SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Pahargyan agung tekane taun anyar miturut petungan penanggalan Islam kang asring kasebut 1 Muharram 1433 Hijriyah, utawa 1 Sura 1945, nembe wae diadani. Dina Minggu Wage (27/11) kepungkur, warga ing tlatah Ngayogyakarta, pada mangayubagya tekane warsa enggal iku. Sabarang upacara diadani dening warga, kanggo ngregengake tekane warsa enggal iku.
   
Kaya kang wus dadi adat sabene, ing Karaton Ngayogyakarta, malem siji Sura, kang ngepasi ing dina Setu Pon (26/11) diadani upacara tradhisi umbul donga lan lampah tapa bisu mubeng Beteng.

Miturut Sekretaris paguyuban abdi dalem Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat, Kanjeng Mas Tumenggung Condropurnomo, adicara kang diadani ing malem Siji Sura yaiku wilujengan kang diadani ing Keben Kraton, kanti umbul donga, nyeyuwun supaya kabeh warga tansah diparingi katentreman.

Promosi Selamat Datang di Liga 1, Liga Seluruh Indonesia!

Sakwuse diadani umbul donga, sakbanjure diadani tirakatan kanthi tembang macapatan. “Tembang macapat kang ditembangake nduweni teges kayadene donga, salah sawijine nyeyuwun lan ndedonga supaya Undhang-undhang Keistimewaan Ngayogyakarta bisa enggal rampung,” ngono ngendhikane Mas Tumenggung Condropurnomo.

Ekspedisi Mudik 2024

Sakliyane iku, warga uga padha ngadani tradhisi lampah bisu mubeng Beteng. Sajatine, tradisi tapa bisu mubeng beteng dhewe dudu tradisi kang diadani dening Karaton. Tradisi iki saktemene mung diadani dening para abdi dalem kaprajan lan punakawan Karaton. Sanadyan mengkono, tradisi iki tetep lestari lan tetep disengkuyung dening kabeh warga, lan dadi salah sawijining tradisi kang perlu dilestarekake.

Ing Kabupaten Kulonprogo, maewu-ewu warga uga mahargya tekane warsa enggal kanthi sabarang laku. Salah sawijine papan kang penting kanggo laku prihatin yaiku ana ing pucuking Gunung Suroloyo, ing Desa Gerbosari, Kecamatan Samigaluh. Wiwit dina Setu Pon sore, ewon warga wus wiwit teka ing Suroloyo, sakperlu manekung marang Gusti. Sakbanjure ing dina Minggu esuk, uga diadani jamasan pusaka tilaran Dalem Sri Sultan Hamengku Buwono kang kaping Sanga, yaiku Tombak Manggala Murti lan Songsong Manggala Dewa. Pusaka iku dijamasi ana ing Sendhang Kawidodaren kang uga mapan ing sakkiwa tengene Gunung Suroloyo.

Ing Kabupaten Bantul, warga mangayubagya tekane warsa enggal uga kanti upacara tradhisional, kayadene kang diadani warga ing Pesisir Samas. Warga ngadani upacara tradhisional Kirab Tumurunie Maesa Sura ing Dhusun Ngepet, Desa Srigading, Kecamatan Sanden. Ing adicara iki, sakliyane umbul donga, warga uga padha ngadani sesajen kang dilabuh ing segara, kayadene tumpeng, ingkung, lan sakpanunggalane. 

“Wiwitane ing jaman mbiyen amung sesaji, ananging wiwit 2009, tradhisi iki didadekake kesenian tradhisional kanthi ditambahi kayadene anane sendratari lan uga kirab gunungan,” ngono ngendikane Kepala Desa Srigading, Dwi Raharjo, nalika ditemoni sakbubare adicara. Miturut Dwi Raharja, kanthi anane upacara iku, warga precaya menawa taun anyar kang bakal teka bakal bisa menehi berkah kanggo kabeh warga.

Ing tlatah Desa Kemadang, Kecamatan Tanjungsari, Gunungkidul, warga uga ngadani tradhisi sedekah laut ing Pesisir Kukup.

Miturut Samidin, juru kunci Pesisir Kukup, sedekah laut kang diadani mujudake upacara nyeyuwun marang Gusti supaya kabeh warga, bakune para nelayan kang ana ing Pesisir Kukup tansah diwenehi keslametan sarta diwenehi rejeki kang agung.

“Sedekah laut dileksananake bebarengan kalawan tekane warsa enggal utawa Siji Sura,” ngono ngendikane Samidin, Setu (26/11) kepungkur.
   
Ing tradhisi iki, warga uga nglarung ubarampe ing tengah laut kanthi pangajab mbuang kabeh rubeda kang bakal nggagu warga. Miturut Samidin, upacara larung iki kudu diadani supaya kabeh warga tansah oleh keslametan. (Harian Jogja/IAN/ARI/NIA/AMU/PAN)

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya