SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Ana simbok bakul pitik ing pasar. Piyambake wus tuwa, klambine kebaya jaman dhisik lan nganggo jarik. Simbok kuwi lagi nyang-nyangan karo wong wadon liyane. Kahanan kesebut wus lumrah ing pasar-pasar tradhisional lan gambaran kuwi dadi salah sijine karya pelukis Klaten, Cak Min. Karya liyane kang uga ngangkat objek simbok yakuwi Rosana sing gambare nuduhake simbok bakul gedhang ing pasar.

Gegambaran kasebut dibeber dening Paguyuban Senirupawan Klaten (Pasren) ing Balai Soedjatmoko, Kemis-Rebo (2-8/8). Adicara kang mbabar 32 gambar saka 12 seniman gambar saka Klaten iki ngandhut pangajab supaya masarakat padha ngerti karya-karyane seniman Klaten. “Wus akeh lan umum pelukis saka Ngayogjakarta lan Solo. Prelu dimangerteni, ing Klaten uga duwe potensi seni gambar kang gedhe. Iki ora bisa dipisahkane saka geografis-e Klaten kang dijepit wewengkon Jogja lan Solo,” kandhane Pangarsa Pasren, Anshori, Kemis (2/8).

Promosi Timnas Garuda Luar Biasa! Tunggu Kami di Piala Asia 2027

Para seniman gambar kang mamerake karyane yaiku Hardjija, Cak Min, Sudjijo, Suwardhi Harris, Anshori, Bambang Pujiono, Rustamadji, Karang Sasongko, Rosana, Soerjono, Ibnu Wibowo lan GM Sudarta. GM Sudarta kang dadi kartunis ing Kompas, menehi apresiasi marang Pasren kang bisa nggelar adicara pameran lukisan ing Kutha Solo. Sudarta ing adicara kuwi uga nuduhake karyane yakuwi gambar simbok sing lagi nggendhong anake.

Akeh gambar kang nuduhake kahanane wong-wong cilik kang bisa dadi pangeling-eling tumrap masarakat jaman saiki ngenani kahanan jaman semana. Jaman nalika durung maju kaya saiki, wong urip padha susah, nanging ana ilmu sing bisa digawa pamirsa adicara kuwi yaiku sipat prasaja. Wong-wong desa ora duwe sipat nepsu marang pangkat utawa dhemen bandha.

Beda karo jaman saiki nalika wong wus ndadekake pangkat lan bandha dadi sesembahan. Nalika ora ana dalan sing kalal, dalan ala dilakoni kanthi nyolong utawa korupsi. Deleng wae karyane Rosana, nalika ana simbok-simbok dadi bakul gedhang ing pasar. Bathi ora akeh, nanging dhuwit kalal lan urip bisa tentrem. “Objekobjek gambar kang diangkat ing pameran iki bebas, saka pengalamane para seniman. Uga akeh sing menehi piwulang utawa panyaruwe sosial,” kandhane.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya