SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Apa wae sing kemucap saka lambene sing wis setengah perot iku paribasane nyembur geni. Mesti sumpahe manjur awujud kedadean kang gawe mirising ati. Mula ora ana warga kang wani natoni atine sanadyan anggone celathu kuwi kudu nganggo pidana pisuh lan ngabangake kuping.

Wiwit sepuluh tahun kepungkur, Mbok Dar kuwi uwis dadi randha. Bojone kalap neng kali, anake lanang siji sijine malah dibedhil pulisi nalika konangan ngrampok toko mas-masan ana Pasar Klewer.

Promosi Bukan Mission Impossible, Garuda!

Sanadyan urip dhewekan, nanging Mbok Dar ora katon nggresah. Malah kosok balene, dadi sansaya galak kaya asu manak marang sapa wae sing agawe atine sumpek mbedhedheg. Nanging, para warga wis ora nggumun maneh marang sipate Mbok Dar iku. Lha wong nalika bojo lan anake isih sugeng wae wis kerep misuh-misuh, malah kelakon wis tau nundhung minggat bojone jalaran konangan ngunthit dhuwit dagangan bumbon pasar kanggo pasang Togel. Semono uga marang anake sing jenenge Tarman kae, saben dina dipisuh-pisuhi nganggo ukara kewan, lan nyupatani ora bakal dawa uripe. Kuwi jalaran ngonangi Tarman nggugurake kandhungane pacangane sing telat garapsari.

Kampung Bantaran iku saiki katon sepi. Warga uga ngedol omah, banjur kredhit pomahan anyar ana papan sing luwih dhuwur, Plesungan, Njenggrik, utawa Kendalrejo. Mungkin wae wis ora betah marang banjir sing sakwayah-wayah teka sakwise udan deres sedina sewengi. Nanging saka rerasan kanthi cara gethok tular, para warga semana uga Pak Sugiyo wis ora betah maneh marang Mbok Dar sing sansaya suwe tambah ndadi anggone ngumbar supata.

Kurang luwih wis telung taun iki, Kampung Bantaran iki kaya ketrajang pageblug. Saben sasi mesthi ana wae kaluwarga sing kesripahan kanthi cara ora lumrah, kayata tabrakan, kebrukan papan reklame, kesetrum, kecemplung sumur, kintir neng kali Bengawan, kejlungup saka loteng, kebledhosan kompor gas, dicokot ula, lan kabeh penyakit, kayata semper, ketedhun, gondhongen, maag akut, bludreg, angin duduk, lan sikil gajah.

Sawijining dina, Mbok Dar kedhapuk dadi juru mangsak ana rewangan ewuh ngundhuh mantu anake Lek Gito Gelas, juragan toko bolo pecah lungsuran ana Nonongan. Besane Lek Gito sing saka Wonogiri iku kasunyatan luwih akeh lipet telu saka etung-etungan sakdurunge. Banjur Lek Gito bingung amarga saka jatahe konsumsi iku mau mung dipunjuli separo.

“Waduh iki piye Mbok? Tamune mbludak kursine wae kurang. Malah ana sing kapeksa lungguh ana empere Pak Sugiyo,” ujare Lek Gito. “Sope kepriye? Amarga kudu kulakan pitik neng pasar. Mesthi kesuwen, selak tamune padha mulih!”

“Wis, pasrahna aku, To. Coba tak liger-ligerke ngen bisa cukup. Yen perkara sop lan wedang ora bakal kurang.”

“Lha panganane?”

“Aku tak kongkonan Paiman kon mborong roti mandarin, kacang, lan emping neng kateringe Cik Hwa Hwan neng Sorogenen,” ngono wangsulane Mbok Dar karo malangkerik kaya Mbok Mase juragan batik.

Ana ing ngarepe para tetamu, Lek Gito tansah ngunjal ambegan, kelegan. Banjur mesam-mesem ngen ora katon was sumelang padha ora keduman suguhan.

***

“Kae duduhe sop, dijoki banyu panas cepet!! Ojo klelar kleler kaya tuma kathok!!”

“Nggihhh…”

“Terus makruni, wertel, iwak pitike dikelongi telung prapat-telung prapat!”

“Nggihhh…”

“Nggah nggih nggah nggih..gek ndang cepet!! Tamune selak keluwen!!”

“Sik..Mbok..Mbok..lha panganane wae durung metu kok.”

“Lho, durung teka ta?”

“Wah..mesthi Paiman lagi mbribik anake Cik Hwa Hwa. Ameh diajak nonton dhangdhut asolole neng THR.”

“Ooo..yen nganti tenanan gawe kisruh wong tandang gawe, titenana mengko yen ketedhun kapok!!”

“Wadhuhh!!!! Tuluuunggg!!!” Paiman mudhun sokok mobil boks sing isine panganan pesenan saka kateringe Cik Hwa Hwa. Paiman ndheprok saknalika karo nyekeli kathok.

“Eneng apa Man?”

“Lhaaa..rak tenan ta. Diweling yen dikongkon iku dirampungke dhisik. Ora selintat selintut ngejak kencan. Wong ya durung karuwan anake Hwa Hwa sing ayune moblong-moblong kae gelem kok tembung,” saurane Mbok Dar karo njawil sawijining sinoman kanggo ngudhunke panganan saka mobil boks.



Ndilalah para rewang padha bingung lan lali ora nambahi bumbu lan uyah marang duduh sop sing bubar wae dijoki wedang panas. Mula ora nggumun yen para tetamu sambat yen sope anyep nggejejet kaya wedang pitik. “Wis sithik, rasane ora lumrah. Karo neneg penjara wae enak neng penjara,” ngono grundelane sawijining tamu sing ndilalah wae nyupiri rombongan besan saka Wonogiri. Gemrundele wong iku mau krungu tekan kupinge Mbok Dar sing ndilalah ngepasi ngetung cacah tamu sing melu njagong. Mbok Dar banjur menyat tumuju pawon.

“Wo..titenana..ora bakal tekan ngomah kowe Le..Lee..,” ngono anggone Mbok Dar nyupatani. Kira-kira rong jam sakwise ngundhuh temanten rampung, krungu kabar yen rombongan besan iku mau kejlungup sawah nalika ngliwati Gunung Pegat. Ora ana kurban kajaba supire.

Suwening suwe warga padha niteni Mbok Dar anggone nyupatani. Lan ora pisan pindho anggone nyupatani. Paling ora sesasi pisan, mesthi ana kaluwarga sing kesripahan. Saben sasi mesthi ana sing tangisan. Saben sasi mesthi ana sing ngrasakke semedhot jalaran kelangan anak, bojo, sedulur, kanca, lan mantu.

Sansaya suwe, Kampung Bantaran iku sepi nyenyet kaya kampung dhemit. Isih akeh omah dhempet-dhempetan, nanging ora ana sing manggoni. Sing wis kebacut nuku mungkin wae keweden lan ora bakal manggoni sanadyan wis kadung mbayar. Wiwit padha bedhol kampung, Mbok Dar lagi krasa yen dheweke wis ora duwe tangga lan kanca, kajaba swara wong nangis sing sakwayah-wayah krungu saka kupinge, banjur dheweke ora bisa turu. Nganti sakwijining dina, Mbok Dar ditemokake tukang bangunan sing nggempur omah-omah ana kampung iku ngglethak ing emperan omah.

Abednego Afriadi, Grogol, Juli 2012

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya