Jagad-jawa
Kamis, 31 Maret 2022 - 23:21 WIB

Ngleluri Tradhisi Nyadran

Oktina Sakti Nuraeni  /  Ni’matul Faizah  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Sadranan digelar di Desa Cepogo, Kecamatan Cepogo, Boyolali, belum lama ini. (Istimewa)

Solopos.com, BOYOLALI — Satusan wong nekani Makam Puroloyo ing Dusun Tunggulsari, Sukabumi, Cepogo, Boyolali kanthi nyunggi tenongan, Minggu (20/3/2022).

Tradhisi nggawa tenongan menyang kuburan nalika adicara sadranan ing Tunggulsari iku wus dilakoni warga wiwit mbiyen. Maune tenongan kuwi digawe saka pring, nanging saiki para warga wus padha nggunakake tenongan saka wesi.

Advertisement

Salah sijining warga Tunggulsari, Mahmudi, 30, nyritakake dheweke tau nggunakake tenongan saka pring. Nanging saiki wus ganti nganggo wesi amarga luwih awet.

“Saliyane kuwi, wesi luwih ringkes, luwih apik, prasaja lan bakoh.Yen tenongan saka pring gampang mleyot,” ujare Mahmudi nalika ditemoni Solopos.com ing Tunggulsari, sawetara wektu kapungkur.

Advertisement

“Saliyane kuwi, wesi luwih ringkes, luwih apik, prasaja lan bakoh.Yen tenongan saka pring gampang mleyot,” ujare Mahmudi nalika ditemoni Solopos.com ing Tunggulsari, sawetara wektu kapungkur.

Dene tenongkan kang wujude bunder kuwi ngandhut piwulang kautaman.

“Tegese bunderan iku, kayadene uripe awake dhewe sing tansah guyub rukun, bebarengan. Nyawiji karo alam, marang tangga teparo, lan marang sepadhane. Dadine kabeh padha rumaket anggone sesambungan,” pratelane sesepuh Desa Sukabumi, K.H. Maskuri.

Advertisement

Nalika semana, masarakat Sukabumi, Cepogo, Boyolali, isih nganut kapercayan animisme lan dinamisme. Syeh Ibrahim banjur amor karo masarakat kanthi nggunakake jeneng Mbah Bonggol Jati.

“Masarakat jaman semana wus seneng kumpul bareng. Banjur Mbah Bonggol Jati dakwah kanthi sarana sadranan kuwi. Ana pengajiane, ana dzikire, tahlil, lan sedekah,” ujare Maskuri.

Ing Desa Kaliwungu, Kabupaten Semarang, uga ginelar adicara tradhisi nyadran ing pasareyan Sidorejo Dusun Kalikendang. Tradhisi iku wus dilakoni warga kawit jaman mbiyen lan isih dileluri nganti saiki.

Advertisement

Tradhisi nyadran ing Kaliwungu, para wargane padha nggawa tumpeng, ingkung, lan sakubarampene. Uga ana sing nggawa panganan kayata woh, roti, gorengan, supaya bisa didumke marang masarakat sing melu sadranan.

“Tradhisi iki dipengeti saben setaun pisan ing wulan Ruwah. Tujuwane minangka silaturahmimne warga lan umbul donga njalukake pangapura marang para leluhur kang wus ora ana,” kandhane Kepala Dusun Kalikendang, Suparno, Minggu (20/3/2021).

Nyadran uga dadi sarana resik-resik pasareyan amarga ing dina umume warga arang-arang nyekar ing pasareyan. Salah sijining warga, Supomo, mratelakake nyadran iku uga bisa dadi pangeling-eling manawa kabeh titah kuwi sukmben bakale mati.

Advertisement

“Kita dadi manungsa aja lali saka asale yaiku lemah. Mula kita padha kudu nyiapake amal apa kanggo sangu bali menyang asale awake dhewe.”

Adicara nyadran iku diwiwiti kanthi resik-resik sakjroning pasareyan lan sakiwa tengene. Uga diterusake nyekar ing kuburane leluhure dhewe-dhewe. Sabanjure maca donga sing dipimpin dening sesepuh dhaerah kono. Pungkasaning adicara yaiku kembul bujana bebarengan sing bisa nambah gayenge swasana.

Advertisement
Kata Kunci : Sadranan TRADISI NYADRAN
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif