SOLOPOS.COM - Dhalang wayang suket, Slamet Gundono. (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Dhalang wayang suket Slamet Gundono melu ngramekake Maleman Sriwedari sing digelar sesasi ing Taman Sriwedari Solo. (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Dhalang wayang suket Slamet Gundono melu ngramekake Maleman Sriwedari sing digelar sesasi ing Taman Sriwedari Solo. Slamet Gundono lan pepanthan musike, Suket Galau Etnik Musik, dadi panglipur ing adicara kasebut, Rebo (15/8) wengi, ing Joglo Sriwedari.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Dhalang sing duwe tetenger awak lemu kuwi nggelar kesenian etnik Nuswantara, yaiku campuran musik Jawa, Sunda, gambus lan pesisir. Puluhan wong ngebaki Joglo mung arep nonton dheweke lan pepanthan musike kuwi. “Pepanthan musik iki diarani Galau Etnik amarga lagi galau marang kahanan, kahanan sing mangsa ketiga ora udan-udan,” kandhane dheweke.

“Sriwedari iki dibangun amarga tresnane Raja Maospati marang prameswari sing kepingin duwe taman raja. Taman Sriwedari ora mung taman saumume, nanging uga taman budaya, taman kanggo pepasihan, taman katresnan,” ujare.

Ing kalodhangan iku, Gundono miwiti pagelaran kanthi tembang Cinta Satu. Tembang ini krasa mirunggan amarga ditata nganggo maneka jinis musik, kaya musik Jawa, Banyuwanginan, pesisir lan gambus. Tembang kasebut nyritakake babagan sipat katresnan marang sapa wae, titah sing ana ing donya, tresna marang alam, marang wong enom, wong tuwa lan sapiturute. Gundono uga ngajak para pamirsane melu ngarang lagu Cinta Satu. Salah sijine pamirsa sing ketiban sampur yaiku Apri. “Cinta kaya tawon. Kadhang menehi madu sing rasane legi, uga menehi lara amarga dientup,” ujare dheweke.

Ing carita liyane, Slamet uga crita babagan Walikota Solo sing melu nyalon dadi gubernur ing Jakarta. Dheweke menehi umpama lakon wayang yaiku Puntadewa kang njaluk pamit marang garwane, Drupati, arep lunga ing Jakarta. Banjur digambarake ana peperangan ing Jakarta kaya dene semut abang sing cilik dimungsuhi gajah-gajah sing luwih gedhe. Sanadyan ora duwe dhuwit, Puntadewa njaluk pangestu marang garwane. Puntadewa uga janji ora bakal kiyanat lan korupsi dhuwite rakyat.

Ing jaman edan kaya saiki, para pejabat sing duwe pangkat dhuwur malah padha kiyanat marang rakyat. Amanat saka rakyat ora digunakake kanggo menehi karaharjan lan kemakmuran, nanging malah menehi bebaya lan sengsara. Panguwasa kasebut bisa wae kuwalat marang rakyat lan bakale cilaka.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya