Jagad-jawa
Kamis, 3 Mei 2012 - 10:09 WIB

Nonton Film Kanggo Nglawan Korupsi

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - MEDHAR ANDHARAN--Sawetara pamicara medhar andharan jroning adicara pirembugan ing Baliai Muhammadoyah Solo, Senen (30/4). (Espos/Ahmad Hartanto)

MEDHAR ANDHARAN--Sawetara pamicara medhar andharan jroning adicara pirembugan ing Baliai Muhammadoyah Solo, Senen (30/4). (Espos/Ahmad Hartanto)

Film kang irah-irahane Kita versus Korupsi sing digawe KPK, Transparancy International lan lembaga dadi upaya anyar kanggo nglawan korupsi. Kanthi mbabar film iku kanthi gratis ing sawetara papan panggonan dianggep luwih bisa ngasilake pangerten kang jembar ngenani bebaya korupsi marang masarakat.

Advertisement

Sawetara film ringkes cacah papat, yaiku Rumah Perkara, Aku Padamu, Selamat Siang Risa, lan Pssttt, Jangan Bilang Siapa-Siapa migunani kanggo kampanye gerakan antikorupsi ing Indonesia. Petang film ringkes iku nyritakake wong-wong kang duwe pengalaman babakan korupsi, salah sijine nalika ngladheni masarakat. Film iki bakal dibabar ing 17 kutha ing Indonesia, nanging diputer ing lembaga-lembaga masarakat, ora diputer ing biskop kaya dene film-film saumume.

Dene ing adicara pirembugan kang digelar ing Balai Muhammadiyah Keprabon, Solo, Senen (30/4) awan, sawetara pamicara ing antarane saka Deputi Pencegahan, Fungsional Pendidikan lan Pelayanan Masarakat KPK, Indra Marzuki, Transparency International Dwipoto Kusumo lan legislator saka PAN Tontowi Jauhari, uga ngrembug prakara korupsi ing nagara iki.

Miturut Dwipoto, Indonesia kuwi mapan ing urutan nomer 100 nagara kang kebak korupsine, isih kalah resik karo Thailand lan Singapura. Dene pamicara liyane, Tontowi, nyebutake salah sijine lembaga kang akeh praktek korupsine yaiku partai pulitik.

Advertisement

Tanpa tedeng aling-aling, piyambake mbukak praktek korupsi ing njero Parpol. “Ana caleg utawa calon bupati/walikota, kudu nyiapake ragad gedhe. Yen ora ana dhuwit, bakal utang karo cukong utawa pengusaha. Mengko yen wus dadi bakale nggoleke ganti dhuwit iku,” ujare.

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif