SOLOPOS.COM - Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/Antara)

Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/Antara)

Guru, mujudaken ujung tumbak piwucalan ing Indonesia. Wonten ing sujarah dipuncariyosaken, nalika Hiroshima lan Nagasaki ketaman bom atom saking Amerika Serikat, sadaya lebur, mboten wonten ingkang nyisa babarpisan. Bom atom ingkang niwasaken 140.000 tiyang ing Hiroshima lan 80.000 ing Nagasaki, ugi niwasaken ewon tiyang awit tatu utawi sakit saking radhiasining bom atom kalawau.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Inggih awit menika Jepang lajeng ngumumaken nyerah dhateng Sekutu. Kaisar Jepang wekdal samanten ndangu, punapa taksih wonten guru ingkang slamet urip? Nalika dipunjawab taksih wonten, Kaisar Jepang ngandika malih,”yen ngono, nagara iki isih bisa slamet”.

Menapa ingkang sinebat ing nginggil kalawau mratelakaken pentingipun peran guru ing sawijining negari, ngantos dipunpitados ngibarat saged ambangun malih negari ingkang sampun ambruk. Kapitadosan kalawau linambaran saking gagasan bilih ngelmu ingkang ing kabudayan Jawi bebasan digembol ora mbrenjol, diguwak ora kemrosak saged dados dhasar kangge nuwuhaken malih sadaya ingkang sampun cures. Lan namung guru ingkang saged paring piwucal lan nyebaraken ngelmu kalawau.

Guru ingkang pinitados gudhanging ngelmu, kedah saged digugu lan ditiru. Amrih saged digugu lan ditiru, guru kedah anggadhahi ngelmu lan wawasan ingkang jembar, saengga saged dados pituladhan tumraping bebrayan. Awit saking menika, mboten wonten awonipun menawi guru ugi mangertosi sumber-sumber ngelmu supados saged dipuntularaken dhateng para siswanipun. Salah satunggaling sumber ngelmu kalawau ing bebrayan Jawi wonten ewoning serat-serat piwulang, ingkang ngemot babagan pendhidhikan lan nggadhahi nilai dedaktik.

Ing madyaning kabudayan Jawi, kathah sanget serat-serat piwulang, mboten katalompen piwulang pendhidhikan ingkang nggadahi nilai dedaktik. Serat-serat kalawau saged dipuncireni saking namining judul utawi saking isinipun. Tuladhanipun Serat Wulang Putri anggitanipun Pakubuwana X isinipun piwulang tumrap para putri.

Serat Wulang Punggawa, isinipun piwulang dhumateng punggawaning praja. Serat Warah Soldhahu, isinipun babagan piwulang dhateng para soldhadhu (prajurit). Sanesipun menika saged dipun pendhet sawijiningh conto, bilih dongeng mujudaken sarana ingkang trep lan pas kangge nanemaken babagan piwulang budi pekerti lan unggah-ungguh.

Bab menika saged dumados awit ing salabetipun dongeng menika ngemu caiyos-cariyos ingkang saged kangge patuladhan tumrapipun lare-lare. Lare-lare asampunipun dipun cariyosaken utawi sasampunipun dipundongengi dening tiyang sepuh utawi gurunipun, lajeng saged milah saha milih pundi prekawis ingkang sae, lan pundi prekawis ingkang boten sae ing salebetipun dongeng menika. Kados ta ingkang kaemot ing serat ingkang asesirah Dongeng Piwulang Becik.

Sanesipun menika, wonten ugi sawenehing jinis serat-serat suluk. Ingkang sinebat ing nginggil kalawau, mujudaken serat-serat Jawi ingkang anggabungaken kawruh kabudayan Jawi lan kawruh agami Islam. Suluk, asalipun saking basa Arab sulukun, silkun ingkang tegesipun pangumbaranipun sang maratapa. Salaka tegesipun nglampahi pangumbaran. Kawontenaning manungsa, dipunanggep nembe nglampahi pangumbaran. Dumugi saking asalipun lan wangsul dhateng asalipun malih utawi sangkan paran.

Serat-serat suluk kalawau wiwit ngrebda kathah ing jaman Surakarta Awal, ingkang dipunanggit dening para pujangga. Ing Karaton Surakarta pujangga ingkang nganggit babagan menika, kadosta RNg Ranggawarsita kanthi anggitanipun Wirid Hidayat Jati. Umumipun, isining serat-serat suluk kalawau mujudaken pawicantenan antawisipun guru lan murid. Kadosta Suluk Wujil mujudaken pawicantenan ing antawisipun Sunan Bonang lan muridipun ingkang nama Wujil.

Kanthi makaten para guru kedah sregep lan sampun ngantos lingsem mendhet ngelmu saking serat-serat Jawi. Serat-serat kalawau mujudaken piwulang ingkang sae dipunajaraken dhateng lare-lare ing jaman sakmenika. Serat-serat kalawau ugi mujudaken sumber ngelmu tumrap para guru ingkang samangke badhe anularaken dhateng para siswanipun, anuwuhaken raos welas asih, lan angrembakaken sarta mekaraken jagading pendhidhikan wonten ing masyarakat.

Siti Muslifah SS MHum, Sekretaris Jurusan Sastra Arab FSSR UNS Solo

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya