SOLOPOS.COM - Ki Ageng Suryomentaram

Ing Oktober kapungkur ana babaran buku asesirah Matahari dari Mataram, Menyelami Spiritualitas Jawa Rasional Ki Ageng Suryomentaram. Buku iki ngimpun tulisan karyane 10 panulis lan kababar dening Penerbit Kepik.

Sawetara dina kapungkur, buku iki dadi rembugan gayeng ing Komunitas Bilik Literasi ing Tohudan, Colomadu, Karanganyar. Komunitas iki ngimpun para nom-noman ing Kutha Solo lan sakiwa tengene kang duwe kawigaten mligi marang jagad basa, sastra lan budaya.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Lan sawise kuwi, buku iki didhudhah ing Universitas Muhammadiyah Surakarta (UMS). Isih ana rancangan bakal ndhudhah buku iki ing kampus liyane lan ing komunitas-komunitas liyane.

Heddy Shri Ahimsa Putra, profesor Antropologi Budaya ing Fakultas Ilmu Budaya Universitas Gadjah Mada (UGM) Yogyakarta, ing tulisane asesirah Ki Ageng Suryomentaram dan Kawruh Jiwa: Beberapa Perspektif, nelakake buku kuwi katulis kanthi sedya nepungake jati dhiri Ki Ageng Suryomentaram lan pikiran-pikirane.

“Miturut gotheking wong akeh, akeh wong sing rumangsa uripe owah [luwih becik] sawise tetepungan kalawan ilmu sing dibabar dening Ki Ageng Suryomentaram, yaiku kawruh begja utawa kawruh jiwa,” pratelane Heddy ing epilog buku kasebut.

Miturut Bandung Mawardi, pangreh Komunitas Bilik Literasi, nalika wawancara kalawan Espos, sawetara dina kapungkur, Tumrap generasi jaman saiki, mligine para remaja lan nom-noman, asma Ki Ageng Suryomentaram lan wulangan-wulangane kang sinebut kawruh jiwa mbokmenawa kapetung ora dikenal babar blas.

Ing buku kuwi, Bandung nyumbang tulisan asesirah Ki Ageng Suryomentaram dalam Pandangan Sejumlah Tokoh Jawa. Miturut Bandung, jati dhiri lan wulangan Ki Ageng Soeryomentaram kasingkur ora amarga wulangane ora njamani, nanging amarga pancen ora ana kajian bab ngelmu warisane kuwi.

Afthonul Afif, panulis lan panaliti mandhiri babagan psikologi lan filsafat, ing tulisan asesirah Rasio sebagai Pedoman, Rasa sebagai Acuan sing kamot ing buku iki ngandharake ing titi wanci pungkasan iki pancen langka banget tulisan-tulisan sing ndhudhah utawa ngandharake wulangan warisane Suryomentaram.

Mark Woodward, associate professor ing kajian agama lan nampa gelar PhD saka Universitas Illionis, Amerika Serikat, 1985, ing buku kuwi nelakake Ki Ageng Suryomentaram kuwi salah siji parampara religiositas Jawa ing pungkasan abad XIX lan wiwitan abad XX.

Parampara liyane yakuwi KH Ahmad Dahlan, KH Hasyim Asy’ari, Ki HAdjar Dewantara lan Dr Soetomo. Suryomentaram lair ing wewengkon kraton nanging milih urip kadidene wong cilik.

Asil olahpikir, olahrasa lan pengalaman uripe Suryomentaram kaimpun ing Kawruh Jiwa. Miturut Afthonul, Kawruh Jiwa jan-jane ilmu adhedhasar filsafat manungsa lan psikologi sing lelandhesan cakepan (metode) kang cetha.

Suryomentaram ngejak manungsa tansah rasional, nggunakake nalar. Ing laku urip lan panguripane, Suryomentaram tansah nggunakake logika lan nalar ilmiah lan alamiah.

 

Ki Ageng Suryomentaram

Nuntun

Warisan ilmu kajiwan iki genah cocog lamun didhudhah ing titi wanci pungkasan iki jalaran saiki isih mratah kapitayan asipat klenik. Saiki uga akeh manungsa sing uripe nglirwakake nalar lan rasa. Akeh sing mung mburu rasa nglirwakake nalar. Akeh uga ding mburu nalar nglirwakake rasa. Korupsi kuwi wujud mburu rasa nglirwakake nalar.

”Kleru banget menawa ana wong merdeni wulangan warisan Ki Ageng Suryomentaram kuwi  perangan tradhisi kebatinan utawa kejawen. Malah Suryomentaram kuwi sing adreng ndhudhah lan nyaruwe pamikiran klenik-mistik sumber wulangan kebatinan sing irasional,” piterange Afthonul.

Rasionalitas ing pamikirane Suryomentaram asipat reflektif jalaran kalimput rasa. Rasionalitas wulangan Suryomentaram beda banget kalawan rasionalitas filsafat saka kulonan.

Nalar miturut Suryomentaram tansah ndunungake wong liya minangka perangan kang ora bisa dipisahake saka laku nuju bebener lan kabagyan. Dene nalar asumber filsafat kulonan asipat egosentris.

Ing ukara kang ringkes, miturut Afthonul, Ki Ageng Suryomentaram ngejak manungsa urip kanthi pandom akal lan pancadan rasa. Pandom akal iki wigati banget kanggo nggayuh ilmu kang bener, ora mung wates apa sing dikarepake ilmu sing bener.

Dene pancadan rasa wigati murih laku nggayuh ilmu kang bener kuwi anjog ing nggayuh ilmu babagan diri pribadi lan ilmu babagan bebrayan. Pandom akal lan pancadan rasa kuwi kang bakal nuntun manungsa nuju urip kang samesthine.

 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya