SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Trajange Raden Kumbakarna lumawan perjurit wanara kang dipandegani dening Prabu Ramawijaya katon nggegirisi. Satriya awujud raseksa iku maju ing palagan mungsuh prajurit saka Ayodya, sedya mbelani negarane, Alengka, kang nembe katekan mungsuh. Kumbakarna maju perang ora sedya mbelani sudarmane, Prabu Dasamuka, kang wus tumindhak angkaramurka, nerak bebener, ndhusta Dewi Shinta, ya garwane Prabu Ramawijaya.
   
Ananging pangamuke Raden Kumbakarna pupus nalika panahe Prabu Rama nrajang dhadhane. Raden Kumbakarna gugur, mbelani tanah wutah getihe. Arya Wibisana, adhine Kumbakarna kang uga ora gelem mbelani Dasamuka, mung bisa muwun sinambi terus mangku kunarpane Raden Kumbakarna.
   
Raden Kumbakarna, satriya kang jujur iku kasedan jati, nyawiji maneh bebarengan kalawan garwane, Dewi Kiswani kang wus luwih dhisik seda. Sakbanjure, kalorone bareng-bareng munggah menyang swargaloka, ngadhep marang Sang Hyang Widi.
   
Gegambaran nyawijine Raden Kumbakarna lan Dewi Kiswani dadi pungkasane crita sendratari kanthi irah-irahan Nyawiji, kang dibabar dening kelompok sendratari perwakilan saka Kabupaten Bantul.
   
Crita iki uga kang sakbanjure nyengkakake Kabupaten Bantul dadi juara umum ing Festival Sendratari antar Kabupaten/Kota ing DIY 2011 kang diadani wiwit dina Jemuah (28/10) tekan Setu (29/10) kepungkur ing Pendhapa SMKI Ngayogyakarta. Sakliyane runtuting crita kang dianggep apik, tata beksan lan uga sandhangan kang diagem para pambeksa ing lakon Njawiji, dianggep paling apik.
   
 “Nyawiji nduweni teges dadi siji utawa manunggal. Ing sendratari Nyawiji, Raden Kumbakarna bisa nyawiji maneh bebarengan kalawan garwane, yaiku Dewi Kiswani, sakwuse gugur ing ngalaga merga mbelani negarane. Kekarone sakbanjure ngadhep bareng-bareng ing ayunane Sang Hyang Widi,” ngono ngendikane Sukirno, dhalang utawa sutradara tari kontingen saka Bantul, nalika nyoba njlentrehake crita kang nembe wae disugatakake.

Regenerasi
Miturut Sukirno, anane para pambeksa cilik kang kadhapuk dadi perjurit wanara, mujudake bageyane kang penting ing sendratari iku. Sakliyane iku, anane pambeksa cilik cacah 14 iku uga bisa dadi cara kanggo nularake utawa regenerasi para pambeksa. Diajab, para pambeksa cilik iku sakbanjure bisa nerusake kiprahe para pambeksa kang wus dhiwasa.

Promosi Semarang (Kaline) Banjir, Saat Alam Mulai Bosan Bersahabat

“Bocah-bocah iku sengaja dielokake kanggo regenerasi, lan diajab sakteruse bisa dadi pambeksa kang mumpuni,” ngono imbuhe Sukirno nalika ditemoni Harian Jogja, sakbubare pentas, Setu Kliwon (29/10). Ing lakon Nyawiji, Sukirno kadhapuk dadi Raden Arya Wibisana.
   
Miturut Sukirno, bocah-bocah kang wus nduweni kaprigelan babagan olah beksan iku dijupuk saka siswa SD lan SMP kang ana ing tlatah Bantul. Bocah-bocah iku sakbanjure tansah melu gladhen udakara sewulan. Kanthi anane gladen utawa latihan kanthu tlaten, bocah-bocah iku bisa mangerteni lakon kang bakal dibabar, lan bisa nglakokake kanthi becik.
   
“Aku sakkanca ngajari sinambi momong. Sing baku yaiku kepiye supaya bocah-bocah iku mangerteni apa sing dikarepake ing lakon Nyawiji. Sing penting kabeh bocah iku seneng ndisik, semangate metu, lan sakbanjure bisa gelem nyoba lan sinau,” babare Sukirno.
   
Lengkowo Pangestu, salah sawijine pambeksa cilik mratelakake, dheweke ora kangelan nalika kudu melu nyengkuyung sendratari Nyawiji, amarga ndeweke pancen wus seneng mbeksa lan tansah sinau beksan wiwit cilik. “Ora angel amarga aku wus asring nari wiwit cilik. Aku rumangsa seneng banget bisa melu ing festival sendratari iki, apamaneh dadi dhutane Kabupaten Bantul,” ngono ujare bocah kang isih sinau ing kelas telu SMP iku.
 
Unggul
Kanthi kaprigelan kang diduweni, ora salah manawa sakbanjure dhuta sendratari saka Kabupaten Bantul bisa dadi juara umum. Salah sawijine paraga, Kuwatna, kang kadhapuk dadi Raden Kumbakarna uga kapilih dadi paraga kakung paling apik, dene Putri Ririn kang kadhapuk dadi Dewi Kiswani uga kapilih dadi paraga pembantu wadon paling apik. Dene Dianiya T kang dadi panata beksa uga kapilih dadi panata beksa paling apik.
   
Miturut urut-urutan, juawa umum sendratari bisa direngkuh dening dhuta saka Kabupaten Bantul, disusul saka Kota Jogja lan Kabupaten Kulonprogo. Dene penyaji madya I direbut deneng dhuta saka Kabupaten Sleman dan penyaji madya II direbut perwakilan saka Kabupaten Gunungkidul.(Juruwarta Harian Jogja/Apriliana Susanti)

HARJO CETAK

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya