SOLOPOS.COM - Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/dok)

Durma asale saka tembung dur kang ateges mundur lan ma kang ateges maju. Dadi, durma iku tegese maju-mundur utawa gojag-gajeg, was-was utawa tidha-tidha jroning numapaki urip.

Rasa gojag-gajeg iki tuwuh jalaran anane rasa tanggung jawab urip kang sansaya abot, mula gampang ndadekake judeg. Urip banjur dirasakake kanthi rasa kuwatir lan gojag-gajeg. Lumrahe bab iki isih ana sesambungane karo prakara ekonomi lan jejege kendhil ing omah.

“Bab iki kadhang kala dadi watu sing nyandhungi lakune wong bebojowan nganti ndadekake kepleset ing dalan cupet kanggo ngoyak cukupe butuh,” pratelane I Wayan Sukarma, dhosen Pascasarjana Universitas Hindhu Indonesia, nalika medhar andharan ing UNS Solo, sawetara wektu kapungkur.

Miturut Sukarma, ora arang ana pawarta kang nyebutake, jalaran prakara ekonomi banjur dadi alesane wong lanang kanggo ngrilakake bojone tumindak kang kurang becik, kayata nekat adol awak marang wong lanang liya. Kudune mangsa kebak rasa kuwatir lan gojag-gajeg iki disawang minangka tantangan urip sajrone ndiwasakake dhiri.

Mangsa durma iki uga dadi wektu kang trep kanggo nyiapake dhiri numapaki mangsa candhake, yaiku urip ing alam kelanggengan. Emane, prakara urip ing donya kerep nggogrogake kapitayane manungsa sajrone numapaki dalan kasejatian.
“Rasa wedi lan gojag-gajeg iki bisa ngalang-alangi lakune manungsa nalika kepengin maju. Wedi ragane sansaya tuwa, tenagane sansaya kendho, kelangan gaweyan amarga wus ngancik mangsa pensiun, lan wedi kelangan kasenengan urip. Kamangka tanggung jawab kang disangga kanggo mbagyakake kulawargane isih durung rampung,” tandhese.

Damar Sri Prakoso

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya