SOLOPOS.COM - Masak bareng tangga teparuh (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Masak bareng tangga teparuh (FOTO: JIBI/ANTARA/Noveradika)

Tangga yakuwi sedulur kanggo tangga liyane. Sanadyan ora ana sedulur tunggal wongtuwa, bisa tetep dianggep sedulur dhewe. Tangga yakuwi pager kang ngayomi tangga liyane. Nalika salah sijine tangga kena bebaya, tangga liyane bakal menehi pitulungan, tanpa pamrih tanpa tedeng aling-aling. Yen duwe tangga kang becik, urip ing masarakat bakal ayem lan tentrem. Kebutuhan bisa digotong rame-rame, mula ora bakal krasa kabotan.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Nanging yen duwe tangga kang ora becik, bakal bisa mbebayani. Guyub rukun bisa sirna, gotong royong luntur lan ilang. Lan ora bisa njaga marang tangga siji lan sijine utawa luwih gedhe nepsu individual tinimbang kerukunan marang tangga teparo. Mula, ing budaya Jawa ana sesanti pager mangkok luwih kuwat tinimbang pager tembok. Guyub rukun marang tangga luwih becik tinimbang mbangun pager dhuwur nanging ora preduli marang kahanan sakiwa-tengene.

Miturut budayawan lan pangarsa Padhepokan Seni Sarotama, Mujiono, wus dadi fitrahe manungsa yaiku ora bakal bisa urip ijen utawa urip tanpa mbutuhake pitulungane wong liya. Mula, nalika urip ing masarakat, kudu bisa nguripake sipat tepa selira, sinandhingan, gotong-royong, guyub rukun marang tangga siji lawan tangga liyane. Nalika sipat- sipat kabecikan iki wus ana lan subur ing masarakat, bakal bisa urip tentrem lan sejahtera.

“Nalika kowe mangsak, ambune tekan irunge tanggane, luwih becik mangsakan kuwi didum marang tanggane. Iki salah sijine conto pager mangkok,” kandhane Mujiono, Selasa (24/7).

Senadyan mung awujud panganan utawa mangsakan samadya, ora mewah, nanging nalika didum, bisa nuwuhake sipat kang becik, sipat paseduluran lan melu handarbeni. Mula, salah sijine kunci pager mangkok yaiku seneng weweh utawa duwe sipat gampang menehi pitulungan.

“Sapa weweh bakal wuwuh. Sapa sing seneng menehi kabecikan, pitulungan, bakal manen wuwuh utawa kabegjan,” ujare piyambake.

Suwalike, sapa sing cethil methithil, bakal ketiban bebaya. Contone nalika tangga siji lan sijine ora padha sesrawungan, mula sipat sing ana yakuwi individual. Sipat iki bisa nekani bebaya nalika ana tangga sing kemalingan, tangga liyane ora preduli, senadyan bisa menehi pitulungan. Wong sing cethil, ora duwe sipat weweh, nasibe ora beda karo wong sing individual.

Sipat individual yakuwi rumangsa bisa urip dhewe tanpa pitulungan wong liya. Iki ora beda karo sipat sumengah amarga ndeleng wong liya ora luwih becik tinimbang awake dhewe. Iki dadi kosok walike fitrahe manungsa kang urip bareng-bareng. Mula wong sing umuk lan individual ora bakal urip tentrem, anane sumelang kelawan waswas marang keslametane bandhane. Carane yaiku salah sijine sing bisa dideleng saka carane mbangun pager tembok.

Ing masarakat ana sing jenenge lembaga RT utawa rukun tetangga lan RW utawa rukun warga. RT lan RW ora gur dimaknani lembaga kang ngurusi administrasi kaya dene KTP. Uga ora mung kanggo nariki iuran warga. Luwih luhur saka kuwi yaiku bisa dadi lembaga kang bisa ngraketake warga siji lan liyane, tangga siji lan liyane. Jenenge wae wus nganggo ukara rukun, mula yen ana padudon ing masarakat, RT siji padu karo RT liyane, berarti lembaga kuwi durung bisa menehi piguna sejati marang masarakat.

Pager tembok ora cukup dimaknani pager ing pinggir omah kang wujude tembok bata, kang gunane kanggo keamanan. Nanging uga bisa dimaknani sipat kang ngadohi lan mbatesi wong iku marang wong liya. Pager kuwi mbatesi wong siji lan sijine, amarga sipat rumangsa pinter dhewe, rumangsa sugih lan duwe pangkat dhuwur dhewe. Mula wong sing duwe sipat kasebut rumangsa ora butuh wong liya, rumangsa cukup karo usahane dhewe, mula dheweke kaya urip ngadeg dhewe ing omah kang diubengi pager kang dhuwur.

Nalika panger mangkok mung dimaknani menehi barang, banjur piye wong sing ora duwe bandha akeh utawa uripe pas-pasan? Wong kasebut mesthine uga pengin diurmati ing masarakat, senadyan wong kang ora duwe. Mula pager mangkok uga bisa dimaknani sipat sabar lan jujur. “Ora sithik, wong sing ora duwe, nanging isih umuk marang kahanane dheweke. Banjur tanggane sing arep menehi, ora dadi menehi. Beda yang dheweke narima lan jujur, bakal bisa urip tentrem dan ditresnani uga diurmati.”

Kunci pager mangkok kajaba sipat weweh lan guyub rukun, yakuwi ngandhani kanggo kabecikan. “Nalika ngerti tanggane nglakoni barang kang ala, ya dikandhani kanthi cara kang alus lan becik,” ujare Mujiono.

Tangga sing apik kuwi ora meneng nalika tanggane nglakoni barang kang ala. Ora duweni sipat masa bodoh utawa ‘kowe ya kowe, aku ya aku’. Iki ora banjur melu campur urusan tangga, nanging uga ana wates-wates kang ora diliwati.

“Ing agama wus ngatur, wong siji lan liyane kudu bisa ngandhani sing becik, supaya bisa slamet ing alam donya lan akhirat. Iki makna kang luwih jembar saka pager mangkok, yakuwi keslametan donya lan akhirat,” kandhane.

Pager mangkok wujud weweh bisa menehi keselamatan ing donya. Nanging wujud ngelingake marang kabecikan siji lan liyane bisa menehi keslametan ing akhirat. Contone nalika duwe tangga utawa kanca kang seneng botohan, senadyan barange cilik kaya botoh asil bal-balan lan dhuwite ora sepiraa, kudu diwenehi nasehat kang becik. Botohan senadyan cilik tetep wae ora becik, sebab kuwi sipat kang ala, lan kasile botoh ora bakal bisa menehi kabecikan lan katentreman. Menehi nasehat kang becik uga bisa dadi salah sijine kunci pager mangkok, yakuwi keslametan ing akhirat.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya