SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

JOGJA—Kumandhange jagat seni ing Ngayogyakarta bener-bener ora nate kendhat. Kayadene ora gelem kalah kalawan para seniman kontemporer kang nembe wae mbabar Jogja International Performing Arts Festival (JIPA) 2011 utawa festival seni kontemporer Internasional kang diadani dina Jemuah (23/9) tekan dina Senen (26/9), para seniman liyane uga ngadani festival yaiku Jogja International Street Performance 2011. Festival iki diadani dina Senen (26/9) tekan dina Rebo (28/9). 
   
Atusan seniman saka tlatah Indonesia lan mancanegara melu nyengkuyung anane festival iki. Sabarang seni kontemporer kayadene teater, tari seni kreasi baru, seni tetabuhan utawa seni musik, fotografi lan sabarang seni kontemporer liyane kabeh dibabar ing adicara kang diadani urut-urutan iki.
   
JIPA 2011 diwiwiti kanti pentas tari kang ditindakake dening penari saka patang negara, yaiku Michael Sakamoto saka Amerika, Anterdans saka Indonesia, Katsuka Kan saka Jepang lan Naomi Mirian uga saka Jepang).
   
Dene ing Jogja International Street Performance 2011, para seniman lan grup kesenian saka saindenging nuswantara kang nyengkuyung adicara iki kayadene Ismanto lan Gadung Mlathi saka Magelang, Memet Chairul Slamet lan Gangsadewa, Agung Gunawan, Nadidada, Surya Kencana, Pragina Gong saka Ngayogyakarta, Hanny Herlina saka Jakarta, Sura Dance saka Bali, Saksak saka Lombok lan akeh grup kesenian saka Solo lan Ngayogyakarta liyane kang uga nyengkuyung.
   
Kejaba iku, udakara 30 seniman saka manca kayadene Kim Daegun saka negara Korea Selatan, Ronnarong Khampha saka Thailand, Angela Lopez Lara saka Spanyol asal Spanyol, Preethi Atreya Dance saka India, Tony Yap Company lan Ida Lawrence saka Australia, Kuam Nam dan Nyoba Kan asal Malaysia, lan akeh seniman liyane uga melu ngregengake adicara iki.
   
Njaga dinamika
Gubernur Ngayogyakarta, Sri Sultan Hamengku Buwono X nalika mbuka Jogja International Performing Arts Festival (JIPA) 2011 ing Taman Budaya Yogyakarta (TBY) dina Jemuah kepungkur ngendika menawa pamarentah banget nyengkuyung anane festival seni kang diadani ing Ngayogyakarta. Sultan kang disulih selirani dening Kepala Dinas Pariwisata dan Kebudayaan DIY, Tazbir ngendika menawa festival seni kang diadani bisa dadi cara kanggo njaga dinamika sosial, ekonomi, lan budaya kang ana ing saktengahing masyarakat Ngayogyakarta. 
   
Sultan uga kagungan pengarep-arep, festival kang diadani bisa dadi salah sawijining cara kanggo njaga kahanan lan njaga uriping jagat seni lan pariwisata ing Ngayogyakarta.
   
Tazbir ngendika, ing mancanegara, pentas seni kayadene karnaval bisa dadi cara kanggo narik kawigatene para plancong utawa turis saka mancanegara. Ing Singapura contone, pamarentah kono asring ngadani karnaval kanti nekakake seniman saka Indonesia, Malaysia lan negara liya-liyane. “Yen ing Singapura isa ngundang plancong kanti anane adicara iku, kenengapa awake dewe ora iso? Apamaneh Jogja iku mujudake gudange seniman, mesti bisa,” ngono ngendikane Tazbir.

Seni njaban rangkah
Bambang  Paningron kang dadi tetungguling festival ngendika, JIPA diadani sedya ngrembakakake seni kontemporer ing saktengahing warga masyarakat, bakune warga ing Ngayogyakarta. “Kanti festival iki, aku sakkanca kepengin tansah ngrembakakake lan ngenalake kesenian kontemporer marang warga. Aku sakkanca ora ngetung pira cacahe warga kang gelem mirsani, ananging luwih golek cara supaya warga luwih mangerteni seni kontemporer utawa seni saka njaban rangkah utawa njaban negara kang beda-beda,” ngono ngendikane Bambang. 
   
Miturut Bambang, saben taun, warga kang kepingin mangerteni pentas seni kontemporer saka akeh. Bab iku bisa dadi bukti menawa seni kontemporer tansaya disenengi dening warga.
   
Ing taun iki, JIPA 2011 ngagem irah-irahan utawa tema Heart Beats utawa degup jantung. Miturut  Bambang, tema iku nduweni pengarep-arep supaya warga tansah nduweni semangat kang ora nate mati, kayadene jantung kang ora nate leren, lan bisa ngrasakake seni budaya saka negara liya.
   
“Aku kabeh kepingin kabeh bisa ngrasakake, merga urip bareng tansa bisa bareng ngrasakake iku angel. Semono uga ing kesenian. Jogja ora mung duweke wong Jogja, ananging wus dadi duweke wong sakdonya. Mula saka iku luwih becik menawa bisa bebarengan ngrasakake lan mangerteni budaya liya,” ngono ujare Bambang mungkasi pangandikane.
   
Ora beda karo apa kang dingendikakake Bambang Paningron, Art Director Jogja International Street Performance, Hernandes Saranela uga mratelakake menawa Jogja International Street Performance mujudake festival seni kontemporer kayadene beksan utawa tari, seni swara utawa seni musik lan seni teater. “Aku kabeh kepengin mbabar kabeh seni kontemporer kang inovatif,” ujare Saranela.
   
Jogja International Street Performance diwiwiti kanti karnaval (street carnival) kang diadani ing Jalan Persatuan, komplek kampus Universitas Gadjah Mada UGM, dina Senen (26/9). Sakbubare karnaval, para seniman banjur ngadani pentas ing Taman Budaya Yogyakarta.(Juruwarta Harian Jogja/Apriliana Susanti & Yudhi Kusdiyanto)

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

HARJO CETAK

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya