SOLOPOS.COM - Espos/Burhan Aris Nugraha

Espos/Burhan Aris nugraha

Pepanthan humor Paroden Basah pancen nyleneh. Pepanthan kang dianggotani Mamank Tse, Angga Radio Rusak, Adi Ben Slamet lan Widi Kocrit iku bisa gawe ger-geran atusan pamirsa kang ngebaki Teater Arena Taman Budaya Surakarta (TBS), Rebo (22/3) wengi.
Kanthi guyonan-guyonane sing ceplas-ceplos lan kerep omongan mak cul iku dadi kakuwatan mirunggane pepanthan iki. Salah sijine nalika Widi Kocrit, kang maragani pitik Cindelaras, nawani pesugihan anyar marang Mamank Tse, kang rikala semana didhapuk dadi Sawunggaling.
“Aku duwe pesugihan anyar, jenenge pitik lehor. Bisa sugih tenan. Nanging pantangane ora entuk mangan enak, ra oleh nganggo klambi apik, karo ra oleh foya-foya,” ujare Widi Kocrit. “Wo hla sugihmu nggo apa. Ra cetha,” semaure Mamank Tse sinambi gedhek-gedhek.
Wengi kuwi, Paroden Boeat Apa Soesah Boeka 24 Djam utawa kang luwih kondhang diarani Paroden Basah, nggelar pentas asesirah Negeri 5 Merana kanggo mengeti 10 taun kelairane. Jejere Mamank sakanca iku kayane banget dienten-enteni dening para Kuyubers (sebutan pandhemen Paroden Basah). Kabukti, kursi kang disedhiyani Teater Arena ora amot kanggo kabeh pamirsane. Sawetara Kuyubers kudu rila lungguh lesehan ing jobin gedhung iku.
“Kapan maneh bisa nonton gojegan ngawur, mligine Paroden Basah,” ujare sawijining Kuyubers, Dendi, 27, kang teka saka Klaten bareng kanca-kancane.
Ora amung Widi Kocrit sakanca kang bisa ngundang guyune warga bebrayan. Sawetara bintang tamu kayata Wawin Lawra, Pecas Ndahe, Ben Jovi lan Uratsarap melu ngocok wetenge pamirsa kanthi gojegan kang ora kalah slengekane.

Promosi Gonta Ganti Pelatih Timnas Bukan Solusi, PSSI!

Espos/Burhan Aris Nugraha

“Bapak kamu tukang kebun ya?,” takone Wawin marang Ben Jovi. “Kok tahu,” Ben Jovi semaur. “Gigimu kayak pacul sih,” ujare Wawin kang ngundang guyune pamirsa.
Pagelaran kang nyritakake lakune Sawunggaling nggoleki bapake iku uga diregengake kanthi swara mas panembang asal Kutha Bengawan, Sruti Respati. Ing sawetara jejer, sindhen Solo iki uga umelu ndhagel bareng dhagelan liyane.
Miturut Mamank Tse, laire Paroden Basah 10 taun kapungkur diwiwiti saka ngobrol-ngobrol para pegiat Teater Peron Universitas Sebelas Maret. “Sawuse bongkar pasang personel, saiki kari bocah papat sing isih gelem nglakokake pepanthan iki,” ujare.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya