Jagad-jawa
Kamis, 12 Januari 2012 - 13:39 WIB

Nggemeni Udan

Redaksi Solopos.com  /  R. Bambang Aris Sasangka  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/dok)

Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/dok)

Masarakat saiki kerep digawe bingung marang ruwete mangsa sing tan kena dikira-kira. Hawa panas semlenget nganti suwe, pirang-pirang sasi, kepara meh setahun lawase tanpa ana udan. Upamane udan, amung sedhela utawa riwis-riwis banjur mandheg greg, bali panas maneh.
Advertisement

Ngrasuk pawitan taun 2012 iki, mangsane sansaya ndrawasi. Genti udan nggrejeh meh saben dinane. Upamane esuk panas, let sedhela bakal disusul udan deres kang makaping-kaping derese tinimbang sadurunge. Anane udan deres kang sregep nggrejeh tanpa leren iku wusanane nuwuhake rasa was sumelang marang warga bebrayan Solo lan sakiwa-tengene, mligine kang mapan ing gisiking Kali Bengawan Solo utawa dhaerah-dhaerah kanthi sistem drainase kang kurang apik.

Amung siji sing dikuwatirake, yaiku banjir. Angger udan deres lan suwe, mesthi ana dhaerah sing kebanjiran. Dene warga sing urip ing nggunung uga ora kalah kuwatire. Lemah jugrug tetep dadi inciman warga kang kudu diwaspadani saben dinane. Sabanjure, nalika ana bencana utawa kedadeyan banjir utawa lemah jugrug temenan, sing disalahake yaiku udane sing ora tau leren. Kabeh iku dianggep kaluputane mangsa sing kurang apik.

Ngonceki kahanan iki, sejarawan mudha saka Sukoharjo, Heri Piyatmoko, nandhesake sejatine ana tradhisi sing ilang jroning masarakat Jawa. Saengga, udan wae nganti didadekake sasaran kaluputan. Manawa masarakat Jawa sing urip ing jaman modheren iki gelem ngonceki lan nyinau tradhisi leluhure, mesthi bakal bisa nyrateni udan sarta nggemeni udan. Kanthi cara mangkono, cilik kalodhangane udan nganti bisa dadi bencana.

Advertisement

“Jaman mbiyen, nalika udane nggrejeh, wong tuwa metu karo nyebar uyah. Pangajabe supaya udane enggal terang. Iki salah sijine tradhisi sing wus ilang. Jaman ndhisik ya ana wong tuwa sing masang wadhah, kayata gentong, ember, utawa wadhah banyu liyane ing emper utawa latar omahe nalika udan. Wadhah-wadhah iku kanggo nampu banyu udan. Manawa wus terang, banyu udan iku banjur dimupangatke kanggo siram-siram utawa liyane,” piterange Heri.

Miturut Heri kang uga mahasiswa S2 UGM iku, sejatine maneka tradhisi utawa laku kang ditindakake wong tuwa jaman mbiyen nalika udan dadi gegambaran sikepe wong Jawa marang udan. Udan iku dudu sawijining barang utawa kahanan kang kudu diwedeni. Wong Jawa wani ngadhepi lan wani nampa kahanan kaya mangkono iku, upamane udan gedhe. Nanging sajrone rasa wani ngadhepi iku, tetep ngumbulake donga utawa nyenyuwun marang Sing Gawe Udan. “Panyuwunane ya supaya udan kang tumiba iku dadi berkahing manungsa, lan ora ndadekake bencana tumrap bebrayan agung,” tandhese.

Nalika udan nggrejeh sasuwene iki, akeh banget ginambar kahanan kang ndrawasi. Upamane ing Kutha Solo. Ana wit-witan sing ambruk, baliho ambruk, utawa banjir ing kampung-kampung kang ana ing gisiking kali lan liya-liyane.

Advertisement

JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Advertisement
Kata Kunci : Jawa Masyarakat Tradisi Udan
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif