SOLOPOS.COM - konggres

KONGGRES SASTRA JAWA -- Kegiyatan Konggres Sastra Jawa III digelar ing Desa Jono, Kecamatan Temayang, Bojonegoro, Jawa Timur, Jemuwah-Minggu (28-30/10/2011). (JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso)

Sastra lan basa Jawa kuwi sejatine wis suwe anggone gering. Tekan seprene ora mari-mari, tur ya ora mati-mati. Saben wektu tansah golek tamba, klebu ing Desa Jono iki, satengahing alas Bojonegoro, panggonane Konggres Sastra Jawa (KSJ) III.

Promosi Komeng The Phenomenon, Diserbu Jutaan Pemilih Anomali

Geringe sastra lan basa Jawa kuwi, jan-jane uga dialami basa lan sastra dhaerah liyane, kayata Sunda, Bugis, Batak, Bali. Yen gelem metani siji-siji, sastra lan basa-basa dhaerah mau luwih sengsara. Kojur, sing larane tambah nemen, ya basa-basa dhaerah kang ora duweni aksara, uripe Senen-Kemis lan padha mati siji-siji ing pangkone Republik Indonesia, bareng karo curese panutur abas lisan.

Bab iki, miturut panemune Yusuf Susilo Hartono saka Pakumpulan Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB), nuwuhake pitakonan, apa ta sejatine sumber penyakit sastra lan basa Jawa lan daerah-daerah liya ing negara Indonesia iki? Manawa dipantha ana telung prakara, yaiku amarga dikiyanati dening negarane dhewe, amarga dikiyanati wong Jawa dhewe lan disebabake obah-owahing jaman.

“Sadurunge kadiden Sumpah Pemuda 28 Oktober 1928, nalika Indonesia durung lair lan merdika, basa utawa sastra Jawa lan dhaerah liyane, padha dadi raja lan ratu ing dhaerahe dhewe-dhewe. Malah basa lan sastra Jawa nganti pirang-pirang abad suwene anggone dadi raja lan ratu. Basa lan sastra Jawa mekar lan ngrembaka kanthi rabuk pangaruhe basa-basa nagara manca kang teka ing tanah Jawa, kayata Sansekerta, Arab, Walanda lan liya-liyane. Nanging, Sawise Sumpah Pemuda, luwih-luwih sawise Indonesia Mardika 17 Agustus 1945, lan laire UUD 1945 (18 Agustus) nasibe basa lan sastra Jawa nelangsa. Ing jaman mardika kok malah ora mardika,” pratelane.

Ing sisih liya, basa lan sastra Jawa ya ora diurip-urip dening masarakate dhewe. Kira-kira saka 240-an yuta penduduk Indonesia, 80-an yutane suku bangsa Jawa sing abebasa Jawa. Sumebar ing Propinsi Jawa Timur, Jawa Tengah, DI Yogyakarta, nganti saben meh propinsi Indonesia. Nanging pira sing nganti seprene isih prigel nulis lan maca aksara Jawa?

Pira sing isih baut wicara krama inggil? Pira sing rewes marang seni lan kabudayan Jawa? Pira sing dadi pejabat pamarintah, banjur rawe-rawe rantas, malang-malang putung anggone merjuwangake basa, sastra, lan kabudayan Jawa? Pira cacahe penerbit ing tanah Jawa iki sing isih kuwat lan setya tuhu nerbitake buku-buku basa Jawa? Ing kutha-kutha gedhe, pira sekolah-sekolah sing isih sregep nyinaoni muride basa, maca, nulis, nembang Jawa? Pira anggarane Pemprov Jatim, Jateng, DIY setahun, kang kanggo sastra, seni dan budaya?

“Durung obah owahe jaman. Ing jaman globalisasi ini, asu gedhe menang kerahe. Kabudayan dhaerah banjur dikiwakake jalaran kalah karo kemajuwan teknologi informasi. Kanthi anane internet, wawasane bocah lan para mudha dadi mengglobal, dadi adoh karo bapak-ibu lan mbah-mbahe. Basa manca dipracaya minangka basa mangsa ngarep, basa Indonesia kuwi basa dina iki, lan basa (dhaerah) Jawa kuwi basa masa lalu,” tandhese Yusuf kang saiki dadi Pemred Majalah Visual Arts ing Jakarta iku.

Bab iku ana sesambungan karo panemune budayawan kondhang Arswendo Atmowiloto, kang nandhesake ora bakal ana Sastra Indonesia manawa ora ana Sastra Jawa. Mula bisa diarani, nglirwakake budaya dhaerah padha karo mbalela, kraman, ngiyanati, marang budaya nasional sarta budaya tradhisional.

“Daksiya tumrap Sastra Jawa, ateges daksiya lan duraka marang anane wong Jawa, wong Indonesia. Saiki padha digalih, didadekake laku kita kabeh. Amarga nglirwakake Sastra Jawa ya genahe ngrusak budaya Indonesia, ngilangake tata krama, angger-angger, paugeran, uriping kamangnungsan,” tandhese.

Dene manawa dionceki, jroning kegiyatan Konggres Sastra Jawa III, ana maneka warna cara kanggo ngurip-urip sastra Jawa. Dhasare sastra Jawa iku mujudake wohing rasa lan pikirane bebrayan Jawa kang prelu entuk kawigaten lan terus diudi murih ngrembakane ing satengahing pasrawungan, wiwit tataran lokal, regional, apadene global.

“Kanggo ngejawantahake gagasan iku, dianggep prelu anane dudutan saka gagasan-gagasan kang muncul sasuwene konggres, karakit ngangggo ukara kang cetha lan bisa diayahi kanggo dina tembene sastra Jawa. Yaiku prelu pasinaon basa lan sastra Jawa ing saindenging Jawa Wetan, DIY, lan Jawa Tengah, kang bebrayane migunakake basa Jawa, sinartan jaminan kualitas pamulangane lan pangayoman jam pelajaran kang diembani dening guru basa Jawa,” tambahe Pangarsa Konggres Sastra Jawa III, Bonari Nabonenar.

Saliyane iku, pamarentah dhaerah prelu nanjakake dana mligi kanthi ajeg kanggo mbabar buku sastra Jawa saeka praya karo organisasi profesi sastrawan utawa pengarang Jawa. Lan uga prelu aweh bebana marang pangripta lan sapa wae kang dianggep onjo dhewe gumregute nandangi ayahan murih thukul lan ngrembakane sastra Jawa, kang kiprah ing madyapada lan ing kacamaya. Pamarentah dhaerah prelu ngajangi murih bisa kaleksanan pasamuwan taunan kanggo para pangripta, dwija, lan kritikus sastra Jawa.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya