SOLOPOS.COM - (HARIAN JOGJA/GIGIH M. HANAFI)

(HARIAN JOGJA/GIGIH M. HANAFI)

Tradhisi Nguras Enceh nembe wae diadani ing Pasareyan Mataram, Puralaya Imogiri, dina Jemuah Kliwon (23/12) kepungkur.Tradhisi iki mono uga mujudake pengetan lan uga upacara kanggo mengeti lan ndongakake para leluwur Mataram kang sumare ing Pasareyan Puralaya Imogiri.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Upacara Nguras Enceh mono sejatine tradhisi kanggo ngganti banyu kang ana ing kong utawa padasan kang ana ing Pasareyan Imogiri, yaiku kang aran Kiai Danumaya,  Nyai Danumurti, Kiai Mendung dan Kiai Siyem. Miturut sujarah, kong cacah papat iku mujudake tilarane Kangjeng Sultan Agung nalika nyebarake agama Islam.

Ing saben taun, tradhisi iki tansah disengkuyung dening maewu-ewu warga saka tlatah Ngayogyakarta lan saka tlatah liya. Warga kang padha nyengkuyung percaya menawa banyu kurasan kong nduweni khasiat bisa nambani sabarang penyakit. Mula saben taun, warga kang teka kaya-kaya ora nate suda.

Miturut salah sawijine abdi dalem saka Karaton Ngayogyakarta kang aran Ki Reksa, tradhisi Nguras Kong Enceh wus dileksanakake wiwit jaman mbiyen. “Tradhisi iki wus dileksanakake turun temurun, wiwit jamane Kangjeng Sultan Agung, lan tansah diadani ing dina Jemuah Kliwon Sasi Sura,” ngono ngendikane Rekso.

Upacara Nguras Kong Enceh diwiwiti udakara tabuh 09.00 WIB. Sakdurunge, para abdi dalem ngadani umbul donga, maos Alquran lan tahlil. Sakbubare umbul donga, nembe diadani nguras enceh.

Banyu kang kanggo ngisi kong, sumbere saka banyu zam- zam saka Mekkah lan uga banyu saka Gunung Bengkung, gunung petilasane kangjeng Sultan Agung. Siwur kang kanggo ngisi kong uga siwur asli tilarane Sultan Agung.

Miturut abdi dalem liyane, Jogo Perwito, sakliyane ing tradhisi Nguras Enceh, warga ora ana sing wani njupuk toya saka enceh kang ana ing Pajimatan. Warga luwih percaya menawa banyu saka enceh luwih apik nalika diadani upacara nguras enceh.

Warga kang melu rebutan uga percaya menawa banyu kurasan enceh iku bener-bener nduweni khasiat kang apik. “Percaya ora percaya, nyatane penyakit rematikku bisa mari sakwuse setahun kepungkur aku oleh banyu saka kene. Mula sakiki aku kepingin golek banyu enceh maneh,” ngono ujare Syaiful, warga saka Desa Jatimulyo, Dlingo, Bantul, kang melu nyengkuyung anane tradhisi iku.(Juru Warta Harian Jogja/Dinda Leo Listy lan Yudhi Kusdiyanto)

HARJO CETAK

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya