry utawa KRT Wasesadipraja.
   
Ora beda kalawan Herry, tilas Jaksa Agung, Hendarman Supanji, kang uga kawinisuda dadi abdi dalem bupati sepuh kanti asma KRT Panjiwidura uga ngendika menawa pangkat abdi dalem kang ditampa mujudake kanugrahan. Hendarman kang nggarwa salah sawijining putune Sri Sultan HB VII iku uga ngendhika menawa kepingin tansah ngabdi marang rakyat. “Aku kepingin ngabdi. Dadi abdi dalem tegese ngabdi marang warga masyarakat,” ngono ngendikane Hendarman.
   
Dene Bupati Sleman, Sri Purnomo kang uga kawinisuda dadi abdi dalem bupati sepuh kanti asma Kanjeng Mas Tumenggung (KMT) Purnomopradipta ngendika, dadi abdi dalem mujudake wujud pangabekten warga marang ratu. “Sakliyane iku uga wujud nguri-uri budhaya Jawa, iki mujudake pangabektenku marang warga Sleman,” nongo ngendikane Sri Purnomo.(Juru Warta Harian Jogja/Pamuji Tri Nastiti)

Promosi Tragedi Kartini dan Perjuangan Emansipasi Perempuan di Indonesia

HARJO CETAK

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya