SOLOPOS.COM - Indah Nur Hadiani

Opera Gurit Kidung Sekaring Wanodya lelandhesan geguritan karyane Nyai Puncak Solo sing asma asline indah Nur Hadiani dibabar ing pendapa Taman Budaya Surakarta (TBS), Jemuah (21/12/2012) wengi. Opera kasebut dibabar dening Padeoikan Gurit Rebo Pon (Pagupon) kanggo mengeti Dino Ibu,22 Desember 2012.

Wanodya punika sekar kencana

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Wanodya punika kaca benggala

Wanodya punika kautaman seki.

Ekspedisi Mudik 2024

Wanodya punika sekar kang ngobahake jagad raya…

 

Geguritan kuwi diwaca sora dening puluhan wanita ing pungkasaning pagelaran  Opera Gurit Kidung Sekaring Wanodya, Jemuah (21/12) wengi, ing Pendapa Taman Budaya Surakarta (TBS). Geguritan kuwi kairingan gamelan sing uga ditabuh sora. Nyawijine geguritan lan gamelan kuwi nggambarake wanita minangka saka guru kulawarga lan bebrayan agung.

Indah Nur Hadiani

Pagelaran opera geguritan kuwi kanggo mengeti Dina Ibu, 22 Desember.  Opera sing dibabar watara sakjam kuwi nyritakake lelakon lan kridhane wanita ing titi wanci pungkasan iki kang sansaya onja, kepara saiki akeh wanita sing nemtokake abang irenge urip bebrayan. Opera geguritan kuwi diilhami kridhane RA Kartini.

Ayang-ayang sing methungul ing tengah panggung kairingan racikan musik gamelan lan lampu sing timbreng utawa lamat-lamat nuwuhake perbawa lumer ning kebak daya, kadidene wanita kang tansah dianggep lumer nanging jan-jane nyimpen daya ngedab-edabi. Sasuwene sakjam, para pamideng disuguh gegambaran wredine geguritan-geguritan karyane Nyai Puncak Solo—asma asline Indah Nur Hadiani—ing opera asesirah Kidung Sekaring Wanodya kuwi. Geguritan sing diwaca ing Jemuah wengi kuwi, miturut Indah, karipta wiwit taun 2010.

Babaran geguritan sing nggambarake kridhane wanita kuwi dibacutake gegambaran wredine geguritan ing wujud joget, swara lan musik gamelan. Racikan geguritan, musik gamelan, joget, tata lampu lan tata pangung kuwi nggambarake waniat wiwit lair, dewas nganti wancine bali ing ngayunaning Pangeran. Mesthi wae ing laku uripe kuwi sinartan kridha kang ndayani kulwarga lan bebrayan agung

”Pepak. Aku pengin nggambarake jejering wanita lan kridhaning wanita lumantar geguritan sing dibabar kanthi racikan maneka wujud seni,” pratelane Indah naliak ditemoni wartawan selebare babaran opera gurit kuwi.

Kanggo nggambarake jejering wanita lan kridhane wanita, ing wengi kuwi ora mung dikepyakake seni joget kang sarwa lumer. Ing saperangan geguritan kang diwaca kuwi, wredine kababar ing wujud seni joget kang sarwa sigrak lan trengginas. Nenem wanita njoget kantho obah mosiking raga kang prasasat tanpa cakepan, kadhang kala lumer, kadhang kala sigrak lan trengginas.

”Iki gegambaran sejatining jejering wanita lan kridhane wanita. Kadhang kala kudu lumer, gandhes luwes, nanging kadhang kala uga kudu trengginas, cukat lan sigrak,” piterange Indah.

Adicara kang disugatakake dening para seniman lan pamerdi budaya sing kaimpun ing  Padepokan Gurit Rebo Pon (Pagupon) itu uga diregengake geguritan sing diwaca dening anggota DPRD Jawa Tengah, Sri Yuningsih lan anggota Dewan Perwakilan Daerah (DPD), Poppy Darsono.

Jan-jane panitya uga ngundang Wakil Gubernur Jawa Tengah, Rustrinisngih, supaya kersa ngrawuhi adicara mengeti Dina Ibu kasebut. Rustriningsih kaajab bisa maca geguritan, nanging panjenengane ora bisa rawuh.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya