SOLOPOS.COM - Samak ngarep buku Ranggawarsita: Kumpulan Esai, Puisi, dan Cerpen weton Komunitas Pawon Sastra Solo kang ngimpun tulisane para nom-noman kang duwe kawigaten mligi marang karya sastra lan kridhane Ranggawarsita.

Samak ngarep buku Ranggawarsita: Kumpulan Esai, Puisi, dan Cerpen weton Komunitas Pawon Sastra Solo kang ngimpun tulisane para nom-noman kang duwe kawigaten mligi marang karya sastra lan kridhane Ranggawarsita.

Ranggawarsita kondhang kaloka ing madyaning bebrayan agung bangsa Indonesia, mligine bebrayan agung Jawa. Pujangga kang lair ing taun 1802 kuwi kondhang minangka pujangga pungkasan ing tanah Jawa.

Promosi Era Emas SEA Games 1991 dan Cerita Fachri Kabur dari Timnas

Komunitas Pawon Sastra Solo durun suwe iki mbabar buku kang mligi ngamot tulisane generasi mudha kang merdeni kridha lan karyane Ranggawarsita. Buku kuwi didhudhah ing sarasehan babagan Ranggawarsita, Jemuah (14/12) ing plataran Museum Radya Pustaka Solo.

Budayawan Solo, Suprapto Suryodarmo, ing wengi kuwi nelakake rasa mongkog dene Komunitas Pawon Sastra sing diurip-urip dening generasi mudha pandhemen basa, sastra lan budaya duwe kawigaten mligu marang ilmu lan kabudayan Jawa, mligine kridha lan karyane Ranggawarsita.

Sawetara nom-noman pandhemen sastra, basa lan budaya ing buku asesirah Ranggawarsita: Kumpulan Esai, Puisi, dan Cerpen kuwi merdeni kridha lan karyane Ranggawarsita jumbuh kaskaya wawasan lan latar pendhidhikane.

Ana sing nulis crita cekak gegayutan lelakon uripe Ranggawarsita. Ana sing nulis puisi nggambarake warisan ilmu lan kabudayan karyane Ranggawarsita lan saperangan liyane nulis esai merdeni karya sastra lan kridhane Ranggawarsita.

Dhosen ing Jurusan Sastra Dhaerah Fakultas Sastra lan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret, Siti Muslifah, ing buku kasebut nulis esai njlentrehake sejarah urip lan karyane pujangga Jawa pungkasan kang duwe jeneng asli Bagus Burham kasebut.

Miturut Siti, nalika Yasadipura II tilar donya ing taun 1830, Ranggawarsita banjur diangkat dadi pujangga Kraton Solo. Karya sastra sing kondhang lan nganti saiki isih kerep diwaca lan didhudhah yaiku Serat Kalatidha, Serat Jaka Lodhang, Serat Hidayat Jati lan Serat Sabda Jati.

Prasetyo Adi Wisnu Wibowo, panulis mudha, nulis esai babagan kajian stilistika tembang-tembang macapat karyan Ranggawarsita. Miturut Prasetyo, saben pujangga duwe cara lan cakepan dhewe-dhewe nalika nulis tembang. Saben pujangga uga duwe ciri mligi.

Ing Serat Sabdajati, Ranggawarsita nulis jenenge dhewe kanti sinandhi ing ukara-ukara tembang. Cara kasebut lumrah sinebut sandiasma. Miturut sejarawan mudha, Heri Priyatmoko, Ranggawarsita mujudake pujangga kang tanggap lan kasil nggambarake kasunyatan urip ing sakiwa tengene ing maneka karya sastrane.

”Ranggawarsita prihatine nalika nguningani nasibe wong-wong cilik ing sanjabane kraton. Ranggawarsita uga prihatin mrangguli polahe para priyagung kratin ing mengku kuwasa nanging ora ngrewes nasibe wong-wong cilik. Karyane Ranggawarsita nggambarake kahanan lan kanyatan mangkono mau,” pratelane Heri.

Nganti titi wanci iki, ora sethithik wong kang nggangep lamun Ranggawarsita kuwi duwe kasekten dhuwur lan bisa weruh kang durung winarah. Miturut Suprapto, sejatine Ranggawarsita mung ndulu kahanan kang dumadi ing sakiwa tengene lan  banjur ditulis ing karya-karya sastrane.

”Apa kang ditulis ya kanyatan ing sakiwa tengen. Ranggawarsita pancen lantip, landhep rasa pangrasane, lan gedhe laku prihatine, hamula karya-karyane kaya ngandhut daya mistik sing perbawane ora ilang nganti titi wanci pungkasan iki,” pratelame Suprapto.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya