SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat, Senen Legi, 6 Sawal utawa Senin (5/9) kepungkur ngadani adicara Mushaf Alquran utawa peluncuran Alquran. Sakliyane iku, Karaton uga mbabar kalender Sultan Agungan, yasan Dalem Kanjeng Sultan Agung.

Miturut sujarah kang ana, Mushaf Alquran Karaton Ngayogyokarta Hadiningrat yuswane wus udakara 212 tahun. Mushaf  iku asring diwaos dening Putri Dalem Sri Sultan Hamengku Buwono II, yaiku Gusti Ayu Sekar Kedhaton.

Promosi Strategi Telkom Jaga Jaringan Demi Layanan Telekomunikasi Prima

Kanggo nglestarekake mushaf kang nduweni seni kang adiluhung iku, banjur digawe tiron utawa repro mushaf. Tiron mushaf kang digawe dening percetakan Kementerian Agama RI iku kang sakbanjure dibabar ing Pagelaran Karaton Ngayogyarta, Senen kepungkur.
   
Sri Sultan Hamengku Buwono X nalika mbuka adicara Mushaf Alquran ngendika, wiosan utawa peluncuran Mushaf Alquran lan kalender Sultan Agungan kang diadani bebarengan kalawan pengetan Amanat 5 September 1945 nduweni teges kang banget penting, bakune kanggo Karaton Ngayogyakarta lan umume kanggo kabeh warga ing Ngayogyakarta. Peluncuran Musfah Alquran lan penagggalan Jawa Sultan Agungan bisa ngemu teges utawa pratandha supaya kabeh warga ing tlatah Ngayogyakarta tansah bisaa mawas dhiri lan bisa tansah ngasah ati. Sakliyane iku, kanthi anane mushaf bisa ndadekake cara pamikiran luwih wening, bakune kanggo ngelingake babagan kang ngemu sujarah, kayadene Amanat 5 September 1945. “Diancas wengi iki bisa dadi cara nyambung mata rantai perjuangan sujarah kang sejatine,” ngono pangandhikane Sultan.
   
Miturut Sultan, saben pengetan dina kang ngemu sujarah, kudune tansah ngemu karep dadi, yaiku peradaban baru kang bisa dibangun bebarengan bisa mujudake rasa kamanungsan, ketuhanan, lan keadilan kang sejati. Jujur kang ngemu kawicaksanan sakbenere bisa dipirsani saka kabudayan utawa religius kultural.
   
Kanjeng Sultan uga ngendhika, miturut sujarah, manuskrip utawa mushaf kang kaparingan asma Kyai Alquran, ing saben kaca nduweni wewujudan kaligrafi kang endah. Diancas, Mushaf Alquran Karaton iku bisa nambahi khasanah desain tradisi, bakune ing Karaton Ngayogyakarta lan kanggo syiar agama Islam.
   
Ngenani babagan penanggalan Sultan Agungan, Sri Sultan ngendhika menawa tanggalan kang anyar bisa ngowahi penanggalan Syamsiah kang isih ngenut penanggalan saka mubenge srengenge. Cara iku mono, miturut Sultan, niru penanggalan Hijriyah Islam. Owah-owahan iku wiwit diadani dina Jemuah Legi sasi Hijriyah 1432. Penanggalan Jawa kang maune isih ngagem Basa Sansekerta diowahi utawa diganti nganggo Basa Jawa lan nganggo petungan dina pasaran lima, wuku, lan windu,  kang iku kabeg mujudake tradhisi budaya Jawa.
   
Kalender Jawa mono mujudake tanggalan kang ngenut etungan matematika, lan ora nganggo petungan astronomi kayadene petungan tanggalan wektu iki. Kanthi petungan kayadene pasaran, wuku, lan windu, tanggalan ora bakal owah, bakune nalika kanggo ngetung lan nemptokake dina kang dianggep penting kayadene Riyaya utawa Lebaran.

Butuh kawigaten
Ora beda kalawan apa kang dingendikaake Sultan, Direktur Percetakan Alquran, Kementerian Agama RI, Samidin Nashir, uga ngedika menawa Mushaf Alquran kagungane Karaton Ngayogyakarta banget nduweni nilai sujarah kang adiluhung.
   
Ora mokal menawa wektu kanggo ndandani lan nggawe tiron mushaf butuh wektu kang suwe. Miturut Samidin, wektu kang suwe iku diprelokake merga kanggo ndandani mushaf banget mbutuhake kawigaten lan panaliten utawa riset.
   
Mushaf kang asli, miturut Samidin, ditulis tangan dening salah sawijining abdi dalem Karaton Ngayogyakarta, yaiku Ki Atmo Purwito, wiwit 21 Robiulawal tekan 6 Pasa taun 1774. Mushaf kang nduweni ukuran 28 x 40 sentimeter iku sakbanjure bisa dirampungke taun 1778 tekan 1779. Mushaf kang ana uga diwenehi sabarang wewangunan kang endah lan uga ngagem bahan kang apik. Mula ora luput menawa mushaf iku dadi kitab kang banget nduweni nilai sujarah kang penting.    

“Ananging merga saiki kahanane mushaf kang asli wus rusak, ya merga saking suwene, mula kanthi palilah Dalem, Kementerian Agama banjur nyoba ndandani lan nggawe tiron mushaf kang ana,” ngono ngendhikane Samidin. Wektu kang diprelokake kanggo ndandani lan nggawe tiron udakara limang sasi.
   
Sakliyane diselirani dening Sri Sultan, Garwa Dalem GKR Hemas, lan Rayi Dalem, GBPH Joyokusumo, adicara kang diadani uga karawuhan dening akeh raja lan sultan saka tlatah Nuswantara, para politikus lan akademisi, kayadene tilas ketua umum Golkar, Akbar Tanjung lan Ketua PP Muhammadiyah, Dien Syamsudin. Ing adicara iku, grup kesenian Kyai Kanjeng kang dipandegani dening Emha Ainun Najib utawa Cak Nun uga kepareng mentas, nembangake sabarang tetembangan kayadene kidung pangkur Mingkar-mingkuring Angkara dan Tombo Ati kang mujydake tembang yasan dalem Sri Sultan Hamengku Buwono IX.(Juruwarta Harian Jogja/Pamuji Tri Nastiti)

HARJO CETAK

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya