SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

JIBI/SOLOPOS/ Sunaryo Haryo Bayu. SENI KONTEMPORER - Dua karya seni Kontemporer Abstraksi Biomorfis karya Narsen Afatara yang dipamerkan  di Balai Soejadmoko, Solo, Rabu (7/12/2012).

JIBI/SOLOPOS/ Sunaryo Haryo Bayu. SENI KONTEMPORER - Dua karya seni Kontemporer Abstraksi Biomorfis karya Narsen Afatara yang dipamerkan di Balai Soejadmoko, Solo, Rabu (7/12/2012).

Narsen Afatara lan sawetara perupa asal Ngayogjakarta kang pindhah menyang Solo antarane taun 1980 nganti 1990-an, dening pelukis Djoko Pekik, digambarake minangka macan kertas lan macan ompong.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Jroning pamawase Djoko Pekik, Narsen lan uga perupa liyane dadi pucukan tumbak seni rupa ing dhaerah asale. Nanging nalika wus mapan ing Solo lan nyambi dadi dhosen, kabeh padha mungkret nganti ora kocap maneh. Manawa para perupa iku konangan kiprahe ing jagad seni, kuwi wae ing tingkat lokal lan kuwalitas karyane akeh sudane.

Nanging pamawase Djoko Pekik ora sakabehe bener, apa maneh manawa kita nginguk pameran seni rupa Narsen Afatara, Rebo-Selasa (7-13/12), ing Balai Soedjatmoko Solo.

Sanajan mbabar 25-nan karya wiwit taun 1974 nganti 2011, pameran iki dudu pameran retrospeksi. “Nanging saka carane olah cipta seni sasuwene 40 taun iki, bisa kawaca kanthi nyata manawa asil angulir budine sing mateng iku ora kagayuh kanthi wektu sing ringkes,” pratelane Pangarsa Balai Soedjatmoko Solo,  Hari Budiono, jroning pambijine marang karya-karyane Narsen kang dipamerake kanthi asesirah Abstraksi Biomorfis iku.

Nalika murwakani ambyur ing jagad kasenian udakara taun 1970-an, jarene Budi, Narsen wus kesengsem marang pangrekadaya seni rupa kang ana sesambungan rapet karo kahanane titah urip kang kurang daya, disawang saka jagad filsafat. Nganti ing irah-irahan pameran iki, Narsen sansaya nglandhepake prakara kurang dayane manungsa nalika ngadhepi jaman saiki kang sinebut jaman depresi. “Carane nglandhepake irah-irahan iki ya ditengeri kanthi kasile Narsen mbabar panemone, yaiku maneka warna wujud kang obah (kinetik),” tandhese.

Wewujudan minangka basa simbul kang canggih iki, miturut Narsen, minangka tetenger abstraksi biomorfis kang luwes lan ora tau mandeg. Dene sumber gagasan karyane iku mujudake gambaran ragane manungsa kang ngalami tekanan-tekanan psikologis jroning urip padinane. Bisa uga jalaran saka pangaruhe saka anjloke bidhang pulitik, ekonomi, sosial budaya, lan alam sarta lingkungan urip, kang kudu diadhepi utawa disrateni.

“Anane maneka warna prakara jroning urip iki paweh pangaruh arupa rasa bunege marang uripe sakabehe titah. Kahanan iki kang ngaruh marang gambaran ragane manungsa, lan sabanjure dak ngrembakakake awujud karya seni rupa,” piterange Narsen kang uga dhosen FSSR UNS Solo iki.

 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya