SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (25/10/2018) menika kapacak bab Noken.

Solopos.com, SOLO — Noken kalebu salah sawijining krajinan tradisional Papua. Tas tradisional iki biasane digunakake kanggo nggawa barang-barang kayata asil tetanen ing kebon, dagangan pasar, lan sakpiturute. Sanadyan mengkana, tas iki nduweni tenger sing beda karo liyane, yaiku nggawane kanthi cara disunggi.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Amarga cara nggawane sing kalebu aneh iku, noken, banjur kalebu warisan kabudayan donya asli Indonesia sing ditetepake pepanthan internasional The United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO) ing tanggal 4 Desember 2012. Sabubare iku, tanggal 4 Desember banjur ditetepake minangka Hari Noken Dunia.

Nimpuna saka Balai Pelestarian Nilai Budaya Papua, Arie Januar, nate gawe makalah babagan noken kanthi irah-irahan Fungsi, Makna, dan Eksistensi Noken Sebagai Simbol Identitas Orang Papua. Ing makalah kasebut dijlentrehake menawa noken ora mung kanggo wadhah barang. Nanging uga dadi simbol kabudayan ing Papua, mligine ngenani wong wadon.

Kayata tenun ing Mollo Utara, watake wong wadon ing Papua bisa dideleng saka kapinterane nggawe noken. Samsaya alus olehe nggawe noken, dianggep saya apik, lan suwalike. Masarakat Papua percaya menawa noken, dadi simbol sabar, teliti, lan kaendahane sing nggawe.

Ing dhaerah Sentani, Jayapura, cara nggawe noken diwiwiti saka dolanan. Kayata dolanan gelang karet sakdurunge ngerajut noken. “Sakdurunge ngrajut noken kudu dolanan dhisik kanggo ngasah anggitan supaya luwih gampang anggone ngerajut noken,” kandhane Arie.

Tradhisi gawe noken iku banjur diwariske dening ibu-ibu ing Papua marang anak-anake, mligine anak wadon. Iku minangka simbol tresna asih, uga kanggo ngraketake ibu lan anak. Supayane mbesok yen padha bara menyang kutha gedhe, isih eling bali menyang asale ing Papua.

Wujude sing digawe saka tali rajut iku simbol silaturahmi ing Papua. Rajutane digawe kaya jaring saengga barang sing digawa bisa dideleng dening wong liya. Maknane yaiku masarakat Papua kudu tansah jujur, urip bebarengan, lan njaga silaturahmi.

Noken uga dadi barang wajib ing maneka warn adicara sakral. Kayata seserahan mantenan Papua, kanggo netepake Kepala Suku, uga dadi simbol wibawane panguwasa utawa Kepala Suku ing Papua. Miturut sujarahe, noken, uga dadi piranti nyawijekake suku-suku ing Papua.

Motip noken sing digawa saben pepanthan masarakat ing Papua uga beda-beda, gumantung status sosial utawa kalungguhane. Ing Dhaerah Sentani contone, noken sing digawa dening Kepala Adat utawa ondoafi beda karo masarakat biasa. Noken ondoafi digawe saka bahan kang mligi, motipe ditambahi manik lan rerenggan liyane. Dene, noken masarakat biyasa mung digawe saka serat kayu sing dirajut.

Ing jaman saiki, kandhane Arie, noken ora mung dienggo dening masarakat Papua. Wong saka nagara manca uga akeh sing kesengsem tas noken. Ora gumun yen akeh wong ing sanjabane Papua sing nganggo noken sanadyan cara nggawane ora disunggi kayata masarakat Papua asli.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya