SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Bocah-bocah kang yuswane isih timur iku katon wasis lan prigel nalika wiwit ndhalang. Saka suluk, sabet, anwa wecana tekan mbabar crita, kabeh runtut, ora kalah kalawan dhalang sepuh.

Dhalang cilik cacah wolu iku katon sengkut, ngatonake kabeh keprigelan lan kapinteran babagan ngelmu pedhalangan ing Festival Dalang Anak 2011 kang diadani Dinas kebudayaan DIY ing Pendhapa Ndalem Yudhaningratan, wiwit Selasa Pahing (24/5) tekan Rebo (25/5) wingi. Sanadyan padha adu kapinteran, ananging bocah-bocah iku amung nduweni ancas tujuan siji, yaiku nyoba nglestarekake seni pedhalangan, bakune pedhalangan gagrag Ngayogyakarta. Sopo kang kapilih, mengkone bakal dadi dutaning Ngayogyakarta ing lomba dhalang nasional. 
   
Miturut ketua panitia Festival Dalang Anak 2011, Budi Sudarisma, festival iku diadani kanggo nglestareake lan ngrembakaake seni pedhalangan gagrag Ngayogyakarta. Sakliyane iku, festival uga nduweni ancas nggolek bibit dhalang enom ing tlatah Ngayogyakarta.
   
“Pedhalangan iku wujud budhaya kang kudu dilestarekake. Mula festival iku uga ditujokake kanggo bocah-bocah saka umur wolung taun tekan limolas taun,” ujare Budi nalika ditemoni Harian Jogja ing sakselaning nggelar festival, Rebo wingi.
   
Miturut Budi, festival kang diadhani, dieloni dening dhalang cilik cacah wolu, wakil saka saben kabupaten ing Ngayogyakarta. Mengkone, kang pinilih dadi  juara, bakal dadi dutane Ngayogyakarta ing festival dalang anak nasional kang bakal diadani ing Jakarta. “Saka festival iki, bakal dipilih dhalang cilik cacah loro kang bakale dadi duta, maju ing festival dalang cilik tingkat nasional ing Jakarta, tanggal 19 Juli 2011 kang bakal teko,” imbuhe Budi.
   
Ing festival kang diadani, dhalang cilik cacah wolu oleh milih lakon wayang kang bakal dibabar, kayadene Jabang Tetuko, Kangsa Adu Jago, Kangsa Lena, Sena Bumbu, Aji Narantaka, Babad Alas Mertani lan Senggana Duta. Saksuwene rong dina, kabeh nyoba mbabar lakon kang wus dipilih. Saben dhalang, diwenehi wektu udakara 40 menit kanggo mbabar crita kanthi keprigelane dhewe-dhewe .  “Kabeh nggunaake tata aturan standar kayadene lomba ing tingkat nasional,” ujare Budi maneh.
   
Dene kang dadi juri ing festival iku yaiku Kasidi Hadiprayitno saka ISI Jogja, Yuwono Sri Suwito, salah sawijining budayawan Ngayogyakarta, lan Ki Edi Suwondo, salah sawijining dhalang wayang gagrag Ngayogyakarta saka Sleman.

Momentum apik  
 
Kepala Dinas Kebudayaan Provinsi DIY, Djoko Dwiyanto, nalika mbuka festival dhalang ngendhika menawa apa kang diadhani bisa dadi momentum sing apik kanggo ngrembakaake pedhalangan gagrag Ngayogyakarta, kaya kang dadi impen-impene dhalang wayang gagrag Ngayogyakarta, Ki Timbul Hadiprayitno lan Ki Hadi Sugito kang wus swargi.
   
Djoko uga mratelaake apa kang dadi kersane Gubernur Ngayogyakarta, Sri Sultan Hamengku Buwono X, kang kepingin ngadani festival dalang lima generasi. “Festival iku uga bisa dadi wujud pangupayane pamarentah kanggo nglestarekake seni lan budhaya Jawa, bakune seni pedhalangan,” ucape Djoko.
   
Kanthi festival iku, kaajab seni pedhalangan gagrag Ngayogyakarta tansah lestari kang tundhone bisa nglestareake kearifan lokal. “Kaya kang dikersaake dening Ngarso Dalem,” ujare Budi Sudarisman nambahi.(Juru Warta harian Jogja /Holy Kartika N.S)

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

HARJO CETAK

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya