SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (14/2/2019) menika kapacak bab tembang macapat.

Solopos.com, SOLO —  Seni Tradisi sing kakandhut ing Kabudayan Jawa iku akeh banget tur werna-werna wujude. Salah sijine yaiku tembang macapat. Lumrahe ditembangke karo rengeng-rengeng diiringi swara gamelan. Yen ana sing kepingin ngrungokake macapatan, bisa ndeleng pakeliran wayang utawa adicara klenengan sing kerep diadani papan-papan kabudayan ing Solo.

Promosi Selamat Datang di Liga 1, Liga Seluruh Indonesia!

Ora sak-sake, tembang Jawa iku kaperang dadi telung jinis, yaiku tembang gedhe, tengahan, lan cilik. Dene yen tembang macapat, kalebu jinis tembang cilik lan tembang tengahan.

Miturut Poerbatjaraka ing bukune, macapat iku karan kanggone geguritan sing ana ing jaman basa Jawa Madya (tengahan). Tembange ana cacah 11 yaiku Pu­cung, Maskumambang, Megatruh, Gam­buh, Mijil, Kinanthi, Asmaradana, Durma, Pangkur, Sinom lan Dhandhanggula.

Ekspedisi Mudik 2024

Saben jinis nduweni sasmita lan wewatakan dhewe-dhewe. Mbabar bab kamanungsan wiwit saka isih ana ing guwa garbane ibu, manungsa lair, urip ing alam ndonya, nganti tumeka titimangsane tilar.

Macapat iku kalebu tembang sing isih ditresnani masarakat saiki. Luwih-luwih wong-wong tuwa. Yen dideleng ing maneka adicara Jawa, akeh wong tuwa sing gelem lungguh suwe ing cerak gamelan sambi ngrungokake macapatan. Sakwalike, nom-noman ora akeh sing gelem sinau utawa ngugemi macapat.

“Aku mbiyen sinau macapat pas isih cilik. Wiwitane seeng nembang, banjur ajeg latian. Saiki wis ora tau,” kandhane Murid SMA Batik II Solo, Ganis Myharta Risyani, 16, nalika diwawancara , Rebo (13/2/2019).

Ganis ngandharake dene dheweke seneng nembang amarga ndeleng wayang nalika isih Sekolah Dasar (SD). Banjur kerep latian nembang nganti tekan Kelas VIII SMP. Sakbubare iku dheweke wis ora tau latian nembang. Kamangka sakdurunge wis fasih maneka jinis macapat kayata Pucung, Gambuh, lan Pangkur.

Miturut dheweke nembang iku angel-angel gampang. Swarane kudu apik, uga kudu ngerti maksud sing kakandhut ing njero tembang. Mula ora akeh sing gelem sinau tembang.

Ganis saiki malah luwih seneng sinau beksan. Nganti wis tau pentas tari tradhisi tekan ngendi-ngendi. “Sanadyan ora pati seneng nembang. Aku kandha dene tembang iku wigati banget. Ing njerone ngandhut bab sing wigati banget,” kandhane.

Pengurus Sanggar Sarotama Benawa Karanganyar, Singgih, ngandharake dene nom-noman sing gelem sinau macapat iku mung sithik. Yen ana palinga mung wong-wong sing pengin sinau tembang kanthi maksud tartamtu, kayata kanggo melu lomba, supaya biji tugas kuliahe dadi apik, lan sakpiturute.

“Mung sithik  nom-noman sing sinau tembang jalaran tresna marang kabudayan,” kandhane, Rebo.

Beda karo bocah-bocah cilik wiwit Sekolah Dasar (SD). Bocah cilik iku malah akeh sing latihan tembang karana seneng lan tresna marang kabudayan. Nanging ya pancen ora mung sinau tembang. Lumrahe disambi ajar ndhalang, karawitan, lan sakpiturute. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya