Jumat, 10 Februari 2012 - 15:32 WIB

Ora Awates Klangenan

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Ichwan Prasetyo, Juru Warta SOLOPOS (FOTO/Dok)

Ichwan Prasetyo, Juru Warta SOLOPOS (FOTO/Dok)

Jan-jane babagan basa kuwi gegayutan karo pakulinan lan sikep. Pakulinan iki wujude ora liya nggunakake basa ing wewengkon papan dunung. Pasinaon basa Jawa prelu disengkuyung piwulang basa ing sekolahan. Buku piwulang Basa Jawa durung cukup. Prelu ana laku inovatif kanthi cara nggawe software basa Jawa, medhia pasinaon kang nganggo basa Jawa lan forum-forum pirembugan sing nggunakake basa Jawa.

Advertisement

Ing rembugan iki, babaran ariwarti utawa kalawarti basa Jawa lan giyaran basa Jawa dadi wigati. Pawarta ing radhio utawa TV sing nggunakake basa Jawa wis ana, nanging durung ana TV utawa radhio sing giyarane 100% nggunakake basa Jawa. Kalawarti utawa ariwarti sing nyedhiyakake rubrik abasa Jawa uga ana, nanging langka.

Ora ana ariwarti sing nyedhiyakake sakaca (apike luwih) saben dina kanggo ngleluri basa Jawa. Ana ariwarti kang duwe rubrik mligi abasa Jawa, nanging mung kababar seminggu sepisan. Kalawarti abasa Jawa racake uga kababar seminggu sepisan. Kuwi wae ora kuwawa nyakup para pamaca generasi mudha. Wacan abasa Jawa kaya-kaya mung dadi klangenan tumrap para sepuh.

Mula, dadi tantangan tumrap ariwarti, kalawarti lan giyaran ing medhia elektronik kang saprene kuwawa ngleluri rubrik abasa Jawa. Tantangane ora liya kupiya kanggo ngracik tulisan kang kuwawa narik kawigatene bocah, remaja lan para mudha.

Advertisement

Luwih becik maneh yen basa Jawa sing katulis ing ariwarti utawa kalawarti lan kagunakake ing giyaran medhia elektronik iku basa Jawa kang katrumrapake para mudha lan bocah (dialek sosial) jalaran para bocah, remaja lan para mudha kuwi golongan kang bakal dadi paneruse basa Jawa. Ariwarti, kalawarti lan giyaran abasa Jawa sing saiki ana, pamacane akeh-akehe para sepuh. Ora akeh para mudha ketarik gati marang ariwarti, kalawarti lan giyaran abasa Jawa.

Yen mbukak cathetan sujarah, jan-jane ariwarti utawa kalawarti abasa Jawa mujudake balungane perjuwangan mbangun nasionalisme nganti ngrebut kamardikan. Yagene ing titiwanci iki ariwarti, kalawarti lan giayaran abasa Jawa prasasat ora payu? Kuwi (bisa dipesthekake) jalaran dayane kabudayan kang asumber saka kanyatan jagat kang sansaya tanpa wates. Tundhone ndadekake generasi mudha (Jawa) nganggep lamun basa Jawa kuwi kuna, ora njamani, ndesa lan kuper utawa kurang pergaulan.

Kanyatan kang mangkene iki ndadekake girise para sepuh. Lan kudune uga ndadekake girise kabeh wong Jawa. Menawa dijarke, basa Jawa bakal sansaya cures. Kamangka, ing titi wanci iki, miturut panemune para nimpuna basa lan sastra Jawa, yen kapindeng saka babagan kuwalitas, basa Jawa isih awet, isih kajaga kanthi temen-temen.

Advertisement

Iki gegayutan kalawan akehe nimpuna basa lan sastra Jawa. Aken dhoktor basa lan sastra Jawa, akeh budayawan Jawa, akeh profesor basa lan sastra Jawa. Ing bebrayan agung Jawa uga akeh sanggar lan paguyuban yang kapiadreng memetri basa lan sastra Jawa.

Ewadene ing babagan kuantitas, basa Jawa pancen sansaya mrihatinake. Racake para mudha Jawa jaman saiki ora trampil ngetrapake unggah-ungguh basa Jawa. Kepara tetembungan basa Jawane wae mesthi kacampuran basa Indonesia lan basa asing liyane. Hamula, ariwarti, kalawarti lan giyaran abasa Jawa dadi wigati banget kangge nepungake para mudha Jawa jaman saiki marang oyot kabudayane lan jati dhirine. Basa Jawa kang digunakake kudu narik kawigatene para mudha, tanpa ngrusak endah lan adiluhunge basa Jawa. Menawa iki bisa kawujud, ariwarti, kalawarti lan giyaran abasa Jawa bakal menjila dari sarana kang murakabi kanggo ndayakake lan ngrembakakake basa Jawa. Sumangga

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif