SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (11/10/2018) menika kapacak bab Ni Ketut Arini.

Solopos.com, SOLO — Lestarine tari tradisi ing saindenge Bali ora bisa dipisahake karo kupiyane para maestro sing tansah ngleluri kabudayan agung kasebut. Salah sijine yaiku Ni Ketut Arini sing antuk anugerah pangaji saka pamarintah dhaerah lan pusat.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Ing taun 1980-an dheweke antuk pangaji saka pamarentah Bali yaiku Bupati lan Gubernur minangka maestro sing setya nyinau lan ngrembakakake tari klasik Bali.

Sabanjure iku Arini uga antuk anugerah kabudayan saka Kementerian Kebudayaan dan Pendidikan (Kemendikbud) ing taun 2015. Sertifikat kabudayan diwenehake dening Menteri Anis Baswedan. Sanadyan wis umur 75 taun, Arini, isih semangat anggone nari lan nggladhi murid-muride sinau tari bali klasik.

Nalika diwawancara dening , Selasa (9/10/2018), Arini, ngandharake dheweke sinau tari wiwit cilik. Bapak lan ibune seniman tradisi kabeh, mula dheweke gampang anggone sinau tari. Samsaya gedhe, dheweke saya seneng marang Tari Bali.

Wiwit taun 1965 Arini aktif nepungake Tari Bali ing nagara manca. Dheweke ajeg pentas ing nagara-nagara Benua Eropa, Asia, lan Amerika. Tari Bali sing disinau lan kerep dipentaske yaiku Condong lan Legong.

Ni Ketut Arini --Kemendikbud.go.id

Foto: Ni Ketut Arini (kemendikbud.go.id)

Ing taun 1973, lulusan saka Sekolah Konservatori Karawitan (Kokar) Bali, lan Sekolah Tinggi Seni Indonesia (STSI) Denpasar iki banjur ngedekake Sanggar Tari Warini sing ana ing Denpasar, Bali. Ing sanggar kasebut dheweke ngajari muda mudi sing kepingin sinau tari klasik.

Miturut Arini, murid-muride ora mung bocah bocah cilik, nanging uga ana wong tuwa. Ana uga kang saka nagara manca. Ora mung ngajari tari klasik, Arini uga ngandhani ajaran-ajaran adiluhung sing kakandhut ing beksan ageng kasebut. Sanggar Tari Warini saben taun ngelulusake kira-kira 100 siswa tari sing kasebar ing saindenge Nuswantara lan mancanagara.

Sakliyane ngrembakaake Tari Bali mawa sekolah nonformal yaiku sanggar, Arini, uga ngleluri tari klasik migunakake tulisan lan maneka warna program sing digunakake sekolah formal.

Dheweke nate nggawe buku kanthi irah irahan Teknik Tari Bali. Buku iku banjur dadi dhasar pendhidhikan mahasiswa lan masarakat Bali. Ing taun 2014, bebarengan muride saka Amerika Serikat, Rucina Balinger, dheweke ngadani adicara sing isine pentas uga diskusi babagan tari klasik warisan gurune, I Nyoman Kaler.

Tarian kasebut yaiku Panji Semirang, Mregapati, Wiranata, Demang Miring, Candrametu, Puspawarna, Bayan Nginte, Kupu-kupu Tarum, lan Legong Kebyar.

Ing taun 2010 dheweke ngajak para kadang muda ngrekam Tari Legong cacah enem sing kanggo arsip Sekolah Tinggi Seni Indonesia (STSI) Denpasar lan bahan piwulang para mahasiswa tari.

“Aku kepingin tari klasik Bali samsaya ngrembaka lan disinau kabeh sutresna budaya ing Bali. Iku modhal dhasar nari. Yen wis nguwasani tari klasik, sakkarepmu kepingin nggawe gerak kontemporer lan liyane sing penting dhasar Baline wis ngerti,” kandhane Arini. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya