SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Drs Sukimin, Sutresna Budaya Jawa

 

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Serat Kalatidha anggitanipun ingkang minulya suwargi Raden Ngabehi Ronggowarsita, pujangga ing Surakarta katingal kathah ingkang migatosaken tandhanipun kerep dados parembagan, menggah pengrembaganipun warni-warni miturut panglarasipun piyambak-piyambak, wonten ingkang mastani panurkarta saking kacuwaning panggalih, saweneh namung anggambarraken kawontenaning jaman kemawon utawi panjangka kawontenan ingkang badhe kalampahan sapengkeripun ingkang minulya, mijil saking kawaspadan lan sapiturutipun.

Miturut namaning serat: Kalatidha punika anggadahi teges: kala punika wanci, mangsa, jaman lan wonten tegesipun sanes malih, nanging mathukipun dipuntegesi wanci punika wau. Tidha punika tegesipun kirang, apes, peteng, wonten tetembungan tidha-tidha, ingkang anggadhahi suraos semang-semang, mamang, antaranipun inggih lan mboten. Dados miturut pitembungan Kalatidha punika anggadhahi teges wanci, mangsa, jaman apes utawi jaman kepetengan, jaman semang-semang. Inggih punika gagambaran kawontenanipun jaman kali, utawi kaliyuga, miturut Serat Mahabarata, ing jaman kali, watak pambeganing manungsa kathah ingkang nasar, mboten ngakenni wontening Pangeran, kawontenaning kasaenan, kautaman kantun saprosakawan, hyang nayarana, gesang kang agung, ingkang Mahakawasa, sipat pasemonipun awarni semeng, peteng. Awit saking punika, menawi miturut Serat Mahabarata bab watak-wataking jaman Serat Kalatidha anggitanipun ingkang minulya Pujangga Raden Ngabehi Ronggowarsita wau naming anggambaraken kawontenan watak wantuning jaman kali utawi Kalatidha, jaman kapetengan seman-semang dateng kasaenan, kautaman punika napa inggih nyata saestu bilih kasaenan, kautaman, kaluhuran dados gagayuhaning gesang sajati, awit sampun katileb watak kawontenanipun tigang jaman: satya, beta, tirta, sarta dwaparayuga, takeraning kasaenan, kautaman sampun lukak tumindak tigang prosakawan kantun saprosakawan mila sampun kathah tidha-tidhanipun dhateng antebing tekad ambabar kajaten kasampurnaning gesang, tumindak rahayu. Namung para minulya ingkang kasinungan kawaskithan, kawaspadan ingkang tetep kasantosanipun mantep atindak ambabar kasaenan lan kautaman kajaten kasampurnaning gesang.

Samangke nglaras ukaranipun serat Kalatidha makaten:

Mangkya darajading praja, kawuryan wus sonya ruri, mangkya punika ing selebeting kaliyuga, saderengipun tuwin nalika panganggitipun Serat Kalatidha, salajengipun ngantos dumugi wekasane jaman kali wau. Derajad kaluhuraning praja, babaring watak pambegan luhur utawi sae. Kawuryan wus sonyawuri, sampun katingal sepen mboten patos cetha, wawatoning praja, wawatone jagad ingkang kathah namung kepara oleh, angsal kauntungan mboten karana Allah, kurban, weweh kautaman kasaenan kathah ingkang namun wonten tetembungan, batos dalah tumindakkipun kathah ingkang adhadhasar namung ngangkah sasekecanipun piyambak, mila lajeng nuwuhaken pepisahan, cecengkahan, rerembatan pundi ingkang rosa, tegelan inggih angsal-angsalan kados gesangipun kewan, ingkang rosa menang. Pitembungan makaten wau mboten tumuju dhateng salah satunggal katumrapaken ing jagad ing jaman kali ingkang sami dipun alami punika. Ingkang kathah kawontenaning watak pambegan makaten punika, sanadyan ing praja ageng-ageng pundi kemawon ugi kalebet wewengkoning ukara wau, sumangga karaosaken saestu, punapa mboten inggih makaten sayektosipun? Mila mugi sampun seling surup, awit ingkang mboten makaten inggih tamtu wonten, prayogi ngesthi ngangkah sagedda mboten katut kasentor ombaking jaman kali. Ngangkah sagedda tumindak netepi kamanungsan, kalangkungan, karaosan, kapinteran, kagunan, kawaskithan prelu kangge rumeksa karahayon.

Ruruh pangreh ingukara

Karana tanpa palupi

Tegesipun tindak kathah ingkang risak, awit tilar tuladhan sae, utami, sapiturutipun. Namung wewaton anggeripun sakeca piyambak rumiyin punika wau.

Para-para mengkawi

Kawilettingyas malatkung

Kongas kasudra nira

Para widagda ing basa, para sarjana sujana, sami kataman sedhih, ribet tanpa daya, apes mboten pinaelu piwulangipun pamardining kasaenan, kautaman, kaluhuran dening kathah ing tindak asor.

Tidhem tandhaning dumadi

Pratandhaning gesang sajati, ambabar karahayon sampun mboten nate kocap gumuruhing swara ingkang kathah, namung ngangkah sakecanipun piyambak wau.

Ardayengrat dening karuban rubeda

Ardaning jagad angkara murka, babaring hawa nafsu, sapiturutipun punika dening karoban, kekathahen rubeda, godarencana, inggih punika gumelaring kawontenan warni-warni ngirup pancadriya ngantos korup, namung mligi manah kabetahaning kalahiran, sandang tedha, bingah-bingah, sasawangan, sarta mirengaken ingkang sae-sae, mboten ketang tilar kasaenan, kautaman, anggeripun saged kadumugen nuruti pikajengan hawa nafsunipun kathah ingkah anemah. Makaten panglaras panyuraossing Kalatidha sapada kawitan, kados pundi anggenipun matrapaken lampah netepi wajib jejering gesang kamanungsan rumeksa karahayon, namung kasumanggakaken manawi prelu kalaras malih.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya