SOLOPOS.COM - Bambang Harjanto (JIBI/SOLOPOS/Ist)

Wonten ing wulan Siyam, wonten salah satunggalipun malem ingkang winastan Lailatul qadar. Bebrayan Jawi nyebat Malem Selikuran. Tiyang sami gumregah lan gumregut ngupadi tumurunipun Lailatul qadar. Amargi menawi saged pinanggih Lailatul qadar, saestu badhe pikantuk kanugrahan ingkang kasaenanipun sami kaliyan sewu wulan.

Bambang Harjanto (JIBI/SOLOPOS/Ist)

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Kados pangandikanipun Gusti Allah kasebat wonten Alquran Serat Al Qadr (1-5) ingkang suraosipun, Temen, Ingsun wus nurunake Alquran ana ing wengi Laitul qadar. Lan apa kang sinebut Lailatul qadar? Laitul qadar iku wengi kang minulya lan luwih becik tinimbang sewu sasi. Kabeh malaikat lan malaikat Jibril padha tumurun ing bumi kalawan idin Allah angampil wahyu parentahipun. Kawilujengan tekan pletheking pajar.
Ekspedisi Mudik 2024

Gegandhengan semanten ageng kautamanipun pramila tiyang sami daya-daya anggayuh Lailatul qadar. Miturut dhawuhipun Rasullullah bilih Lailatul qadar mboten saged dipunpesthekaken mbenjing punapa tumurunipun, nanging Panjenenganipun paring pitedah bilih wahyu badhe dhawah ing malem-malem ganjil salebetipun sedasa dinten pungkasanipun wulan Siyam, punapa malem 21, malem 29 kasumanggakaken. Ing pangajab supados tiyang tansah gentur lan saestu ngibadahipun wonten pungkasanipun wulan Siyam.

Ing tanah Jawi, kagem mangayubagya tumurunipun Lailatul qodar dipunwontenaken tradhisi Malem Selikuran. Sujarah tradhisi kaislaman punika katindakaken nalika Sultan Agung jumeneng nata ing Karaton Mataram (1613-1645). Sultan Agung ngawontenaken Malem Selikuran kagem nggiyaraken agami Islam, nuladha para Wali anggenipun nggiyaraken agami Islam kanthi kabesut budaya. Dumugi sapunika, tradhisi-tradhisi luhur taksih dipunlestantunaken Karaton Surakarta minangka Trah Mataram. Wondene nglestantunaken Malem Selikuran kanthi hanggelar kirab budaya Hajad Dalem Selikuran Tumpeng Sewu. Ingkang dipunkirab lampu ting cacah sewu minangka pralambang cahya sewu wulan, ugi nggambaraken nur/cahya bilih sasampunipun Nabi Muhammad nampi wahyu kahanan ngalam ndonya padhang jingglang awit tumurunipun Al Quran.

Babagan wigatosipun Lailatul qadar, Serat Wulengreh yasan dalem Paku Buwono IV wonten ing pupuh Dandanggula nyebateken , Jroning Kuran nggoning rasa nyekti, Nanging ta pilih ingkang uninga, kajaba lawan tuduhe, Nora kena den awur, Ing satemah nora pinanggih, Mundhak katalanjukan, Temah sasar susur, Yen sira ajun waskita, sampurnane ing badanira, Sira angguguruwa”.

Keplasipun bilih Alquran dados raos sejati, nanging mboten saben tiyang saged mengertosi, kajawi tiyang ingkang temen, gentur ngibadah lan manut dumateng Gusti Allah. Tiyang ingkang mboten purun ngibadah tundhanipun mboten saged pikantuk cahya sewu wulan salajengipun badhe nemahi sasar susur. Menawi eling lan waspada tansah pados ngilmu, manungsa badhe pikantuk kasampurnan wonten panggesanganipun.

Tembang punika nyebataken PB IV anggenipun paring wejangan wigatosipun Alquran saha wontenipun cahya sewu wulan ingkang tumurun ing malem Lailatul qadar. Serat Wulangreh ngetingalaken ageng lan agungipun Alquran. Eman sanget menawi tiyang mboten kersa mangertosi Alquran minangka dados pandam pandoming manungsa.

Bambang Harjanto, Pegawe Humas & Protokoler Pamarentah Kutha Sala

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya