Jagad-jawa
Kamis, 13 Desember 2018 - 14:15 WIB

Nguri-Uri Budaya Guyup Rukun lan Tepa Slira

Redaksi Solopos.com  /  Rohmah Ermawati  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (13/12/2018) menika kapacak bab Guyup Rukun.

Solopos.com, JAKARTA — Presiden Joko Widodo nalika ngisi sambutan ing Kongres Kebudayaan Indonesia (KKI) 2018 ing Kompleks Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan, Jakarta, Minggu (9/12/2018), ngaturake panuwun marang para budayawan, seniman, lan kabeh sing nyengkuyung adicara kasebut.

Advertisement

Kabudayan diakoni minangka salah sawijining warisan luhur sing ngandhut carita sujarah lan nilai urip sing adiluhung. Presiden sarujuk karo para sutresna budaya sing rawuh ing adicara kasebut, kabudayan kudu diuri-uri.

Budaya Nuswantara sing maneka warna, penting kanggo ngadhepi lakuning jaman. Budaya sing dikarepake Jokowi ora mung wujud asline kabudayan kayata candhi, patung, serat kuna, lan kesenian.

Luwih saka kuwi, piwulang sing kakandhut ing maneka kabudayan iku sing bisa dadi pawitan gedhe ngadhepi tantangan jaman sing saya maju iku.

Advertisement

“Kita kudu gumregut nguri-nguri kabudayan. Dikuwatake, banjur dijaga supayasaya sumrambyah. Aku precaya, adhedhasar kabudayan nagara kita duweni cara-cara sing luwih agung lan luwes kanggo ngadhepi majuning jaman,” kandhane.

Presiden Jokowi banjur ngandharake menawa ana bab wigati sing kudu diugemi kabeh para sutresna budaya lan masarakat Indonesia. Yaiku ngetrepake budaya toleransi, tepa selira, guyup rukun marang sedulur sabangsa lan nagara.

Rasa tepa selira iku kudu nyawiji dadi paugeran dhasar masarakat ing bebrayan agung. Yen ora ana toleransi kabeh kaya-kaya dadi bubrah. Masarakat padha padudon, ora sarujuk sithik wae langsung ngelek-elek kancane. Ora mung ing bab bebrayan, yen wis mengkana, njomplange kahanan ekonomi lan sosial bakal saya katon.

Advertisement

“Kudu dielingake, kudu ngetrepake sing jenenge toleransi. Yen ora ana toleransi, padha gampang anggone ngelek-elek kancane, njomplange kahanan sosial lan ekonomi uga saya amba. Ing politik uga mengkana, ngupiya kabeh cara supayane menang ngadhepi tandhingane,” tuture Jokowi.

anadyan mengkana, Presiden Jokowi, uga ngandharake majuning jaman ora bisa diselaki. Mula saka kuwi, budaya dhaerah uga kudu fleksibel. Mbuka anane kolaborasi kalawan budaya manca. Contone kolaborasi pagelaran seni sing biyasane dilakoni dening para seniman. 

Advertisement
Kata Kunci :
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif