SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Ki Juru martini lajeng ngandika menawi ingkang dipunpirsani Panembahan Senapati wau pancen leres wahyu, ananging dereng tetela terang wahananipun, dereng sekeca menawi naming nrima semanten kemawon. Dhawuhipun Ki JUrumartani, Panembahan Senapati dipundhawuhi nyuwun malih dhateng Hyang Widi, sageda pikantuk dhawuh ingkang mitayani. Lajeng dipundhawuhi mratapa dhateng segara, dene piyambakipun ugi mratapa nanging wonten ing pucaking Redi Merapi.

Senapati datan lenggana mituhu dhawuhipun paman, tumuli kesah mangetan anjog ing lepen oap lajeng ambyur kemawon, nglangi mbethang manut ilining toya, nanging ndilalah ing ngriku wonten ulam olor ageng sanget, upami saged celathu ajeng mbiyantu gustinipun supados nunggang ing gigiripun, nyedhaki gusti, lajeng dipuntitihi.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Lampahipun teras mangidul, sapraptaning segara kidul Si Tunggulwulung (ulanm olor) kadhawuhan minggir, karsanipun badhe manages semedhi ening wonten ngriku. Kacariyos suwantening segara alun sagunung-gunung pating glebyur, angina prahara lir pinusus, kapya mbagekaken ingkang mesu cipta.

Kanjeng Nyai Kidul tan samara tuwuhing gara-gara samodra lir kinebur, mila lajeng ndedel gegana, mirsa menawi priyagung wonten tasik nembe mesu cipta tumuli mara marak ngreripih. Aturipun,”Lah wong Agung karsa punapa. Mudhara mesu cipta, kula ratuning lelembut segara kidul ngriki. Angreh sakathahing ejim, setan, brekasakan sadaya. Menawi paduka karsa sineba ing ejim, upami kaaben perang, mesthi saged mitayani. Sumangga pinarak ing dalem puri”.

KOcapanipun Panembahan Senapati eca panggalihipun, miterati tedhak dhateng segara rerentengan prayagung kalih ngambah segara mboten teles, sampun papta ing kadhaton lenggah ing bale mas murub, ingukir kencana mulya, abyor dinulu lir padhanging baskara, langkung kasengsem Senapati ing alaga mirsa pasrening kadhaton sarta mirsa ciptaning Sang Ayu tumuli manjing tilam sari sekaliyan. Tangkep samir sarampungipun pulang asmara, medhal dhedhaharan werni-werni sinambi ngandika.

Panembahan Senapati ngandika,”Yayi manawa karsa sira ngrengganana aneng Mataram wae, aja bali ing jro samodra”. Kanjeng Ratu mangsuli,”Kula punika sampun badan alus mboten saged manggen ing donya malih, namung manawi Sang Nata manggih pakewet kula tinimbalana kula aturi sidhakep tumenga ing langit, maos onga Saba, lajeng jejag bumi kaping tiga, kula mesthi dhateng. Mila sampun wus sumelang malih kula biyantu lestarining kaluhuran Nata”.

(JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakosa)

 

 

 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya