Jagad-jawa
Kamis, 2 Agustus 2012 - 08:43 WIB

Nyepuhi Pepanthan Klenengan

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Totok Subiyarto (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Totok Subiyarto (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Salah sijine pepanthan karawitan saka Joyotakan, Angudi Laras gumregah maneh saka sarene. Angudi Laras ngadeg ing taun 1970-an, banjur mati-urip, byar pet amarga agel golek peneruse sing preduli klenengan. Saya suwe saya sithik wong sing preduli marang seni tradhisi. Seni kaya karawitan wus padha ditinggalake generasi mudha.

Advertisement

“Taun 2001 wus dirintis maneh lan tetep bisa ngadeg nganti saiki. Pacobane akeh banget, kaya piranthi gamelan sing wus padha rusak amarga wus taunan ora dienggo, uga golek wong sing preduli marang gamelan kuwi angel banget,” kandhane Pangarsa pepanthan Angudi Luhur, Totok Subiyarto, Senen (30/7) wengi, ing Balai Soedjatmoko.

Kanthi niyat nguri-uri budaya lan tradhisi Jawa, dheweke lan welasan warga ing RW I lan RW liyane ing Kelurahan Joyotakan, Serengan,  sarujuk ngadegake pepanthan karawitan tanpa pamrih. Kasunyatane pancen angel tenan golek wong kang gelem nggilut karawitan jalaran ora bisa dadi papan kanggo golek dhuwit, mula anane mung saka klangenan utawa kesenengan.

“Ana sing wus seda, ana sing transmigrasi menyang Kalimantan. Wiwit taun 80-an lan 90-an byar pet- byar pet. Saiki isih telung wong sing  nuwani,” kandhane.

Advertisement

Miturut Totok sing saiki dadi pegawe ing PLN Ngawi, Jawa Timur, sanadyan para anggota ora pamrih dhuwit, nanging warga masarakat tetep kepingin pepanthan iki bisa tetep ngadeg.

“Malah aku krungu kabar sing transmigrasi ing Kalimantan ngadegake pepanthan karawitan lan bisa dadi gondhelan urip. Ing Kalimantan, kancaku ditanggap hotel- hotel kanggo nabuh gendhing Jawa lan ing Kalimantan malah diurmati,” ujare piyambake.

Advertisement
Advertisement
Kata Kunci : Klenengan Nyepuhi Pepanthan
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif