Jagad-jawa
Kamis, 10 Januari 2019 - 06:40 WIB

Ngungak Naskah Kuna ing Perpustakaan

Redaksi Solopos.com  /  Rohmah Ermawati  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (10/1/2019) menika kapacak bab Naskah Kuna.

Solopos.com, SOLO — Naskah kuna utawa manuskrip sing biyasane diserat langsung nganggo tangan dadi seksi sujarah adiluhunge budaya Jawa. Naskah utawa kitab kuna iku rinakit para leluhur miturut kahanan sing ana ing jaman mbiyen.

Advertisement

Bab sing dibabar maneka warna, wiwit saka babagan panganan, obat-obatan, nganti asmara. Awit saka iku akeh kang nggoleki kitab kuna kanggo panaliten utawa kapreluan liya.

Ing Solo ana ewon kitab kuna sing kasimpen ing Perpustakaan Radyapustaka, Reksapustaka Pura Mangkunegaran, lan perpustakaan liyane. Ing Perpustakaan Radyapustaka cacahe ana 400-an kitab, dene ing Reksapustaka ana 700-an sing ditulis wiwit taun 1700-an nganti 1900-an. Kuwi ora kabeh asli saka penulise, ana sing arupa asil tedhakan utawa turunan.

Kadangkala cacahe naskah utawa kitab ing perpustakaan tambah karana entuk hibah saka masarakat. Nanging wong sing hibah naskah pancen ora akeh. Ing Radyapustaka contone, telung taun kepungkur mung ana sak naskah yaiku Serat Menak.

Advertisement

Pengelola Radyapustaka, Totok Yasmiran, nalika ditemoni

Advertisement
Advertisement
Kata Kunci :
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif