Otonomi Daerah Kudu Nyengkuyung Seni Tradhisi
Bondan Nusantara, istimewa
Bondan Nusantara(FOTO/Istimewa)

Otonomi daerah kudune ndadekake seni tradhisi sansaya ngrembaka. Kasunyatane, seni tradhisi malah sansaya kasingkur. Ing jaman Orde Baru biyen, akeh adicara, kalodhangan lan panggonan kanggo mbabar seni tradhisi. Dene saiki ing jaman otonomi daerah malah sansaya akeh punjer seni tradhisi sing cures.

YE Marstyanto, nom-noman sing adreng nggilut jagat seni ing Kentroeng Rock n Roll, nelakake kayadene taman budaya saiki malah ora ngrembaka dadi papan ndhedher lan ngrembakakake seni tradhisi. Jagad seni ing wewengkon taman budaya sansaya cures.

Seniman kethoprak saka Kutha Jogja, Bondan Nusantara, ing kalodhangan mbabar andharan ing Sarasehan Seni Pertunjukan Tradisional dalam Festival Seni Pertunjukan Tradisional Indonesia 2012, Slasa (27/11), ing Teater Arena Taman Budaya Surakarta (TBS), nelakake seni tradhisi pancen ngadhepi reridhu.

Seni tradhisi isih ana lan urip nanging ing madyaning jagad seni populer sing ngrembaka tanpa wates ndadekake seni tradhisi kadidene urip wegah nanging ora gelem mati.

Miturut Bondan, kahanan mangkene iki pancen pepesthen jalaran antarane seni tradhisi lan seni modheren/populer ora bisa dipadhakake, ana prabeda kang asipat gumathok, ora bisa digathukake.

Seni modheren asumber budaya populer lair lan ngrembaka lelandhesan kahanan pasar. Seni tradhisi cetha ora gumantung pasar. Seni tradhisi luwih nengenake jiwa gotong royong, guyup rukun, lan kepriye murih dhiri pribadi lan bebrayan bisa menjila.

Seni tradhisi, miturut Bondan, lair, urip lan ngrembaka minangka sarana nglairake krenteg kang asipat kolektif. Iki genah kosok balen kalawan teori pasar sing balungane apa sing dijaluk lan sapa sing bisa nyedhiyakake utawa bathi. Budaya populer tansah lelandhesan bathi kuwi mau.

“Ing taun 1960-an seni tradhisi ngrembaka jalaran dayane politik. Jaman Orde Baru uga mangkono. Nanging, sawise reformasi, seni tradhisi sansaya cures, kasingkur,” piterange Bondan.

Reformasi sing nglairake otonomi daerah, miturut Bondan, uga nuwuhake owah-owahan ing cara mikire para pangarsaning negara, pangarsaning paprentahan. Kabudayan sing sadurunge disarujuki minangka investasi kultural lan jati dhiri bangsa wusana kalah dening kawicaksanan kasat mata sing mratah dening kapentingan politik lan ekonomi.

Kanggo ngawekani kanyatan mangkono mau, Bondan nawakake kudu ana owah-owahan cara mikir. Para pangarsaning paprentahan kudu ngowahi cara mindeng kanyatan lan cara mikir nalika ngracik kawicaksanan.

Otonomi daerah kudu kajurung kanggo ngudi raharjaning rakyat ing tataran lair lan batin. Kesenian, kagunan, kabudayan kuwi genah sarana kanggo ngudi raharjaning rakyat ing tataran batin. Sakorane rakyat ngerti lamun pemerintah manjing ing tengah-tengahing bebrayan, ing kahanan seneng utawa susah,” pratelane Bondan.

Owah-owahan cara mikir lan cara ngracik kawicaksanan kuwi, miturut Bondan, kasil didhedher ing tlatah Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY). Sawetara taun pungkasan iki, para seniman tradhisi ing DIY gumregut lan cancut taliwanda melu ambyur ing laku ngracik APBD Provinsi DIY dan APBD Kabupaten/Kutha ing DIY.

”Laku ngracik APBD kuwi laku ngracik anggaran asumber dhuwite rakyat. Seni tradhisi kuwi perangan baku uripe rakyat. Seniman tradhisi kuwi sing ngurip-urip seni tradhisi. Hamula, seniman tradhisi kudu gelem cawe-cawe ing laku ngracik APBD,” pratelane Bondan.

Ing aturan kang ditrapake minangka landhesan otonomi daerah ada kalodhangan mirunggan tumrap kabeh perangan bebrayan agung kanggo cawe-cawe ing laku ngracik APBD. Kalodhangan kuwi uga sumadya tumrap para seniman tradhisi.

Lire, otonomi daerah suka kalodhangan mirunggan kanggo cawe-cawe jalaran laku ngracik APBD kudu adhedhasar partisipasi saka kabeh perangan bebrayan agung. Kanthi cara mangkono, miturut Bondan, seniman tradhisi bisa merbawani politik anggaran kan pamrihe supaya pemerintah aweh kawigaten marang nasib seni tradhisi lan seniman tradhisi.

“Laku mangkene iki bisa kaleksanan ing DIY jalaran ing DIY mung ana limang kutha lan kabupaten. Pancen beda yen katandhingake Jawa Tengah sing nyakup 35 kabupaten/kutha. Nanging, apa kang dicakake dening para seniman tradhisi ing DIY kuwi bisa dicakake ing saben kabupaten/kutha,” pratelane Bondan.

Saliyane cawe-cawe ing politik anggaran, miturut Henri Nurcahyo, Direktur Lembaga Ekologi Budaya (Elbud) lan Sekjen Asosiasi Tradisi Lisan (ATL) Jawa Timur, para seniman tradhisi kudu ndayakake seni tradhisi. Seni tradhisi dudu artefak, dudu barang mati. Seni tradhisi kuwi urip ing saben manungsa.



Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya






Kolom